Pageblug Covid-19

Pageblug koronavirus 2019-2020, utawa uga dikenal minangka pageblug COVID-19, ya iku kadadèyan nulare lelara koronavirus 2019 (basa Inggrisé: coronavirus disease 2019, dicekak COVID-19), kang disebabaké déning severe acute respiratory syndrome coronavirus 2 (SARS‑CoV‑2).

Pageblug iki kacathet kapisan ing Wuhan, Cina, ing sasi Dhésèmber taun 2019. Organisasi Kaséhatan Donya (WHO) netepaké kadadéyan iki minangka pageblug ing tanggal 11 Maret 2020. Ing sasi Mèi 2021, gunggungé kasus COVID-19 iki wus ngancik luwih teka 159 yuta, ing 222 nagara lan wewengkon, kanthi 3,3 yuta wong tiwas lan udakara 136 yuta wong mari.

Pageblug Covid-19
Petha Panyebaran Kasus Covid-19 ing Sakdunya ing April 2021

Klasifikasi

Coronavirus nduwé subfamili kang arané Orthocoronavirinae , kalebu salah sijiné saka loro subfamili ing Coronaviridae, ordo Nidovirales, lan alam Riboviria.

Buntut

Pageblug Covid-19 
Aksi dhémonstrasi nentang rasisme marang wong Asia ing Pecinan, Washington DC, Amérika Sarékat

Pageblug Covid-19 iki nyebabaké akeh buntut ala lan apik ing sakdunya, tuladhané yaiku ing babagan :

Ekonomi

Pageblug iki wis ngewénéhi buntut kang ala tumraping parékonomian sakjagad. IMF nyatet yen parékonomian global wis anjlok ing jurang krisis sakwisé kurang luwih 95% nagara ing dunya iki diproyéksi ngrasakké kontraksi utawa partumbuhan ékonomi kang négatip.

Sosial

Akeh banget buntut utawa dampak sosial amerga pageblug iki. Salah sawijiné yaiku mundhaké tindakan rasisme marang wong-wong teka Bawana Asia (utamane Asia Wétan lan Asia Kidul Wétan) ing nagara-nagara kulon utamané nagara Amérika Sarékat. Prakara iki akhire ngelairaké gerakan "Stop Asian Hate" utawa "Mandekké Kabencian Marang Wong Asia" minangka simbol pralawanan marang rasisme kang saya kerep kedadéyan akhir-akhir iki.

Iklim

Pageblug Covid-19 
Hawa Kutha Jakarta kang luwih resik timbang biasané ing 2020

Senadyan akeh dampak utawa buntut alané, pageblug iki ya duwéni buntut kang apik. Utamané ing babagan iklim. Akeh kutha ing dunya kang ngrasakke hawa sing luwih resik lan bebas teka polusi pas wayah pageblug iki, prakara iki jalaran teka kongkonané Pamérintah ing endi-endi waé supaya padha meneng ing omah waé kanggo ngurangi panyebaran Virus Corona.




Rujukan

Tags:

Pageblug Covid-19 KlasifikasiPageblug Covid-19 BuntutPageblug Covid-19 RujukanPageblug Covid-19Lelara koronavirus 2019

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat As SajdahNagita SlavinaBathikBrokohanKerak telorLumut kerakFilipinaKuwé pancongEmma WatsonUBlock OriginNakulaBlangkonMario MaurerÈnsiklopédhiKlasifikasi iklim KöppenGunung MerbabuPerang Donya IICalon ArangAsem asetatAhmad DahlanPawonBanjirBiruAndhaRante MasKarbonMicrosoft WindowsRama TambakJamur merangAK-47Upacara tingkebanWayback MachineTedhak sitènParikanHeather StormAtomPurwakanthi30 Seconds to MarsTasSiterGarasi (band)CenilWarkopLion AirJoko WidodoSaronWatek JawaKuwé lapisBaladéwaSoehartoKasurMuhammad Arsyad al-BanjariJefri NicholShigeo TokudaWikinewsRatu Kalinyamatꦢꦤ꧀ꦢꦁSesorahDrijiÉjakulasiAntariksawanMat SolarMijilAdolf Hitler1984Mahfud MDTifaHajar AswadCepu, BloraWilhelmina saka WalandaTotohanBaworNagara Islam Irak lan SyamParisUkara gothang🡆 More