Surat Adh Dhuha: Surat kaping 93 ing Al Qur'an

Surat Ad-Duha (basa Arab:الضحى) ya iku surat kaping 93 sajeroning al-Qur'an lan dumadi saka 11 ayat.

ad-Duha
Surat Adh Dhuha: Surat kaping 93 ing Al Qur'an
Surat Adh Dhuha: Surat kaping 93 ing Al Qur'an
Informasi
Makna Waktu Duha
Klasifikasi Makkiyah
Surat ka 93
Juz Juz 30
Statistik
Gunggung ruku' 1 ruku'
Gunggung ayat 11 ayat

Surat iki éwoning surat Makkiyah lan mudhune sawisé Surat Al Fajr. Jeneng Adh Dhuha kajupuk saka tembung kang ana ing ayat kapisan, kang tegesé "wektu srengéngé munggah sepenggalahan".

Surat Adh Dhuha, nerangake babagan bimbingan pangopenaning Allah marang Muhammad kanthi ora tau mandheg lan ngandhut préntah marang Nabi supaya syukur marang nikmat kang diparingi déning Allah.

Tèks

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَالضُّحَىٰ ﴿١﴾ وَاللَّيْلِ إِذَا سَجَىٰ ﴿٢﴾ مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلَىٰ ﴿٣﴾ وَلَلْآخِرَةُ خَيْرٌ لَّكَ مِنَ الْأُولَىٰ ﴿٤﴾ وَلَسَوْفَ يُعْطِيكَ رَبُّكَ فَتَرْضَىٰ ﴿٥﴾ أَلَمْ يَجِدْكَ يَتِيمًا فَآوَىٰ ﴿٦﴾ وَوَجَدَكَ ضَالًّا فَهَدَىٰ ﴿٧﴾ وَوَجَدَكَ عَائِلًا فَأَغْنَىٰ ﴿٨﴾ فَأَمَّا الْيَتِيمَ فَلَا تَقْهَرْ ﴿٩﴾ وَأَمَّا السَّائِلَ فَلَا تَنْهَرْ ﴿١٠﴾ وَأَمَّا بِنِعْمَةِ رَبِّكَ فَحَدِّثْ ﴿١١

Jarwanipun

  1. Dhemi wayah ésuk.
  2. Lan wengi nalikané peteng.
  3. Pangeranira ora ninggal sira lan ora duka marang sira.
  4. Tumraping sira akherat iku luwih becik tinimbang donya.
  5. Lan Pangeranira bakal énggal apaparing marang sira, supaya sira rena (lega).
  6. Apa Alah ora uninga yèn sira iku bocah yatim, banjur aparing pangayoman.
  7. Allah nguningani yèn sira iku bingung nuli dituduhake dalan (pituduh).
  8. Allah nguningani yèn sira iku ora duwé nuli disugihake.
  9. Déné bocah yatim iku aja sira kanihaya.
  10. Lan yèn ana wong jejaluk, aja sira nulak.
  11. Peparinge Pangeranira kabungahan sira handhak-kandhakna.

Pokok-Pokok Isi

  1. Allah sapisan-pisan ora bakal ninggal Muhammad
  2. Isyarat saka Allah yèn uripé Muhammad lan dhakwahé kang bakal tambah apik lan tuwuh ngrembaka
  3. Ora kena ngécé bocah yatim lan nyenèni wong kang njaluk-njaluk
  4. Préntah nyebut-nyebut nikmat saka Allah minangka tandha syukur


Surat Sadurungė:
Surat Al Lail
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
Surat Al Inshirah
Surat 93

Tags:

Al-Qur'anArabMakkiyahSuratSurat Al Fajr

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Wesley SnipesBarbecueBetaljemur AdammaknaBernd LenoAugustinus saka HippoMa'ruf AminCiganjur, Jagakarsa, Jakarta Kidulꦕꦶꦤ꧀ꦕꦶꦩ꧀JumblengJalan Tol Semarang-SoloSepur KaligungBima (paraga Mahabharata)ꦲꦺꦴꦭꦃꦲꦤ꧀ꦩꦢꦸꦫGisella AnastasiaTutti fruttiMus MulyadiStadion Santiago BernabéuFluminense FCMagersari, Magelang Kidul, MagelangGiring GaneshaÉropaSetatsiyun Jakarta KotaTaylor SwiftDinda KiranaMikèl ArtétaOssétia KidulWest Ham United F.C.WunguYoniDhakonHeather StormSangkuniAbraham LincolnGoogleEmoji persikAgus Harimurti YudhoyonoWikipédia basa JawaJing Tianꦥꦔꦤꦤ꧀Abimana AryasatyaKevin AprilioHalongonan, Tapanuli KidulPizza quattro formaggiAllahWilliam ShakespeareMasjid Keramat Banua HalatJoe BidenKerang panggangPaluAlamat IPꦲꦶꦮꦏ꧀ꦕꦸꦥꦁDolok, Tapanuli KidulAmonium kloridaBanjirMonumèn Kapal SilemSogok telikRMS TitanicCeresNikelPramborsꦥꦼꦫꦁꦢꦺꦴꦚ꧇꧒꧇LintangChelsea OliviaWalrusPandhuTom CruiseTéori impunanFerry MaryadiFeodalismeIndosiarAnak Jalanan (sinetron)Tanah LotR.A. KosasihKompiBasa PèrsiBasa KroasiaBir🡆 More