Coto Makassar: Panganan

Coto Makassar utawa Coto Mangkasara yaiku panganan wujud sup khas saka Makassar, Sulawesi Kidul.

Coto Makassar digawé saka bahan jeroan sapi (utawa kebo), kaya ta ati, babat, jantung, lan limpa kang wis digodhog kanthi wektu kang suwé. Godhogan jeroan kang campur karo daging sapi iki banjur diiris-iris lan dibumboni. Coto Makassar iku kalebu jinis sup. Kang gawé énak coto Makassar yaiku duduhé. Coto Makassar dimasak ing panci grabah kang diarani korong butta utawa uring butta lan dimasak bareng karo rampah patang pulo utawa patang puluh manéka warna rempah. Rampah patang pulo yaiku kacang, miri, cengkèh, pala, feoli, sere kang diuleg alus, laos, mrica, brambang, bawang, jinten,tumbar abang, tumbar putih, jaé, laos, godhong jeruk purut, godhong salam, godhong kunir, unclang, slèdri, godhong prei, lombok abang, lombok ijo, gula talla, asem, kayu legi, uyah, katès enom kanggo ngempukake daging, lan enjet kanggo ngresiki jeroan. Bumbon crakèn iku gunané uga kanggo tamba kolesterol kang ana ing jeroan sapi coto makassar. Coto Makassar padatan dipangan bebarengan karo kupat, burasa, lan sambel tauco.

Coto Makassar
Coto Makassar: Panganan
Coto Makassar
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaSulawesi Kidul Makasar
Woworan pokokjeroan sapi (utawa kebo)(babat, jantung, lan limpa)
Coto Makassar: Panganan Buku masakan: Coto Makassar  Coto Makassar: Panganan Médhia: Coto Makassar

Cathetan suku


Tags:

AsemBabatBawangBrambangBurasaCengkèhDagingEnjetGodhongJanganJantungJaéJeruk purutJintenKacangKatèsKayu legiKeboKolesterolKupatLaosLimpaLombokMakassarMricaPalaPangananSambelSapiSlèdriSulawesi KidulTaucoTumbarUyah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WikiPanagaraning IndhonésiyahSoetomoTedhak sitènYuni SharaSistem koordhinat géyografisLiga Super IndonésiaTyo NugrosBani UmayahKebo ilang, tombok kandhangAfrika KidulGendariAbdurrahman As-SudaisKabupatèn RembangSrengéngé mlethèkꦎꦩ꧀ꦧꦺꦤꦤ꧀ꦊꦒꦶJawa TengahTinNgupatRocket RockersBanaspatiBaworJaétunSusi AirKerata basaPaguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul WétanSusterDrupadiPanambangUBlock OriginPencak silatWikinewsPutri TitianKhalil GibranPiranti gamelan JawaBonangOmah GadangNathan Tjoe-A-OnKäsespätzleArjunaSoekarnoWisanggeniKuwé kembang goyangSistem Posisi GlobalCoboy JuniorPinguinEyang SuburLemètAvenged SevenfoldSepasaranAtomFardhu 'ainDeswita MaharaniWayang kulitDin SyamsuddinDuryodanaBrigadir JéndralSukarniWidy Soediro NichlanyWunguGudang garamWlirangÉjaan Basa JawaBlogArtikelA. RafiqLesungÉritréaOmah Panggang PeÉropaGunung WilisꦥꦼꦤꦶꦠꦶJaran KecakJaringsana🡆 More