Kebo

Kebo, maésa (mésa, mingsa), munding utawa kebo cumbon iku kéwan saka famili Bovidae kang asli Asiah Kidul, Asiah Kidul-wétan, lan Cina.

Dinané iki, kéwan iki uga bisa diprangguli ing Éropa, Ostrali, Amérika Kidul, lan sawenèh nagara ing Afrikah. Kebo alas utawa danu (Bubalus arnee arnee), kéwan asli Asiah Kidul-wétan, dianggep spésies kang séjé, nanging dinuga minangka leluriné (ancestor) kebo-kebo cumbon (domestic) lumrahé.

Kebo
Kebo
Kebo wadon lan gudèlé
Cumbon
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Famili: Bovidae
Subfamili: Bovinae
Génus: Bubalus
Spésies: B. arnee
Jeneng binomial
Bubalus arnee
(Linnaeus, 1758)
Subspésies
  • Kebo kali (Bubalus arnee bubalis)
  • Kebo rawa (Bubalus arnee carabanesis)
Kebo
Sebaraning kebo ing sajagat nalika 2004

Manéka warna jinis kebo cumbon bisa katitik saka badan wadhag lan solahé – kebo kali (Bubalus arnee bubalis) tinemu ing Asiah Kidul tekan Balkan, Mesir, lan Itali, lan kebo rawa (Bubalus arnee carabanesis), tinemu ing Assam uga Asiah Kidul-wétan tekan Lembah Yangtze ing Cina. Asalé jinis kebo-kebo cumbon iki isih dadi rembug ing panalitèn, sanadyan wis ana kajian filogènètik kang nélakaké yèn kebo rawa bokmanawa asalé saka Cina lan dicumbonaké (domesticated) watara 4.000 taun kapungkur, déné kebo kali bokmanawa asalé saka Indhi lan dicumbonaké watara 5.000 taun kapungkur. Kebo cumbon dadi kéwan dol-dolan ing Kabudayan Lembah Indhus tekan Mésopotamiah, saiki dunungé nagara Irak, nalika taun 2500 SM déning Meluhha. Cap kang dienggo déning cariking ratu ing Akkadhi mahyakaké pangurbaning kebo.

Saorané dinané iki ana watara 130 yuta kebo cumbon, lan sangsaya akèh wong kang gumantung kebo cumbon tinimbang sato cumbon liyané. Kebo cumbon mligi dienggo ngluku sawah, déné puhané sugih lemak lan protèin katimbang sapi puhan (dairy cattle). Grombolan gedhé kebo dikukuhaké minangka kéwan umbaran ing alam Ostrali iring lor nalika abad ping 19, lan grombrolan cilik ing Niu Géniah, Tunis, lan Argèntinah iring lor. Gegrombolan umbaran (feral herds) uga ana ing New Britain, New Ireland, Irian Jaya, Niu Géniah, Colombia, Guyana, Surinam, Brazil, lan Uruguay.

Dasanama

andanu, andanukalamurti, andhanu, arbwita, badhagas, banjaran, danuka, esa, gomi, gopaka, iwaka, jantaka, karbwita, maesa, maisa, mandhanu, mawwa, misa, miswa, moga, mundhing, sayana, sêtyaka, sityaka, srawana, trêbayan  

Rujukan

Pranala njaba

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ayu Dewiꦠꦺꦭ꧀ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦱꦺꦭ꧀Tembung garbaSurat Ali ImranApelCesc FàbregasEton messSurat Al HadiidIndhonésia/jvPyridam FarmaKabupatèn PandéglangSteve JobsSrikayaLaura BasukiCalungVladimir PutinHafniumSandiaga UnoNabilah AyuUniversitas Pertahanan IndonésiaIan KaselaErling HaalandDadar gulungPortsmouth F.C.GedhangGaruda Wisnu KencanaKepanjen, Gumukmas, JemberPada pangkatGunung SlametCut KekeBekicotSastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating DiyuANTVPutri PatriciaMikul dhuwur, mendhem jeroPriyayiSri Mulyani IndrawatiAbu HurairahBloncèngKerata basaPétrukTawangmangu, KaranganyarAlamat IPEnny BeatriceMuslim bin al-HajjajLesmanaRohan MarleySurat Al QadrMaitreyaꦒꦸꦭꦏ꧀ꦭꦥMi karéProvinsiGunung SibayakRuslanLuka ModrićKacerdhasan gawéyanMr. KrabsHeather StormAnnisa TrihapsariJawaWashington, D.C.TransistorPakta Warsawa꧇꧓꧇ (ꦠꦺꦭꦺꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦏꦱꦶ)Bumbon crakènMie ayamSi Doel Anak SekolahanGondek, Majawarna, Jombang🡆 More