Microsoft Windows utawa kondhang kanthi sebutan Windows iku kulawarga sistem operasi.
sing dikembangaké déning Microsoft, migunakaké antarmuka naraguna grafis.
Wiki Basa Jawa | |
Parusahan / developer | Microsoft Corporation |
---|---|
Kulawarga OS | MS-DOS/9x-based, Windows CE, Windows NT |
Modhèl sumber | Sumber katutup / Shared source |
License | MS-EULA |
Situs wèb | www.microsoft.com/windows |
Sistem operasi Windows wis tuwuh wiwit saka MS-DOS, siji sistem operasi sing mawa basis modus tèks lan command-line. Windows vèrsi pisanan, Windows Graphic Environment 1.0 sepisanan kawanuhaké ing tanggal 10 November 1983, nanging nenbé metu ing pasar sasi November taun 1985, kanggo ngebaki kabutuhan komputer kanthi tampilan mawa gambar. Windows 1.0 minangka perangkat alus 16-bit tambahan (dudu minangka sistem operasi) sing lumaku ing MS-DOS (lan sawatara varian saka MS-DOS), saéngga ora bakal bisa lumaku tanpa anané sistem operasi DOS. Vèrsi 2.x, vèrsi 3.x uga padha. Sawetara vèrsi pungkasan saka Windows (diwiwiti saka vèrsi 4.0 lan Windows NT 3.1) minangka sistem operasi manhdiri sing ora gumantung manèh marang sistem operasi MS-DOS. Microsoft Windows banjur bisa ngembang lan bisa nguasani panggunaan sistem operasi nganti ngancik 90%.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Microsoft Windows, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.