Rebab

Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké senar lan arco.Piranti iki dinuga asli Arab.

Rebab (Arab الربابة utawa ربابة), uga sinebut rebap, rabab, rebeb, rababah, utawa al-rababa) sumebar kanthi sesebutan iku paling ora saka abad angka 8. Piranti iki sumebar liwat para dagang sing bebadra ing Afrika Lor, Timur Tengah, sapèrangan Éropa, lan Timur Jauh. Sawetara jinis migunakaké landheyan ing sisih ngisor kanggo pancadan lemah. Ana uga jinis sing dipetik kaya ta kabuli rebab (ana kalané karan robab utawa rubab).

Rebab
K.P.H. Notoprojo, juru main rebab sing misuwur

Lumrahé, ukurané cilik, awaké bunder, migunakaké mémbran saka kulit kéwan lang guluné dawa. Ana pegbox kanggo setèlan senar. Ora nganggo papa nadha. Gandéwané luwih lengkung tinimbang piyul.

Rebab, senajang disenengi amarga swarané, nanging titi larasé ora bisa dhuwur lan saiki ing Arab wis akèh diganti nganggo piyul.

Ing Éropa Kulon, rebab kawanuhaké bebarangan karo tumungkulé Spanyol déning bangsa Moor, ing Ujung Iberia. Nanging, ana bukti manawa piranti musik iki kinawruhan ing abad ke-9 ing Éropa Wétan: ahli géografi Pèrsi abad ke-9 Ibnu Khurradadhbih ngutip lira Bizantium (utawa lūrā) kanthi sesebutan piranti musik gandhèwa khas Bizantium lan mèmper karo rabāb Arab.

Rebab ing Gamelan Jawa

Rebab iku salah sawijiné racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Nanging saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam.

Rujukan

Uga delengen

Pranala njaba

Rujukan

  • Margaret J. Kartomi: On Concepts and Classifications of Musical Instruments. Chicago Studies in Ethnomusicology, University of Chicago Press, 1990


Tags:

Rebab ing Gamelan JawaRebab RujukanRebab Uga delengenRebab Pranala njabaRebab RujukanRebabAfrika LorArabTimur TengahÉropa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

50 CentIker CasillasAngger-Angger Baku IndonésiaBanjirSesorahHamtaroSanjataBahrainMaltaKomikMaricaFilemRaden Ayu Retno DumilahBiskopSurat At TalaqSusi PudjiastutiRisty TagorHabis Gelap Terbitlah TerangGetafe CFOrdinariat Militèr ArgèntinaAgus MustofaPancasilaPamisahan kakuwasanAyudhia Bing SlametLesmanaÉjakulasiWoh nagaAgustus 2011Anang HermansyahSufismeChristian LesmanaSanoesi PaneGendariIndhonésiaTawangmangu, KaranganyarKluwungKanjiOkeVisionAyrton SennaPuputanZinédine ZidaneDiego CostaBasa InggrisLutungJ-RocksMinato NamikazeOmah GadangSepi ing Pamrih Ramé ing GawéRépublik Dhémokratik KongoAli bin Abi TholibKita-Osaka Kyuko RailwayJordi AlbaReza RahadianDubaiAbdullah bin MubarakSinarmas GroupSunniPusisi cumbanaNyadranDhadhuBima (paraga Mahabharata)CawetKoréa LorNakulaLadya CherylAngelina JolieMacan1390Paramitha RusadyJefri Al BuchoriRangiSang Hyang WenangGaman nuklirSyekh Abdul Qadir JaelaniPallywoodGunung Merbabu🡆 More