Basa Jawa: Basa Austronésia

Basa Jawa (ꦧꦱꦗꦮ) iku kagolong basa Austronésia, yaiku basa-basa kang dianggo sawarna-warnaning bangsa pribumi ing kapuloan sakidulwetaning bawana Asia.

Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten, nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basané uga kasebar ing Indonésia, saka Sumatra nganti Papua, uga ing Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kalédonia Anyar. Basa Jawa minangka basa resmi ing Daérah Istiméwa Yogyakarta, bareng karo basa Indonésia.

Basa Jawa
ꦧꦱꦗꦮ
Aksara Jawa - basa.svg
Dituturaké ing Jawa (Indonésia)
Gunggung panutur 100 yuta
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
  • Indo-Polinésia
    • Indo-Polinésia Punjer
      • Basa Jawa
Sistem tulisan Aksara Latin
Aksara Jawa
Aksara Arab (Aksara Pégon)
Kodhe basa
ISO 639-1 jv
ISO 639-2 jav
ISO 639-3 variously:
jav – Basa Jawa
jvn – Basa Jawa Karibia
jas – Basa Jawa Kalédonia Anyar
kaw – Kawi
{{{mapalt}}}
Ijo tuwa: papan basa Jawa minangka basa mayoritas. Ijo enom: papan basa Jawa minangka basa minoritas.

Basa Jawa dadi salah sawijining panyumbang kang gedhé dhéwé kanggo panuwuhaning basa Indonésia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamrintahan, basa Jawa nduwé prabawa sing luwih akèh tinimbang basa-basa laladan liyané, kaya ta ing tetembungan, lan istilah-istilah kang kadhangkala nganggo tembung Jawa.

Basa Jawa: Fonologi, Carabasa-carabasa Jawa, Pamérangan unggah-ungguh basa Jawa
Peta iki gambar laladan basa Jawa dianggo ing pasrawungan. Ijo tuwa tegesé basa Jawa basa mayoritas, banjur ijo enom tegesé basa Jawa basa minoritas.

Basa Jawa iku péranganing sub-cabang Sundik saka kulawarga basa Indo-Polinesia Kulon saka pang basa Indo-Polinesia kang gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sadulur cedhak basa Malayu, basa Sundha, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.

Basa Jawa digunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan, lan uga pasisir lor Jawa Kulon, banjur ing Madura, Bali, Lombok, lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon. Basa Jawa uga diterapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing karaton Palembang, Sumatra Kidul, sadurungé karaton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping 18.

Basa Jawa bisa kaanggep salah sawijining basa klasik ing donya. Basa iki nduwé sajarah kasusastran kang wis lawas banget, punjul 12 abad. Para nimpuna basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang urutan:

Basa Jawa bisa ditulis mawa aksara Jawa, (turunaning aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pégon) lan aksara Latin.

Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia kang akèh dhéwé cacahing panutur ibuné. Basa iki dituturaké lan dingertèni déning kurang luwih 80 yuta wong. Kurang luwih 45% kang ndunungi nagara Indonésia tedhak turuning wong Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh présidhèn Indonésia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku ibuné priyayi Jawa). Dadi, ora nggumunaké, basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing pikembanganing basa Indonésia.

Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung carabasa utawa basawangsa (rumpun) utama: cara Jawa Kulon, cara Jawa Tengah, lan cara Jawa Wétan. Ing pulo Jawa, ana kang diarani dialect continuum (sasambunganing carabasa) saka Banten, ing ujung kulon, tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh carabasa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (Ing: mutually intelligible).

Fonologi

Foném basa Jawa modhèren lan baku iku:

Swara (vokal)

Ngarep Tengah Wuri
Katutup i     u
Setengah katutup e ə o
Setengah kabukak (ɛ)   (ɔ)
Kabukak   a  

Pangucapan swara-swara iki rada njlimet. Ciri utama iku yèn ing basa baku Mataraman, /a/ ing wanda mawa posisi kabukak ing posisi pungkasan lan sadurungé pungkasan, diucapaké kaya déné [ɔ].

