Komet/ Lintang Kemukus (simbol: ) punika benda akasa ingkang mèmper asteroid, nanging mèh sadaya kadhapur saking gas (karbon dioksida, metana, hawa) lan lebu ingkang beku.
Komèt ndarbèni orbit utawi lintasan ingkang bentukipun elips, langkung lonjong lan dawa tinimbang orbit planit. Lintang Kemukus ingkang padhang mesthinipun narik kawigatosan tiyang kathah.
Nalika lintang kemukus nyelaki pérangan-lebet Tata Surya, radiasi saking srengéngé njalari lapisan ès paling njawi nguap. Arus lebu lan gas ingkang kaasilaken mbentuk setunggaling atmosfer ingkang ageng nanging tipis sanget ing saubengipun komèt, kasebat coma. Akibat tekanan radiasi srengéngé lan angin srengéngé ing coma punika, kadhapur buntut raksasa ingkang nebihi srengéngé.
Coma lan buntut lintang kemukus mbalikaken cahya srengéngé lan saged kapirsani saking bumi manawi lintang kemukus punika cekap celak. Buntutipun bènten-bènten wujud lan ukuranipun. Sansaya celak lintang kemukus kasebat kaliyan srengéngé, sansaya dawa buntutipun. Wonten ugi lintang kemukus ingkang boten ndarbéni buntut.
Lintang kemukus makaping-kaping ngubengi srengéngé, nanging peredaranipun mbetahaken wekdal ingkang lami. Lintang kemukus dipunbéntenaken miturut rentangan wekdal orbitipun. Rentangan wekdal cendhak punika kirang saking 200 taun lan rentangan wekdal ingkang rowa punika langkung saking 200 taun. Lumrahé, wujud orbit lintang kemukus punika elips.
Wonten sapérangan komèt ingkang misuwur, umpaminipun:
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Komèt, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.