Luna Maya lair ing Denpasar, Bali tanggal 26 Agustus 1983.
Luna Maya dadi aktris sinétron lan filem layar lebar Indonesia. Dhèwèké ngrintis karir saka modhél iklan lan catwalk.
Luna Maya | |
---|---|
Lair | Denpasar, Bali, Indonesia | Agustus 26, 1983
Bangsa | Indonesia |
Pakaryan | Artis, Model, Penyanyi |
Dhuwur | 172 cm (5 ft 8 in) |
Luna Maya ngrintis kariré saka modhél. Dhèwèké main filem ing taun 2004 dadi peran pendukung ing filem 30 Hari Mencari Cinta. Ing filem iki, Luna dadi Barbara, prawan ayu kang dadi idhem-idhemané saben wong lanang. Iki dadi peran kang sepisanan Luna Maya dadi tokoh antagonis. Sawisé iku Luna Maya main ing filem Brownies ing taun 2005. Ing filem kang dicekel sutradara Hanung Bramantyo iki Luna mung dadi peran pendukung. Peran utama Luna Maya nalika dadi Mina ing Bangsal 13 ing taun 2005. Jeneng Luna Maya sang saya misuwur ing jagad hiburan Indonésia. Saliyané filem iku luna uga main ing filem Cinta Silver lan digosipake duwé gayutan karo Ariel, vokalis grup musik Peterpan. Sawisé Cinta Silver, Luna éntuk penghargaan ing nominasi ing ajang filem nasional kalebu Festival Film Indonésia. Saliyané ing layar lebar Luna uga éksis dadi bintang sinétron lan iklan kaya ta Lux, Zestea, Sarimi, Vitalong C, XL, Bu Krim Detergen, Toshiba, lan liya-liyané. Prestasi-prestasi mau maragaké Luna dipilih dadi salah sijiné kang nggawa obor ing ajang Olimpiade 2008. Ora mung akting, ing donyaning modhél uga dilakoni Luna. Karo Dewi Sandra, lan Sandra Dewi, Luna mèlu nyanyi ing lagu kang dadi téma Euro 2008 kang judhulé Play.
Luna Maya uga nyanyi kanthi kolaborasi karo Dide, vokalis band Hijau Daun. Dhèwèké nyanyi lagu kang judhulé Suara (Ku berharap) nduwékké HIjau Daun.
Tahun | Production House | Film | Peran | Achievements |
---|---|---|---|---|
2004 | Rexinema | 30 Hari Mencari Cinta | Barbara | AMI Awards 2004 kategori Best Original Soundtrack |
2005 | SinemArt | Brownies | Cameo | |
2005 | Rexinema | Bangsal 13 | Mina | |
2005 | Rexinema | Cinta Silver | Sisil | |
2006 | Cinervo Pictures | Ekspedisi Madewa | Cameo | |
2006 | Parama Entertainment | Ruang | Kinasih | Best Film Nominee in Festival Film Indonésia 2006 lan Indonésian Movie Awards 2007 |
2006 | Velvet Films | Jakarta Undercover | Vicky | |
2006 | Tripar Multivision Plus | Pesan Dari Surga | Canting | BNN Awards |
2007 | Investasi Film Indonésia | Coklat Stroberi | Cameo | Best Film Nominee in Indonésian Movie Awards 2008 |
2007 | "LUX" (Unilever) | Maya, Raya, Daya (short movie) | Maya, Raya dan Daya | Special Entry for Pusan Internasional Film 2006 |
2008 | 13 Entertainment | Love | Tere | Movie of the Year Guardians E-Awards 2008 |
2008 | Valiant Circle Productions | In The Name Of Love | Rianti | |
2008 | MD Entertainment | Cinlok | Nayla | |
2009 | MNC Pictures, SinemArt dan BBC | Asmara Dua Diana | Diana Wulandari | |
2009 | Starvision Plus | Janda Kembang | Selasih | Best Original Soundtrack Nominee in AMI Awards 2010 |
2010 | Tripar Multivision Plus | Ratu Kostmopolitan | Gina | |
2010 | LA Lights Indie Movie | Nathalie's Instinct (short movie) | Nathalie |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Luna Maya, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.