Bawang

Bawang utawa ing Basa Indonésia bawang putih (jeneng Latin: Allium sativum, Linn.) iku jeneng tetuwuhan saka génus Allium lan jeneng umbi sing diasilké.

Bawang putih
Bawang
Bawang putih
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Asparagales
Famili: Alliaceae
Subfamili: Allioideae
Tribe: Allieae
Génus: Allium
Spésies: A. sativum
Jeneng binomial
Allium sativum
L.

Umbi saka tuwuhan bawang putih minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonésia.

Bawang mentah sugih senyawa-senyawa sulfur, kalebu dat kimia sing karan alliin sing agawé bawang putih mentah krasa getir utawa angur.

Bawang kalebu familia Liliaceae. Tuwuhan iki uga kalebu tuwuhan usuman.

Bawang bisa ditangkaraké saka umbiné. Pérangan umbi sing ndhuwur dipèngkès utawa dikethok, banjur ditandur kanthi dicublekaké ing lemah.

Bawang luwih apik ora dipangan mentah amarga ngganggu asem lambung. Bawang luwih becik dimasak dhisik kanthi digodhog, digorèng utawa dipanggang dhisik.

Kandhutan dat

Bawang ngandhut lenga atsiri, aliin, kalium, saltivine, lan diallysulfide.

Dasanama

Jeneng Latin: Allium sativum, Linn.

Jeneng lokal: Garlic (Inggris), bawang putih (Indonésia), bawang (Jawa); bawang bodas (Sunda), bawang handak (Lampung); kasuna (Bali), lasuna pute (Bugis), bhabang pote (Madura); bawa bodudo (Ternate), Kalfeo foleu (Timor).

Jeneng tlatah liyané:

Klasifikasi

  • Divisio: Spermatophyta
  • Sub divisio: Angiospermae
  • Kelas: Monocotyledonae
  • Bangsa: Liliales
  • Suku: Liliaceae
  • Marga: Allium
  • Jinis: Allium sativum
  • Jeneng umum: bawang putih

Khasiyat

Kanggo obat lelara hipertensi, asma, watuk, masuk angin, lara sirah, lara kuning; sesek napas, busung banyu, ambeien, sembelit, njarem utawa abuh, abses; tatu bendha landhep, dicokot gegremet, cacingen, angèl turu (insomnia).

22 khasiyat

  • Saliyané bisa mbiyantu sistem kakebalan lan kinerja otek, bawang putih uga duwé akèh khasiyat liyané.
  • Bisa njaga awak lan sèl-sèl saka prosès panuwan dhini, ngalonaké patumbuhan sèl kanker.
  • Kanthi ngonsumsi bawang, bisa ngurangi risiko kéna kanker.
  • Bawang yèn dikonsumsi kanthi rutin bisa ngurangi kadhar kolèsterol.
  • Bawang nduwé dat anti-kolèsterol kang jenengé ''ajoene'', dat iki bisa nyegah panggumpelan getih.
  • Bawang bisa mbiyantu ngurangi strèss lan dhèprèsi.
  • Bawang ngandhut vitamin A lan duwé èfèk luwih lembut.
  • Bawang ngandhut vitamin B
  • Bawang ngandhut vitamin C
  • Bawang ngandhut kalsium
  • Bawang ngandhut potasium
  • Bawang ngandhut antioksidan, karotèn lan selenium
  • Mangan bawang 2-3 siyung saben dinané, bisa nyegah lelara jantung.
  • Kanggo tamba utawa obat lelara getih dhuwur hipertènsi
  • Njaga lan ngènthèngaké kinerja tukak lambung.
  • Ngedhunaké kolèsterol getih.
  • Bawang bisa ngundhakaké insulin getih kanggo wong kang duwé lelara dhiabètès.
  • Nglumpuhaké radhikal bébas kang ngganggu sistem kakebalan awak.
  • Bawang uga kena kanggo panawar racun (detoxifier) kang bisa njaga awak saka warna-warna lelara.
  • Bawang yèn dipangan mentah bisa ngundhakaké nepsu mangan.
  • Njaga stamina awak.
  • Ngandhut khasiyat antimikroba, antitrombotik, hipolipidemik, antiarthritis, hipoglikemik, lan uga duwé aktivitas antitumor.

Paédah

Bawang putih kanggo bumbu sing digunakaké tumrap mèh saben panganan lan masakan Indonésia. Sadurungé dianggo bumbu, bawang dijur kanthi dipenet nganggo lading (dikeprèk) sadurungé dirajang alus lan ditumis ing wajan nganggo lenga gorèng sethithik. Bawang bisa uga dialuské kanthi diuleg bebarengan karo bumbu-bumbu liyané. Bawang kena diwuwurna ing mi utawa soto lan masakaan liyané. Bawang kang diwuwurna ing masakan yaiku bawang kang digorèng. Saliyané kanggo bumbu masakan, bawang bisa nyegah lelara jantung.

Bawang ngandhut lenga atsiri. Saliyané iku bawang uga duwé sipat antibakteri lan antisèptik. Bawang duwé khasiat minangka antibiotik alami. Dat allicin lan aliin kalebu dat kang nduwé daya anti kolèsterol. Dat iki uga bisa nyegah lelara jantung koronèr, tekanan getih dhuwur utawa hipertènsi.

Asil olahan

Bawang bisa diolah dadi bawang gorèng lan bumbu instan. Sadurungé diolah, bawang luwih dhisik digaringna. Bawang kang garing, kadhar banyuné sithik, saéngga luwih krasa gurih yèn diolah. Saliyané iku, asil olahané uga luwih kemriyuk. Saiki ana piranti kanggo nggaringaké bawang, saliyané kanggo nggaringaké bawang, piranti iki uga kena kanggo nggaringaké brambang. Piranti iki kanggo nggaringaké bawang kanthi kapasitas 5-6 kuintal. Saben prosès penggaringan mbutuhaké wektu kurang luwih 15 jam. Déné suhu kang kanggo nggaringaké yaiku 42-45 drajat Celcius.

Gladri

Chatetan sikil

Deleng uga

Pranala njaba

Cithakan:Bumbon crakèn

Tags:

Bawang Kandhutan datBawang DasanamaBawang KlasifikasiBawang KhasiyatBawang PaédahBawang Asil olahanBawang GladriBawang Chatetan sikilBawang Deleng ugaBawang Pranala njabaBawangAlliumBasa IndonésiaIndonésiaLatinTetuwuhan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SlenthemAngga Aldi YunandaMawar Eva de JonghAsuNew JerseyDelimaHimalayaKenongArimbiBeskapPucungImam BonjolPawadonanFilologiGunung RaungKratonYérusalemPakan manukBlogArané pérangan awakBekakakFardhu 'ainDuryodanaSingapore AirlinesTom CruiseSurat Adh DhuhaJenang sungsumLee Jong-sukSepur Gaya Baru Malam SelatanRebabFilipinaPanganan tradisionalLionel MessiLesungJakartahMahfud MDPattimuraSoekarnoCitra KiranaGendulAlang-alangTribhuwana WijayatunggadewiLondonSoetomoCilincing, Jakarta LorTinKabupatèn KaranganyarShalahuddin al AyyubiBasa SangsekertaPapan Anggegana Internasional Hong KongIrfan HakimTéaterGoogleErisBiruDrijiMidodareniMeteorHabib Muhammad Luthfi bin YahyaA. RafiqOmpakRujukMarie AntoinetteWikiquoteSesorahGaruda Wisnu KencanaAndi Alfian MallarangengMie ayamMikèl ArtétaVenusꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦒꦤ꧀Lumpia🡆 More