Sinom

Yèn dijupuk arti wantah, sinom tegesé godhong asemgodhong asem sing isih enom utawi rikma ingkang wonten ing palarapan , alus lan lembut sanget.

Ing Macapat, sinom nduwé sipat kang isih enom. Kaya déné bocah cilik kang lagi ngerti donya.

Metrum

Saben pada, tembang iki ana sanga gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu:

  • 8 - a
  • 8 - i
  • 8 - a
  • 8 - i
  • 7 - i
  • 8 - u
  • 7 - a
  • 8 - i
  • 12 - a

Tuladha

  • Tuladha 1
  1. Ing pojok wétan sang surya
  2. Nyungging sinom dadi peni
  3. Kagubet embun rumeksa
  4. Déning Hyang Murbeng Dumadi
  5. Raga jiniret ati
  6. Seka perbawaning esuk
  7. Manuksma suluk angga
  8. Kang wang-sinawang mranani
  9. Tibane prana sarwa sulih prasaja
  • Tuladha 2
  1. Amenangi jaman édan
  2. Éwuh aya ing pambudi
  3. Milu édan nora tahan
  4. Yèn tan milu anglakoni
  5. Boya kaduman melik
  6. Kaliren wekasanipun
  7. Ndilalah karsa Allah
  8. Begja-begjané kang lali
  9. Luwih begja kang éling lawan waspada
  • Tuladha 3
  1. Anelasak wana wasa
  2. Tumuruning jurang terbis
  3. Kang ri bandhil bebondhitan
  4. Ginubet penjalin cacing
  5. Wau ta sang apekik
  6. Gumregut sangsaya sengkut
  7. Saéngga datan nyipta
  8. Pringga bayaning wanadri
  9. Apan nyata satriya trah witaradya
  • Tuladha 4
  1. Nuladha laku utama
  2. Tumraping wong tanah jawi
  3. Wong agung ing Ngeksiganda
  4. Panembahan Senopati
  5. Kepati amarsudi
  6. Sudaning hawa lan nepsu
  7. Pinesu tapa brata
  8. Tanapi ing siyang ratri
  9. Amemangun karyenak tyasing sasama

Notasi

  1. 2^-2^-2^-2^-1^-1^-6_5-5_6_1
  2. 1^-1^-1^-6_1^-5-5-5_6-5_6_5_3
  3. 1^-1^-1^-1^-6-6_5-1^-6_5
  4. 5-5-5-3-2-3-1-6_5
  5. 6-6-6-6-1^-1^-1^
  6. 6-5-5-5-5-5-3-2_1
  7. 5-5-5-5-5-5-5
  8. 5-5-5-3-2-3-1-6_5
  9. 2-3-3-3-2-3-5-2-2-3-2_3-2_1

Pranala njaba

Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa


Tags:

Sinom MetrumSinom TuladhaSinom NotasiSinom Pranala njabaSinomMacapat

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

YupiterMaricaLia WarokaUrochordataWali BandEgy Maulana VikriFilemMartin LutherSufismePiala FAShahrukh KhanManisha KoiralaLintangMasjidil KaramSoekarno DjojonegoroGajah MadaWirangrongNiki ChowBromEmma WatsonSutan SyahrirGetafe CFNurwègenNafa UrbachMikroblogVicky NitinegoroCut Nyak DhienLombokPound sterlingFilsafatYésus KristusJay IdzesSaddam HusseinCalon ArangAtalanta B.C.Roti asem1188TvOneKrakatau SteelSega gorèngGenoa C.F.C.Ranu KumboloJatinangor, SumedangCumbanaPoniman1880Hajar AswadAlina KukushkinaWikiKomètMaman AbdurrahmanDonburiBlilu tau pinter durung nglakoniStadion WembleyPersis SoloKabupatèn KapuasBoris BokirMlathiSurat At TalaqWong Kurdhi ing SuriahKartiniRépublik CinaAlbert EinsteinfilsafatAsia-PasifikAbdullah bin MubarakLionel MessiIvar JennerSahadatTutti fruttiKutisKreteg BrooklynGamelanGreg NwokoloAde RaiSunan Ampèl🡆 More