Brambang

Brambang utawa bawang abang (Allium ascalonicum L.) iku jeneng tuwuhan saka familia Alliaceae lan jeneng saka umbi kang dikasilaké.

Umbi saka tuwuhan brambang minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonésia. Brambang kalebu tuwuhan sayuran. Tuwuhan iki lumrahé kanggo bumbu masakan, utawa kanggo wuwuran ing masakan. Masakan kang lumrahé diwuwuri brambang ya iku soto, sop, sega gandul, sega pindhang, semur,mi goreng, mi godhog, lan liya-liyané. Brambang lumrahé diiris tipis, digoreng banjur diwuwurna ing masakan. Nanging ati-ati yèn nggorèng brambang, amarga brambang yèn digorèng gampang gosong.

Brambang
irisan brambang
Brambang
Brambang
Brambang ing pasar
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Asparagales
Famili: Alliaceae
Génus: Allium
Spésies: A. ascalonicum
Jeneng binomial
Allium ascalonicum
L.

Brambang iku sayuran kang ana méh ing kabéh masakan. Fungsiné kanggo gawé sedhep masakan. Ing kondisi Indonésia saiki, Indonésia lagi krisis ékonomi, saéngga kudu bisa ngoptimalké sumber daya alam supaya perékonomianné rikat pulih. Indonésia kalebu nagara agraris. Nanging saiki Indonésia malah ngimpor brambang saka manca nagara. Kaanan kang kaya mengkéné ndadékaké Indonésia kudu nduwé greget kanggo ngembangaké pertanian brambang.

Kembang brambang diaraniblalo, putut, ilu-ilu, menjos, gènggèk utawa klengeng, béda-béda miturut daérahé.

Deskripsi

Brambang iku tuwuhan semusim lan nduwè umbi kang lapis-lapis. Tuwuhan iki duwé oyod serabut, kanthi godhong awangun silinder mawa gronggongan. Umbi kawangun saka pangkal godhong kang nyawiji lan yasa "wit" kang owah wangun lan fungsiné, dadi gedhé lan lapis-lapis. Umbi brambang kawangun saka lapisan-lapisan godhong kang dadi geshé lan nyawiji. Umbi brambang dudu umbi sajati kaya déné kenthang utawa tales.

Paédah

Brambang gorèng iku brambang kang diiris tipis lan digorèng nganggo lenga gorèng kang akèh (agung). Lumrahé, masakan Indonésia kaya soto lan sup nganggo wurwuran brambang gorèng supaya luwih sedhep. Brambang uga ngandhut zat pengatur tuwuh alami wujud hormon auksin lan giberelin.

Brambang duwé zat kang jenengé ''tolbutamide'' Brambang wis suwé dadi obat kang manjur kanggo nambani diabétes. Brambang uga wis suwé misuwur ing ngèlmu kadhokteran, amarga kasiyaté kang akèh banget. Saka panalitén-panalitén modhèren, nuduhaké yèn brambang nduwé daya kanggo nurunaké gula darah lan daya iku mau katemokaké ing kadar kang ana ing panganan kang ana bumbu brambangé.

Para panaliti ing India nggunakaké brambang kang wis digawé jus apa déné kang isih bunder lan wutuh. Gedhéné kurang luwih 25-200 gram. Saya akèh brambang kang digunakaké saya kurang kadar gula darah. Ora ana bédané khasiat brambang kang isih mentah apa déné kang wis digodhog utawa digoréng.

Miturut téyori kang diandharaké tim panaliti, brambang uga duwé prabawa ing metabolisme gula ing njero ati, utawa metabolisme pelepasan insulin. Brambang bisa ncegah rusaké insulin."Agen" kang duwé kamampuan hipoglikemia, bisa nurunaké kadar gula darah.''Agen'' iku ora liya zat aktif kang arané allyl propyl disulfide lan allicin. Bukti eksperimen lan klinis nuduhaké yèn allyl propyl disulfide bisa nurunaké gula darah kanthi cara ngundhakaké “masa hidup” (lifespan) insulin.

Wiwit taun 1923, para ilmuwan ndetéksi depressor gula darah ing brambang, lan ing taun 1960, para panaliti bisa ngisolasi senyawa antidiabetes saka brambang. Senyawa iki cara kerjané mirib obat farmasi antidiabetes umum. Zat antidiabetes iki arané tolbutamide. Zat iki kerep dienggo ngurangi kadar gula darah. Cara kerjané tolbutamide ya iku kanthi ngrangsang sintésis lan ngetokaké insulin. Ing panalitén, para ilmuwan nggunakaké kelinci kango percobaan. Ing panalitén iki nuduhaké yèn ekstrak brambang, 77 persèn padha efektifé karo dosis standar tolbutamide.

