Lombok iku pulo ing Provinsi Nusa Tenggara Wétan, Indonésia.
Pulo iki minangka péranganing rerangkèn Kapuloan Nusa Tenggara kang kaapit Selat Lombok ing kuloné lan Selat Alas ing wétané. Pulo iki awangun rada bunder lan duwé "buntut" (ingaran Ujung Sekotong) ing lor-kuloné kang dawané 70 kilomèter lan jembaré watara 4.514 kilomèter pasagi. Kutha krajan provinsiné uga kutha gedhé dhéwé ing pulo iki yaiku Kutha Mataram. Pulo iki gedhé lan padheté èmper-èmperan karo Pulo Bali minangka pulo tanggan ing kuloné, uga irib-iriban ing babagan warisan budaya. Pulo tanggan ing wétané iku Pulo Sumbawa kang arang-arang wargané. Pulo Lombok kinubengan akèh pulo cilik utawa gili kang kaloka.
Geography | ||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Location | Asiah Kidul-wétan | |||||||||
Coordinates | 8°33′54″S 116°21′04″E / 8.565°S 116.351°E 116°21′04″E / 8.565°S 116.351°E | |||||||||
Archipelago | Kapuloan Nusa Tenggara | |||||||||
Area | 4.514,11 km2 (174.290,8 sq mi) | |||||||||
Highest elevation | 3,726 m (12,224 ft) | |||||||||
Administration | ||||||||||
Indonésia | ||||||||||
Demographics | ||||||||||
Population | 3.311.044 | |||||||||
Pop. density | 733,5 /km2 (18.998 /sq mi) |
Ana 3,17 yuta warga Indonésia kang kacathet ing sènsus 2010 kang dumunung ing Pulo Lombok; Angkané per Januari 2014 kira-kira ngancik 3.311.044 jiwa.
Pulo Lombok iku rèhrèhaning Gubernur Provinsi Nusa Tenggara Kulon (cara Indonésia: Nusa Tenggara Barat dicekak NTB) kang ditata saka kutha krajan provinsiné, yaiku Kutha Mataram ing Lombok Kulon. Pulo iki administrasiné kapérang dadi kabupatèn cacah papat lan kutha cacah siji. Kabupatèn-kabupatèn lan kuthané yaiku kaya kang kapacak ing ngisor iki. Angka-angkané dhedhasar sènsus 2010 lan pangira-ira resmi déning pamaréntah enggonan kana.
Jeneng | Jembar (km2) | Cacah jiwa 2005 (kira-kira) | Cacah jiwa 2010 (sènsus) | Cacah jiwa 2014 (kira-kira) | Kutha krajan |
---|---|---|---|---|---|
Kabupatèn Lombok Lor | 776,25 | 757.369 | 199.904 | 209.060 | Tanjung |
Kabupatèn Lombok Kulon | 862,62 | 599.609 | 626.941 | Gerung | |
Kabupatèn Lombok Tengah | 1.208,39 | 810.645 | 859.309 | 898.855 | Praya |
Kabupatèn Lombok Wétan | 1.605,55 | 1.039.195 | 1.105.671 | 1.155.247 | Selong |
Kutha Mataram | 61,30 | 342.896 | 402.296 | 420.941 | Mataram |
Gunggung | 4.514,11 | 2.950.105 | 3.166.789 | 3.311.044 |
Sing manggon ing Pulo Lombok iku 85%-né minangka wong Sasak, kang asal-usulé diprakirakaké saka Pulo Jawa nalika miléniyum pisanan SM. Liyané kaya ta wong Bali kang cacahé ngancik 10–15% wong kang manggon ing pulo iki, uga ana bebrayan-bebrayan cilik kaya ta wong Tiyonghwa, Jawa, Sumbawa, lan Arab.
Wong Sasak ing babagan budaya lan basa gegayutan raket karo wong Bali, nanging yèn wong Bali agamané Hindhu, pérangan gedhé wong Sasak mono Muslim. Mula, ing Pulo Lombok akèh yasan masjid déné kagiyatan sarta dina préiné wargané uga gegayutan karo tradhisi Islam.
Ing taun 2008, Pulo Lombok dienggoni kulawarga cacah 866.838 lan reratané ana wong 3,635 ing saben kulawarga.
Sènsus 2010 nyathet manawa warga NTB cacahé ana wong 4.496.855, kang 70,42%-né utawa wong 3.166.789 manggon ing Pulo Lombok.
Wiki Commons duwé médhia ngenani Lombok. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Lombok. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Lombok, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.