BBC iku cekakan saka The British Broadcasting Corporation, yaiku stasiun radio lan télévisi pamaréntah Karajan Manunggal.
BBC uga nyedyaké giyaran warta ing internèt. BBC diyasa ing taun 18 Oktober 1922 lan didadèkaké perusahaan pamaréntah ing taun 1927. BBC iku stasiun radio lan télévisi sing gedhé dhéwé sadonya.
Layanan télévisi BBC ing Karajan Manunggal antarané wujud BBC One, BBC Two, BBC Three, BBC Four, saluran warta BBC News 24, lan loro saluran kanggo bocah cilik, CBBC sarta CBeebies. BBC One lan Two bisa ditampa kanthi transmisi analog déné sisané digital. BBC uga nglola sawijining stasiun kang mligi kanggo pulitik, yaiku BBC Parliament, kang nyuguhaké warta Parlemèn Karajan Manunggal, Parlemèn Sekotlan, Parlemèn Éropa sarta Senat Amérika Sarékat.
Operasi BBC dilakokaké déning BBC Worldwide kalebu saluran télévisi internasionalé kaya ta BBC World, BBC Prime, BBC America, BBC Canada lan BBC Japan.
Wiki Commons duwé médhia ngenani BBC. |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article BBC, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.