Ki Hadjar Dewantara

Ki Hadjar Dewantara lair ing Ngayogyakarta, 2 Mèi 1889 – pati ing Ngayogyakarta, 26 April 1959 ing umur 69 taun; iku pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonésia ing jaman panjajahan Walanda.

Ki Hadjar Dewantara lair ing Ngayogyakarta, 2 Mèi 1889 – pati ing Ngayogyakarta, 26 April 1959 ing umur 69 taun[1]; iku pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonésia ing jaman panjajahan Walanda.

Ki Hajar Dewantara
Ki hajar dewantara2.jpg
Ki Hajar Dewantara
Mantri Pendhidhikan Nasional Républik Indonésia 1
Linggih
2 September 1945 – 14 November 1945
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéOra ana, kalungguhan anyar
Kang sawiséTodung Sutan Gunung Mulia
Rerincèn dhiri
Lair(1889-05-02)2 Mèi 1889
Nèderlan Yogyakarta, mangsa Hindia Nèderlan
Pati26 April 1959(1959-04-26) (umur 69)
Indhonésia Yogyakarta, Indonésia
AgamaIslam

Lair kanthi jeneng Radèn Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan kaya déné para priyayi utawa wong-wong Walanda.

Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur ya iku "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing ariwarta de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis sajeroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindhia Walanda (Indonésia), sing wektu iku isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.

Ki Hajar Dewantara séda tanggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlathi, Sléman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mèi, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonésia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonésia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998.[2]

Uga delengen

Réferènsi

  1. Iki wujud vèrsi Perguruan Tamansiswa lan Kapustakaan Présidhèn Perpustakaan Nasional Républik Indonésia, tokohindonesia.com nyebutaké 28 April 1959 minangka tanggal tilar donya.
  2. Dhuwit Kertas Bank Indonésia Pecahan: Rp. 20.000,-, Bank Indonésia, diaksès tanggal 26 April 2011.

Pranala njaba


Didhisiki déning:
ora ana
{{{jabatan}}}
1945
Diganti déning:
Todung Sutan Gunung Mulia


This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Ki Hadjar Dewantara, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wikimedia Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wikimedia Foundation.

/** SHOW / HIDE SECTION**/function mfTempOpenSection(getID) {var x = document.getElementById("mf-section-"+getID); if (x.style.display === "none") { x.style.display = ""; } else { x.style.display = "none"; }}