Wyanjana (konsonan)


Osthya Dantya Murdhanya Talawya Kanthya Wisarga
Sigegan p b̥ t d̥ ʈ ɖ̥ dʒ̊ k g̊ ʔ
Usma   s (ʂ)     h
Ardaswara w l r   j    
Anuswara m n (ɳ) ɲ ŋ  

Pènget: Foném mawa tandha kurung iku alofon.

Carabasa-carabasa Jawa

Basa Jawa iku akèh banget cara pituturané. Ana carabasa parisaba kang dipara miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi:

Ana basa kang mligi kanggo keprelon resmi karaton:

  • Bagongan (dianggo ing kraton Ngayogyakarta adiningrat)
  • Kedhaton (dianggo ing kraton Surakarta adiningrat)

Kajaba iku, ana carabasa kang didhasarké dening tlatahé, lan ora sakabèhé carabasa Jawa dimangarteni déning kabèh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawatara juru basawidya Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Kajaba iku, uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar peta pamérangan carabasa Jawa. Pamérangan para nimpuna iki rada séjé, lan ora sarujuk siji lan sijiné.

Pamérangan Poerwadarminta

Miturut Poerwadarminta ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa, carabasa-carabasa ana:

  1. Carabasa Banten
  2. Carabasa Cirebon
  3. Carabasa Banyumas lan Tegal
  4. Carabasa Bagelèn
  5. Carabasa Ngayogyakarta lan Kedhu
  6. Carabasa Surakarta, Madiyun lan Semarang
  7. Carabasa Muria Agung (Pati, Kudus, Jepara, Rembang)
  8. Carabasa Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)
  9. Carabasa Malang-Pasuruhan
  10. Carabasa Banyuwangi

Pamérangan Uhlenbeck

Carabasa-carabasa iku miturut juru basawidya Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), diklumpukaké dadi 3 (telung) wangsa (rumpun) yaiku:

Klumpukan ing nduwur iku lumrahé ingaran basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.

Kelompok ing nduwur kaé lumrahé ingaran basa Jawa baku.

Kelompok ing ndhuwur iku lumrahé diarani basa Jawa wétanan.

Pamérangan Wurm lan Hattori

Basa Jawa: Fonologi, Carabasa-carabasa Jawa, Pamérangan unggah-ungguh basa Jawa
Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)

Wurm lan Hattori (1983:39) mérang carabasa-carabasa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 pérangan:

  1. Carabasa Banten
  2. Carabasa Lor-Kulonan
  3. Carabasa Manuk
  4. Carabasa Cerbon
  5. Carabasa Kulonan-Tengah
  6. Carabasa Wétanan
  7. Carabasa "Laladan Jawa ing Banyuwangi"

Pamérangan unggah-ungguh basa Jawa

Basa Jawa iku bisa dipérang miturut unggah-ungguhé utawa uga diarani register. Manut undha usuk utawa unggah-ungguhé iku dadi

  • Basa Ngoko
  • Basa Madya
  • Basa Krama

Banjur uga ana sawatara tetembungan krama inggil lan krama andhap kang bisa dienggo ing saben register.

Gunané krama lan kanggoné krama

Basa Ngoko

  1. Dienggo wong tuwa marang anaké
  2. Dienggo guru marang murid.
  3. Dienggo déning sepadha-padha kang wis kulina
  4. Dienggo ndhuwuran marang andhahan

Tuladha: Kowé gelem mangan sega lodèh mas?

Basa Ngoko Alus

  1. Dienggo déning wong-wong sapadha-padha kang wis kulina nanging isih ngajèni.
  2. Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajadé luwih dhuwur.

Tuladha: Sampeyan purun nedha sekul lodèh Mas?

Basa Krama

  1. Dienggo déning wong kang durung raket banget.
  2. Dienggo déning wong kang durung tuang.

Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sega lodèh mas?

Basa Krama Inggil

  1. Dienggo déning wong enom marang wong tuwa.
  2. Dienggo déning murid marang guru.
  3. Dienggo déning ngisoran marang dhuwuran.

Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sekul lodhèh Mas?

Dhémografi pisebaring panutur basa Jawa

Basa Jawa dicaturaké ing saindhenging Indonésia, nagara-nagara tangga Asia Kidul-wétan, Walanda, Suriname, Kaledonia Anyar, lan nagara-nagara liyané. Populasi panutur gedhé dhéwé tinemu ing enem provinsi Jawa dhéwé, lan ing provinsi tangga Sumatra saka Lampung.

Sawijining tabèl kang nuduhaké gunggung panutur asli ing taun 1980, saka 22 provinsi ing Indonésia (saka total 27 ing wektu iku) kang nuturaké basa Jawa punjul 1%, yaiku:

Provinsi ing Indonésia persèntase pedunung provinsi Panutur basa Jawa (1980)
1. Provinsi Acèh 16.7% 275,000
2. Sumatra Lor 43.0% 5,757,000
3. Sumatra Kulon 38.5% 2.595,000
4. Jambi 29.7% 873,000
5. Sumatra Kidul 27.5% 982,000
6. Bengkulu 35.4% 818,00
7. Lampung 82.6% 8,486,000
8. Riau 28.5% 384,000
9. Jakarta 43.9% 2,694,000
10. Jawa Kulon 28.7% 3,658,000
11. Jawa Tengah 99.0% 36,579,000
12. Yogyakarta 99.6% 5,683,000
13. Jawa Wétan 86.8% 32,726,000
14. Bali 13.1% 108,000
15. Kalimantan Kulon 25.7% 621,000
16. Kalimantan Tengah 10.6% 145,000
17. Kalimantan Kidul 24.7% 297,000
18. Kalimantan Wétan 34.1% 128,000
19. Sulawesi Lor 1.0% 20,000
20. Sulawesi Tengah 2.9% 37,000
21. Sulawesi Kidul-wétan 10.6% 84,000
22. Maluku 31.3% 419,000

Cathetan suku lan réferènsi

Deleng uga

Sumber

  • W.J.S. Poerwadarminta. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff
  • E.M. Uhlenbeck. 1964. A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura. The Hague: Martinus Nijhoff,
  • S.A. Wurm and Shiro Hattori, eds. 1983. Language Atlas of the Pacific Area, Part II (Insular South-east Asia). Canberra.

Pranala njaba

Wikibooks ndarbèni artikel ngenani

This article uses material from the Wiki Basa Jawa article Basa Jawa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.

Tags:

Fonologi Basa Jawa

Carabasa-carabasa Jawa Basa Jawa

Pamérangan unggah-ungguh basa Jawa Basa Jawa

Banten

Banyuwangi

Basa Austronésia

Basa Indonésia

Curaçao

Hong Kong

Kalédonia Anyar

Kulon

Malaysia

Papua

Pribumi

Pulo Jawa

Singapura

Sumatra

Suriname

Taiwan

Timor Wétan

Walanda

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Bal-balanJinVictor Marie Comte HugoMrica SichuanK2Bologna F.C. 1909Olahan SlowakArané pérangan awakRegaDam / BendunganItali ing OlimpiadeNASAPanamaPSS SlémanBarack ObamaKèju KanadaUpacara tingkebanSurat Al KaafiruunSistem operasi komputerC++Wayang potèhiPetualangan sherinaBWayangSurat Adh DhuhaKartiniDSurat Al BaqarahASuhuSurat Al QadrGBadan Intèlijen NegaraBlangkonPariwaraFMohammad HattaEJann MardenboroughAlbus DumbledoreSurat Al 'AlaqCPrastawa BudayaGunung LawuHUNESCOGamelanRukun IslamSyeikh Ahmad Al-MisryCut Nyak DhienAnoman DutaRamaGrojogan Rara KuningDuryodanaLeléwaning basaDerby Romero892KarnaTaunWayang kulit1SaturnusTedhak sitènKerisAnak Jalanan (sinetron)WikiSepatu Dahlan🡆 More