Uyah

Uyah iku sajinis mineral sing asalé saka banyu sagara.

Wanguné kristal warna putih, kerep diasilaké saka air laut nanging ana uga sing ditambang ing dharatandharatan. Uyah racaké sumadya ing wangun kimia Natrium klorida (NaCl). Uyah dibutuhaké déning awak manungsa, nanging yèn dikonsumsi kanthi luwih-luwih bisa njalari lelaralelara blegudreg. Saliyané kanggo bumbu masak, uyah uga dianggo ngawètaké panganan. Kanggo nyegah lelara gondhok, uyah kudu ditambahi dat Iodium.

Uyah
Uyah
Uyah
Panen uyah ing tlatah Thailand

Ing tlatah Madura uyah iku dadi komoditi sing utama. Uyah uga tinemu dibudidaya déning masarakat ing pasisir sagara Jawa yaiku sadawaning dalan Juwana-Rembang.

Ing mangsa katiga / panas prodhuksi uyah iku akèh, amarga gawé uyah iku perlu ana panas srengéngé sing cukup.

Uyah uga maragaké kripik pelem pakel luwih kempriyuk.

Uyah
Uyah sagara

Kagunan

  • Ngilangaké amis ing welut

Saliyané bisa ngasinaké uyah uga bisa ngilangaké amisamis ing welut. Carane welut kang isih urip ing plastik banjur diwénéhi uyah. Banjur dijarké nganti welut mati. Sawisé iku welut diresiki.

  • Ngurangi rasa asin ing iwak asin.

Iwak asin kang dikumbah nganggo banyu uyah bakal kurang rasa asiné. Awit uyah kang némplék ing iwak bakal mèlu larut ing banyu uyah.

  • Ngurangi rasa kecut ing woh-wohan

Woh-wohan kang rasané kecut bisa diwuwuri uyah dhisik sadurungé digawé manisan. Tujuwané supaya ngurangi kadar uyah dadi rada ora asin.

  • Uyah bisa nggawé sayuransayuran ijo kang digodhog tetep duwé warna ijo

Masak uyah karo banyu banjur campur sayuran ing banyu uyah. Masak sayuran nganti mateng. Sayuran bakal tetep seger wernané ora alum.

  • Ngilangaké rasa gatel ing nanas.

Sawisé nanas dioncéki lan dijupuki matané, nanas banjur diléléti uyah. Kanthi mangkono rasa gatel yèn mangan nanas bakal ilang. Saliyané iku nanas bakal luwih legi rasané, tenggorokan uga ora bakal gatel manèh.

  • Tamba lara untu

Yèn lara untu bisa ditambani nganggo uyah. Carane banyu anget kang dicampur uyah lan diudheg nganti rata banjur dianggo kemu. Yèn kulina kemu nganggo banyu uyah uga bisa ngilangaké bau mulut.

  • Ngilangi rasa pegel ing sikil

Carané banyu anget kang wis diwadhahi émbér banjur dicampur karo uyah. Sawisé iku sikil kang krasa pegel banjur direndem ing banyu uyah mau. Banjur rendem sikil manèh ing banyu anyep. Baléni terus, sawisé iku rasa pegel-pegel ing sikil bakal ilang.

Noda getih angél banget diilangi, apamanéh yèn wis garing. Uyah bisa ngilangaké noda getih ing kain. Kain kang kena noda getih banjur dikum utawa direndem ing banyu uyah. Sawisé iku banjur dikumbah nganggo sabun utawa deterjen. Yèn durung patiya ilang bisa dikucek manèh supaya ilang nodané.

  • Nyegah iwak kanthil ing wajan

Yèn iwak digoréng ing wajan lan iwak mau kanthil bakal ndadékaké kulit iwaké nglothok lan goréngan iwak banjur katon ora sedhep manèh yèn disawang. Cara ngatasiné yaiku nggoréng iwak nganggo téflon, nanging yèn ora nduwé téflon ana cara liyané. Wajan kang kanggo nggoréng iwak digosok dhisik nganggo uyah lagi disokaké lenga kang kanggo nggoréng. Kanthi cara iki iwak bakal ora kanthil ing wajan.

  • Ngilangaké rasa panas ing kulit

Sawisé ngiris lombok lumrahé kulit tangan krasa panas. Iki kang diarani wedangen. Carané nambani yaiku tangan diwijiki nganggo banyu uyah nganti resik kalebu ing lekitan-lekitan driji.

Uyah 
Cara Ngawe uyah ing laladan Pantura
  • Ngurangi rasa pedhes

Yèn keceplus lombok bisa uga ditambani nganggo uyah, carané uyah diemut ing ilat. Uyah bisa ngurangi rasa pedhes kang disebabaké lombok.

Industri

Industri kimia kang mupangatake garam utawa sodiun klorida utawa garam dapur kanggo bahan bakuné diarani indhustri khlor alkali. Industri iki duwé prodhuk khlorin (Cl2) lan sodium hidroksida (NaOH), kang uga dibutuhaké indhustri liyané kaya ta indhustri pulp lan kertas, tekstil, déterjén, sabun, lan pangolahan. banyu limbah. Teknologi mutakhir kang digunakaké ing indhustri khlor alkali kanggo ngasilaké produk-produk iku yaiku elektrolisa larutan garam (brine). Teknologi iki digunakaké awit uyah regané luwih murah, luwih murni, tekanan lan temperatur luwih sithik.

Cathetan suku

Tags:

BanyuBlegudregIodiumKristalLelaraManungsaMineralPangananPutihWarna

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WisanggeniAchmad SoebardjoAK-47MarokoSurat Al Anbiyaa’GathotkacaParisIwan FalsJay IdzesAdolf HitlerB-2 SpiritFakhri SemekotPawonRuhut SitompulRerengganAwuSurat Al 'AlaqPersik KediriPejuPurwapadaPada pangkatTembung tanggapBismaBenikDhomain publikSurjanTitilarasKutha PalémbangDhialèk PacitanKuwé kepithingMasjid Menara KudusWessexGunung KawiDavid BeckhamGoogleAnang HermansyahGedhangKatakanaChrisyeUkara gothangMasuk anginGobag sodorKutha SurakartaKurup AbogéWektu Universal KakoordhinasiStadion SiliwangiTembung aranPanganan legiPinguinAmérika SarékatTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)ꦩꦁꦏꦺꦴꦏ꧀Gunung MerbabuNagaraIndrajitDuryodanaAsem nitratCitra KiranaLaos (bumbu)Pananggalan JawaWikinewsSato kéwanRebut balung tanpa isiKarangmoncol, PurbalinggaHasyim Asy'arieSarungSasraningratBasa InggrisMickey Mouse ClubhouseMenitJinising paragrafBarakudaSenggono🡆 More