Gunung Merbabu: Redi ing Jawa Tengah

Gunung Merbabu (uga karan Damalung) (Jawa: ꦒꦸꦤꦸꦁꦩꦼꦂꦧꦧꦸ) iku gunung geni tipe Strato (deleng Gunung geni) kang dumunung kanthi géografis ing koordinat 7,5° LS lan 110,4° BT.

Sacara administratif gunung iki dumunung ing wewengkon Kabupatèn Magelang ing pèrèng sisih wétan lan Kabupatèn Boyalali ing pèrèng sisih kulon, Provinsi Jawa Tengah.

Merbabu
Gunung Merbabu: Asal Tembung, Cathetan suku, Deleng uga
Dunungé Boyalali, Magelang (Jawa Tengah),
Kutha cedhaké {{{kutha}}}
Negara Indonésia
Tipe stratovolcano
nJeblug pungkasan 1797
Dhuwuré 3.145 m (10.630 sikil)
Koordinat 7,5° LS lan 110,4° BT
Gunung Merbabu: Asal Tembung, Cathetan suku, Deleng uga
Merbabu dideleng saka Dalan Tol Semarang–Sala

Gunung iki tau njeblug ing taun 1560 lan 1797. Dilaporaké uga ing taun 1570 tau njeblug, nanging durung dikonfirmasi déning panelitèn sabanjuré. Pucuk gunung Merbabu dumunung ing elevasi 3.145 mèter sadhuwuring sagara.

Gunung Merbabu duwé kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Atas, alas Montane, lan hutan Ericaceous utawa alas gunung. Dhuwuré Gunung Merbabu yaiku 3.142 m dpl. Gunung Merbabu kalebu gunung api kang tuwa. Lokasi Gunung Merbabu ana ing sisih lor Gunung Merapi.

Gunung Merbabu duwé 3 tipe ékosistem alas. Ékosistem iki yaiku ékosistem hutan hujan tropis mangsa pegunungan bawah (1.000-1.500 m dpl), ékosistem hutan hujan tropis mangsa pegunungan tinggi (1.500-2.400 m dpl), lan ékosistem hutan tropis mangsa sub-alpin (2.400-3.142 m dpl).

Merbabu kalebu gunung volcano kang manggon ing Jawa Tengah. Ing Gunung Merbabu akèh turis-turis saka Indonésia lan saka manca nagara kang lumrahé munggah gunung iki.

Asal Tembung

Gunung merbabu manggon ing puncak kenthéng sanga. Gunung Merbabu asalé saka tembung meru kang tegesé gunung lan babu kang tegesé wong wadon. Gunung iki kawentar kanthi jeneng gunung tidur sanajan sabenere nduwéni 5 kawah. Kawah-kawah mau yaiku kawah Condrodimuko, kawah Kombang, kawah Kendang, kawah Rebab, lan kawah Sambernyowo.

Ing Gunung Merbabu ana rong puncak yaiku puncak Syarif kang dhuwuré 3119 mèter lan puncak Kenthèng Songo kang dhuwuré 3142 méter. Puncak Gunung Merbabu bisa diparani saka Cunthel, Thekelan, (Kopèng / Salatiga) Wekas (Kaponan / Magelang) utawa saka Selo (Boyolali). Nalika muncak liwat jalur lor (Wekas, Cunthel, Thekelan) lan mudhun liwat jalur kidul (Selo) bakal nemoni sesawangan kang éndah.

Akeh gunung ing saubengé Gunung Merbabu yaiku Gn. Merapi, Gn.Telomoyo, Gn.Ungaran. Gunung Merbabu iki mbentuk larikan garis gunung geni marak lor Merapi-Merbabu-Telomoyo-Ungaran.

Nalika munggah utawa muncak ing Gunung Merbabu kudu liwat jalur kang wis ditemtokaké. Gunung Merbabu duwé alas kang dianggep alasan awit isih ana kéwan-kéwan ganas kang mangan manungsa kaya ta macan.

Cathetan suku

Deleng uga

Pranala njaba


Tags:

Gunung Merbabu Asal TembungGunung Merbabu Cathetan sukuGunung Merbabu Deleng ugaGunung Merbabu Pranala njabaGunung MerbabuGunung geniJawaJawa TengahKabupatèn BoyalaliKabupatèn MagelangProvinsi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GarukIndra LesmanaGanjar PranowoZsa Zsa YusharyahyaAndre TaulanyIwan FalsTarakan TVDua Garis BiruCublak-cublak suwengFerry RotinsuluAdeodatus ICristiano Ronaldoꦒꦼꦤ꧀ꦢꦺꦫNurwègenAksara Jawa2009Luca ToniPattimuraGunung PrauSurat Adh DhuhaGFDLSudi SilalahiCoto MakassarMingguWikramawardhanaPayudaraMenara EiffelKubismeDinda KanyadewiWangsalanKali NilCarita Aji SakaRasukan adat JawaYoon Bo-miBlangkonCristian GonzálésGisella AnastasiaBambang NurdiansyahWarakBeras kencurMozambikSinomSurat Al JinKalimantanPecel léléNokénMangsa adhemSyekh Abdul Qadir JaelaniBremPanambangAfghanistanKim Nam GilSistem operasi komputerAtambua, BeluFabio CannavaroSastraBungahAyu AzhariPingsutSintaEnno LerianNyadranPulo BunakenNicole KidmanYusril Ihza MahendraGoogleGarèngPitulungKarbonRafael StruickSARSurat Al LahabKi Hadjar DewantaraUyon-uyon🡆 More