Surat Al Qadr: Surat kaping 97 ing Al Qur'an

Surat Al Qadr yaiku surat kaping 97 sajeroning al-Qur'an kang dumadi saka 5 ayat lan éwoning surat Makkiyah.

al-Qadr
Alkadr.png
Al Qadr.png
Informasi
MaknaKamulyan
Nami sanèsInna Anzalnahu[1]
KlasifikasiMakkiyah
Surat ka97
JuzJuz 30
Statistik
Gunggung ruku'1 ruku'
Gunggung ayat5 ayat

Surat Al Qadr (basa Arab:الْقَدْرِ) yaiku surat kaping 97 sajeroning al-Qur'an kang dumadi saka 5 ayat lan éwoning surat Makkiyah. Surat iki mudhun sawisé surat 'Abasa lan dijenengi Al Qadr (Kamulyan) kang kajupuk saka tembung Al Qadr kang ana ing ayat pisanan surta iki.

Isi

Kuran wiwit mudhun ing wengi Lailatul Qadr, kang padha karo sewu sasi. Sajeroning Islam dijelasake yèn ing wengi iki malaékat Jibril lan liyané mudhun ing donya kanggo ngatur sakabehing urusan. Ing surat al-Qadr diandharake yèn nalika pisanan mudhune al-Qur'an yaiku nalika wengi Lailatul Qadr lan uga diandharake dhuwure derajat wengi iki.

Hubungan Surah Al-Qadr' karo Surat Al-Baiyinah

Surat Al Qadr nerangaké bab wiwitan Kuran diudhunaké, déné Surat Al-Baiyinah nerangaké salah siji sebab Allah mudhunaké Kuran.

Transliterasi

بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ : Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah lan ugi Maha Asih.

  1. innaa anzalnaahu fii laylati alqadri
  2. wamaa adraaka maa laylatu alqadri
  3. laylatu alqadri khayrun min alfi syahrin
  4. tanazzalu almalaa-ikatu waalrruuhu fiihaa bi-idzni rabbihim min kulli amrin
  5. salaamun hiya hattaa mathla'i alfajri

Terjemahan ayat

بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ : Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah lan ugi Maha Asih.

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ97:1]] Sakbeneré Kita wis mudhunaké (Al-Quran) ing wengi kamulyan.

وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ[97.2] Lan apa kowé ngerti apa wengi kamulyan iku?

لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ[97.3] Wengi kamulyan iku luwih becik saka sèwu sasi.

تَنَزَّلُ الْمَلائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ[97.4] Ing wengi iku mudhun malaékat-malaékat lan malaékat Jibril kanthi idin Tuhan kanggo nata kabèh urusan.

سَلامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ[97.5] Wengi iku (kebak) kasajahtran nganti tekan pajar.

Cathetan sikil

  1. Allamah M.H. Thabathaba'i (1987). Mengungkap Rahasia Kuran. Bandung: Mizan


Surat Sadurungė:
Surat Al 'Alaq
Al-Qur'anSurat Sabanjurė:
Surat Al Bayyinah
Surat 97

This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Surat Al Qadr, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.