Wisanggeni iku anaké Arjuna karo Dèwi Dresanala.
Putri iki salah sijining widadari anugerahing déwa amarga Arjuna bisa ngalahaké Prabu Niwatakawaca, buta kang ngobrak-abrik kahyangan. Nalika iku, Niwatakawaca sedya ndhaup Dèwi Supraba.
Rikala lair, Wisanggeni arep dipatèni simbahé, Bathara Brama. Bathara Guru nganggep lairé Wisanggeni nyalahi kodrat. Nanging Wisanggeni wis dikodratké sekti lan tinitisan Sanghyang Wenang. Seka prakara iki, Wisanggeni uga asring sinebut déwa kang pungkasan.
Satriya setengah déwa setengah manungsa iki dimomong Bathara Baruna (déwa kang nguwasani samodra) lan Hyang Antaboga (raja ula kang urip ing dhasar bumi). Dhèwèké bisa mabur, ambles bumi, lan urip ing laut.
Dhèwèké urip ing Kahyangan Daksinapati bareng ibuné. Sektiné ngluwihi liyané. Wisanggeni raket karo Antaséna. Loro-loroné uga ora mèlu Bharatayuddha. Ing lakon Wisanggeni Racut, dhèwèké muksa bareng karo Antaséna dadi tumbal bèn Pandhawa menang.
Kaya déné Antaséna, Wisanggeni uga ora seneng nganggo basa krama. Béda karo Antaséna kang lugu, Wisanggeni lantip lan ngerti sadurungé winarah.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Wisanggeni, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.