Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan.
Upacara iki ing laladan liya ing Nuswantara uga ana, contoné kang diarani upacara injak tanah ing laladan Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana kang ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan".
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah kang siyap-siyap nglakoni urip liwat tuntunan wong tuwa lan diadani yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masarakat Jawa yèn lemah iku duwé makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo nolak kadadéan kang ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka kang njaga lemah. Anggoné nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé Upacara Tedhak Sitèn
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kaya ta:
Pengaron kang diisi kembang setaman.
Kurungan, kanggo nggambaraké yèn donyané anak isih sithik utawa ciut.
Warna-warna barang kang diséléhaké sajeroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kaya ta:
Bancakan, kaya ta sega gudhangan kang dibagékake marang para tamu kang teka.
Urutané upacara tedhak sitèn
Tedhak jadah pitung warna: ya iku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna kang padhang nganti warna kang peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan kang dirasakaké mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak kang munggah tebu iku bisa duwé solah bawa kaya déné arjuna.
Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kaya ta kertas, gunting, pethèt lan liya-liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan kang dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwé pagawéan mau.
Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga-muga bisa gawa jeneng arum kanggo kulawarga kaya ta banyu kembang kang kanggo acara siraman anak mau.
Rujukan
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Tedhak sitèn, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses. ®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.