Hasil panaliten uga nuduhaké yèn brambang nduwé éfék nurunaké gula lan lemak darah. Mulané dianjurké supaya nambahaké brambang ing saben masakan. Ancasé supaya njaga kadar gula darah. Brambang bisa digunakaké ing masakan. déné cacahé sembarang.

Studi Chandalia sakanca nuduhaké yèn asupan utawaintake serat larut kang akèh bisa dicukupi kanthi konsumsi panganan alami kang akèh serat. Diet tinggi serat kanthi éfék samping kang minim bisa ditindakaké wong kang nandang lelara diabétes. Mulané kanggo ngundhakaké serat, penderita diabétes bisa mangan sayuran utawa woh kang akèh serat.

Panganan kang akèh seraté bisa minangka diét tinggi serat. Panalitén Chandalia sakanca, wujud woh koktail, jeruk seger, nanas seger, kates seger, buah persik (peach) segar, buah ceri, tomat segar, jagung, zucchini, kacang ijo, roti whole-wheat, lan ''havermout'' (oatmeal dan oat bran). Utamane jeruk dan nanas, kacang ijo, lan ''havermout'' kalebu sumber serat larut.

Dasanama

Jeneng latin Latin: Allium cepa L

Jeneng Laladan: Bawang abang mirah (Acèh); Pia (Batak); Bawang abang (Palembang); Bawang sirah, Barambang sirah, Dasun merah (Minangkabau); Bawang suluh (Lampung); Bawang beureum (Sunda); Brambang, Brambang abang (Jawa); Bhabang mera (Madura); Jasun bang, Jasun mirah (BaIi); Lasuna mahamu, Ransuna mahendeng, Yantuna mopura, Dansuna rundang, Lasuna randang, Lansuna mea, Lansuna Raindang (Sulawesi Utara); Bawangi (Gorontalo); Laisuna pilas, Laisuna mpilas (Roti); Kalpeo meh (Timor); Bowang wulwul (Kai); Kosai miha; Bawa rohiha (Ternate); Bawa kahori (Tidore).

Habitat

Brambang lumrahé ditandur ing dataran cendhèk nganti 1300 m dpl, ing laladan kang lembab lan cukup banyuné.

Zat-zat

Minyak atsiri, sikloaliin, metilaliin, dihidroaliin, flavonglikosida, kuersetin, saponin, peptida, fitohormon, vitamin, dan zat pati.

Khasiat

Brambang nduwé khasiat kanggo Bakterisid; ekspektoran; diuretik.

Gladri

Cathetan suku

Uga delengen

Pranala njaba

Cithakan:Bumbon crakèn

Tags:

Brambang DeskripsiBrambang PaédahBrambang DasanamaBrambang HabitatBrambang Zat-zatBrambang KhasiatBrambang GladriBrambang Cathetan sukuBrambang Uga delengenBrambang Pranala njabaBrambangAlliaceaeGodhogGosongMasakan IndonésiaMiSegaSemurSopSotoTuwuhan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WikipédiaKeshogunan TokugawaMegawati PrabowoParto PatrioAksara BaliRengginangCepu, BloraSurfaktanAllahAmérika SarékatSistem operasi komputerParibasan JawaUleg-ulegSaddam HusseinNagaraGeni.comKatulistiwaAgus MustofaJaring KalamanggaSoehartoBrokohanLangitC++WikisastraCukRante MasTiongkokChairul TanjungPramoedya Ananta ToerYupiterWayangIrfan HakimPallywoodRanah internet tingkat paling dhuwurKarangmoncol, PurbalinggaSlankKucingL'Origine du mondeOtto IskandardinataTugu YogyakartaMikèl ArtétaGathotkacaMark ZuckerbergMat SolarKarim BenzemaSugeng AdipitoyoIndhiHanyu PinyinJefri NicholLuhut Binsar PanjaitanNitrogenAnoaJesse JamesIndhonésiaAndhaErling HaalandMontor mabur nirawakPiknik wudaJeff BezosNakulaAline AditaAchmad SoebardjoMichikoAnnisa TrihapsariAnusKabupatèn LamonganCarita Aji SakaLee Min HoKutha NgayogyakartaDasanamaPadmasoesastraShalahuddin al AyyubiKarnaTèknologiGunung PrauKomèt🡆 More