Mrica

Mrica iku tuwuhan obat kang bisa uga dadi bumbu masakan, mrica iki duwé khasiat ngangetaké awak lan nyegah lelara kanker, tuwuhan iki kalebu bumbon crakèn kang akèh thukul ing laladan Indonésia.

Tuwuhan Mrica
Mrica
Tuwuhan Mrica
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Piperales
Famili: Piperaceae
Génus: Piper
Spésies: P. nigrum
Jeneng binomial
Piper nigrum
L.

Khasiat Mrica

Akèh khasiat saka Mrica, kaya ta:

  • Nyegah kanker payudara amarga mrica duwé senyawa pipérin kang bisa nyegah tukule lelara tumor lan kanker kang ana ing payudara .Khasiat kanggo kanker luwih apik manawa di racik karo kunir.
  • Mrica bisa kanggo ''scrub'' kulit atawa lulur amarga tuwuhan iki bisa didadékaké ''scrub'' kanggo ngalusaké kulit, rasané kang anget bisa ngerangsang sirkulasi getih, dadi mrica iki bisa anggawe kulit luwih bernutrisi amarga ilèn oksigén lancar. Tékstur mrica kang kasar bisa kanggo ngangkat sél-sél kulit mati .
  • Obat watuk, merica kang duwé senyawa kimia alami, bisa mengiritasi selaput lendir lan nggawé selaput lendir bisa luwih aktif ngetokaké lendir kanggo ngresiki irung lan bisa nyaring lelebu kang kagawa angin.
  • Mrica kang duwé zat capsaicin, atawa dihydrocapsiate (DCT) bisa mbakar kalori lan lemak
  • Nyegeraké awak.
  • Ngangetké awak kang lagi katisen
  • Ngerangsang semangat
  • Obat weteng kembung
  • Ngerangsang metuné Kringet
  • Obat ambekan kang sesek atawa asma
  • Dadi karminatif, diaforetik lan analgesik
  • ugi bisa kanggo anggawe awak luwih singset, amarga mrica bisa bakar lemak
Mrica 
Wangun mrica enom,garing lan wis dioceki

Morfologi tuwuhan mrica

Tuwuhan iki kalebu tuwuhan ngrambat kang oyoté nèmpèl ana ing tuwuhan liya atawa barang liya, dawané antara 5–15 m. godhong seling-selingan atawa nyebar. Godhong iku mau dhapuré bunder pucuké lancip kira-kira duwé diameter 5–15 cm lan dawané 8–20 cm, ing pinggir woh ana klanjer-klanjer kang ora katon,Bulir padha misah-misah,gantungan ana pucuk atawa adepan karo godhong,duwé godhong pelindung kang dawané watara 4–5 mm. Uwohe kaya ta buni, bunder-bunder .

Jeneng Laladan

Mrica duwé jeneng liyan, kaya ta:

(Anonim, 1980)

Kandhutan kimia

Mrica duwé kandhutan lenga atsiri, pipen, koriofilen, limonen, filendren, alkaloid piperin, kavisin, piperitin, piperidin, zat pait lan lenga lemak (Soedibyo, 1998). Piperin kang kalebu bahan aktif atawa alkaloid kang duwé rasa pedes lan mambu kang anget. Kandungan bahan kimia piperin kang ana ning mrica watara 5-9%. Piperin iki uga bisa dienggo pangobatan tradhisional lan kanggo insektisida.

Pranala njaba

Cathetan suku

Cithakan:Bumbon crakèn


Tags:

Mrica Khasiat Mrica Morfologi tuwuhan mricaMrica Jeneng LaladanMrica Kandhutan kimiaMrica Pranala njabaMrica Cathetan sukuMricaIndonésiaKankerMasakanTuwuhan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Olimpiadhe Mangsa Panas 2024AnjaniBlogLurung GazaWadya anggeganaDrijiOstenrik719TurkiSumatraKabiskopan Kasana–LuweeroGuinéa-BissauWidy Soediro NichlanyGendhingTedhak sitènBarabudhurGlenn FredlyTokyo GhoulIsraèlMia KhalifaPapan Anggegana Internasional Soekarno-HattaWindows 8Reza RahadianCelempungDhandhanggulaAbad ping 71716JurnalistikMaltaKomoroLunpiaNurwègenKéwanTembung krama andhapUni SovyètSèrbiDurmagatiTom HanksRita SugiartoRomanisasi25 MaretArkéologiJavaScriptSastraKolonialismeKalsium kloridaAksara JawaÈksistènsialismeYoniYudas IskariotZanzibarWayang kulitSinomLeléwaning basaSkandiyumSurat Al An’amC++Mahfud MDGunung SinaiAsmaaulhusnaYoyok Riyo SudibyoDenny CagurANTVManganYusril Ihza Mahendra1994Magdalena AnderssonCatherine WilsonLapis legitOmah JogloSukulenHamburgerLaura BasukiAngklungBélarus🡆 More