Filologi iku siji kawruh ngenani sastra-sastra sajeroning pangertèn amba kang uga ngandhut wengkon basa, sastra lan budaya.
Filologi iku nyinaoni tèks utawa sastra mawa kombinasi ngèlmu sastra, sajarah lan linguistik. Ing Tanah Jawa utawa ing Indonésia kanthi umum, objèk panalitèn filologi iku naskah-naskah kuna kang diturunaké ing dluwang utawa rontal. Dadi filologi diréwangi ngèlmu kodikologi lan paléografi. Kodikologi iku ngèlmu prakara buku-buku lan paléografi iku ngèlmu prakara sajarah aksara. Anggenipun panaliten filologi utawi panaliten wonten ing naskah-naskah kuna, kedah nggatosaken tata caraning panaliten amargi objek filologi utawi naskah punika kalebet benda bersejarah ingkang kedah dipunjaga kawontenanipun.
Tembung filologi yaiku dijupuk saka basa Yunani φιλολογία (philologia), kang kabangun saka tembung φίλος (philos), tegesé "asih, sayang, katresnan, kanca" lan λόγος (logos), kang tegesé "tembung, sabda, artikulasi lan akal". Tembung majemuk iki karepé katresnan marang kawruh, sastra utawa ngèlmu argumèntasi.
Filologi muncul ing banawa Éropah ing jaman Renaisans. Kala iku wong dadi sadhar manawa tèks-tèks lawa kang diwarisaké iku akèh kang rusak. Mliginé tèks-tèks wigati kaya ta kitab suci akèh kang dadi peteng utawa rusak déné kerep tinulad.
Don utawa tujuan ngèlmu filologi iku mligi kanggo mbenakaké teks-teks lawas kang rusak lan uga diarani kritik tèks. Nanging iki dudu siji-sijiné obyèk panlitèn filologi. Filologi uga ngenani tapsir utawa interpretasi tèks.
Ing Nuswantara ana sawatara panemu ngenani filologi iki. Miturut Siti Barioh lan sakancané, tujuan filologi, ya iku kanthi nggarap naskah, filologi...
Wiki Commons duwé médhia ngenani Philology. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Filologi, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.