Dina

Dina (ngoko) utawi dinten (krama) punika unit wekdal.

     

Dangunipun inggih 24 jam utawi 1.440 menit utawi 86.400 dhetik.

Ing Jawi, wonten manéka warna dinten. Manawi ningali ing prasasti jaman kina, wonten tigang (3) jinisipun dinten.

Saptawara

Saptawara punika kados dinten kang limrah dipunangge sapunika, inggih punika wonten pitung (7-sapta) dinten:

Pancawara

Pancawara punika ugi asring dipunwastani pasaran utawi peken kanthi pétungan gangsal (5) dinten. Ing salebeting sistem pananggalan Jawi lan Bali, wonten kalih jinis siklus wekdal: siklus minggon lan siklus pasaran. Ing salebeting siklus minggon, satunggal minggu dipunpérang dados pitung dinten, kados déné ingkang dipuntepangi sadinten-dinten inggih punika dinten Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah, Setu, lan Ngaat utawi Minggu. Ing salebeting siklus pasaran, satunggal pasar utawi peken dumados saking gangsal dinten pasaran inggih punika: Pahing, Pon, Wagé, Kliwon, Legi1/umanis2.

Miturut kalèndher Jawi, saben dinten lan tanggal ing sistem kalèndher Masèhi tansah gadhah kalih warni nama dinten. Tuladhanipun: tanggal 1 Januari 2001 punika dinten Senèn-Pahing, salajengipun tanggal 2 Januari 2001 dinten Selasa-Pon, lanjeng dipunterasaken dinten Rebo-Wagé, dipunsusul dinten Kemis-Kliwon, Jemuwah-Legi, Setu-Pahing, Ngaat-Pon, Senèn-Wagé, Selasa-Kliwon, lan salajengipun. Kombinasi kalih jinis dinten punika ngantos sapriki taksih dipunanggé ing panerbitan tanggalan utawi layang kabar abasa Jawi, kados Koran Kedaulatan Rakyat ingkang kababar ing kitha Yogyakarta.

Sadwara

Sadwara punika nganggé pétungan enem dinten. Para ahli arkéologi nduga bilih sadwara punika asli saking Jawi. Sapunika, pétangan punika boten dianggé malih ing Jawi. Ing Bali, pétungan dinten punika taksih dipunanggé.

  • Aryang/Haryang
  • Wurukung/Urukung
  • Paniron
  • Was/Uwas
  • Mawulu/Maulu
  • Tungle

Ugi pirsani

Pranala njawi

Dina 
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Tags:

Dina SaptawaraDina PancawaraDina SadwaraDina Ugi pirsaniDina Pranala njawiDinaJamMenitWektu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Gunung PapandayanGunung RinjaniUla marani gebugWayangKarbonPrastawaSquidward TentaclesCut Nyak DhienIwak pitikKlenthing wadhah masinLiputan 6 PetangSri Mulyani IndrawatiTembung YogyaswaraKuyangIvar Jenner16 MaretAlexander IsakHarris County, Texas134Akri PatrioGajah gajahGathotkacaMugwortAlang-alangRoberto FirminoWadhukRotasiBioloidHasyim Asy'arieSurat Al MuddatstsirMasjid Agung DemakKleponIwan FalsAngkatan Pertahanan IsraelGiri Lusi Janma Tan Kena KiniraAgus MustofaBaksoDesainYusril Ihza MahendraTransistorAngkah, Selemadeg Kulon, TabananbudaNoe LettoBomanarakasuraPamrentahan Lurung GazaKabupatèn SampangIowaHypertext markup languageMacan (shio)SrabiRafael StruickArjunaKelas (biologi)Elvis PresleyYésus KristusManuel RoxasTsumugi AkariCitra KiranaPanambangSandi morseHeather StormMario BalotelliWirangrongKatèsSurat Al QadrSailor MoonKabupatèn KarimunArgonGrahana srengéngéBagongKabupatèn JayawijayaAksara BaliPagawéan🡆 More