Brokohan

Brokohan utawa barokahan iku upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi.

Upacara adat iki nduwé makna ungkapan syukur lan sukacita amarga prosès klairan iku slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab ya iku "barokah" kang tegesé ngarepake berkah. Tangga teparo ya iku mligi para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga kang lairan saperlu ngucapaké rasa mèlu bungah, lumrahé kanthi nggawa bingkisan wujud wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalané. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi. Sesajèn upacara kang dibutuhaké ya iku:

  • Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.
  • golongan rakyat biyasa: sega ambengan kang dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel gorèng, témpé, mihun, jangan menir lan pecel ayam.

Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah kang apik kang diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan nyadiakaké sesajèn brokohan kang didum marang para tangga.

Angkah

Upacara brokohan ancasé kanggo keslametan prosès kelairan uga pangayoman kanggo bayi, kanthi pangarep-arep supaya bayi kang lair bisa dadi bocah kang apik.

Rangkéyan upacara

Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari kang diterusaké andum sesajèn brokohan kanggo sadulur lan para tangga.

Rujukan

Mendhem ari-ari > Brokohan > Sepasaran

Tags:

Basa ArabGulaJawaKopiSabunWedhak

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tèknologi informasiUyon-uyonButa TérongTepasIndhonésiaFelidaeꦠꦺꦠꦿꦶꦱ꧀LayangPananggalan GrégoriyusSrikandhiTitan (mitologi)BatmanPatih SuwandaAmmanꦈꦛꦶꦏ꧀DhakonAndy F. NoyaCoboy JuniorAbyasaDiana PungkyISO 3166-1Alfred HitchcockPierce BrosnanUpacara tingkebanUpacara Tumpak LandepAmateur Night (filem)VelociraptorPangantènan adat JawaWajikWadonVitamin AAmérika SarékatSoehartoBima (paraga Mahabharata)FilogeniMihrabAryo WahabLonthongLonthong kupangPucungꦪꦺꦴꦪꦺꦴMuhammad Arsyad al-BanjariTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)ꦥ꦳ꦺꦭꦶꦢꦲꦺIrfan HakimDidier DeschampsPeanutsRyamizard RyacuduC++Steve JobsSurya InsomniaPevita PearceCalungAdasBaworWayang bèbèrꦌꦒꦿꦁAsiaPolisakaridaRetardasi mentalFolklorꦢꦺꦴꦩꦶꦤꦺꦴRujak CingurCitraanDefense of the AncientsBonangSunan BonangOmah Joglo🡆 More