Obat

Obat ya iku barang utawa dat kang bisa dipigunaké kanggo tamba lelara, ngilangaké tandha-tandha lelara,lan ngowahi prosès kimia ing awak.

Obat iku bahan utawa campuran bahan-bahan kang dipigunaké kanggo kanggo ngukuhaké diagnosis, nyegah, ngurangi, lan nambani lelara utawa tandha-tandha lelara, tatu lan awak kang ora normal. Saliyané iku obat uga kena kanggo nggawé awak saya éndah umpamané obat tradhisional.

Ing Amérika Sarékat, obat digawé déning prusahaan farmasi utawa farmasi kang tuku obat saka prusahaan farmasi. Farmasi uga kena nyediakaké obat kanthi cara langsung tumrap pasièn yèn obat iku bisa aman nalika dianggo pasièn dhéwé utawa diwènèhi resep kanthi preskripsi kang digawé dhokter. Nalika lagi sepisanan dipasaraké, obat duwé rega kang larang, nanging asuransi kaséhatan bisa dianggo ngènthèngaké béaya. Nalika patèn salah sawijiné obat wis entèk, obat generik digawé lan didistribusèkaké déning prusahaan saingan kang njalari regané dadi murah. Obat kang ora mbutuhaké preskripsi saka medis profésional dikenal kanthi jeneng obat OTC (basa Inggris: Over the Counter, kang tegesé ing kasir). Obat jinis iki kena didol ing toko biyasa.

Ing Indonésia, obat kang larang regané luwih akèh cacahé, iki amarga larangé béaya pemasaran kang ditanggung déning prusahaan farmasi, mligi kanggo obat ethical. Obat bisa dituku ing apoték, puskesmas, toko obat lan tenaga medis.

Klasifikasi

Obat bisa diklasifisikaké kanthi akèh cara, kanthi cara mekanisme aksi, èfèk lan status (legal apa ora legal). Jinisé obat iki kaya ta

  • Analgesik obat kanggo ngilangaké rasa lara
    • Non-NSAID antipiretik
      • Acetaminophen (uga diarani kanthi jeneng parasetamol, obat iki bisa njalari lever yèn digunakaké kanthi cara kronik.
    • NSAIDS
      • Aspirin utawa ASA (acetylsalicylic acid), kang diarani antipiretik
      • Ibuprofen uga diarani Advil, Motrin, Nuprin and Brufen
    • Opioids, narkotik kanggo ngilangaké rasa lara kang kuwat. Obat iki bisa njalari ketagihan. Obat iki minangka obat rékréasi amarga duwé éfék euphorik.
      • Opiates
        • Morphine
        • Codeine
      • Sintetik lan setengah-sintetik opioids
        • Heroin
        • Oxycodone
        • Vicodin
        • Demerol
        • Darvocet
        • Tramadol
        • Fentanyl
  • obat rekreasi lumrahé minangka njaga émosi utawa kanggo rekreasi lan nenangaké awak
    • Alcohol
    • Nicotine
    • Caffeine
    • Hallucinogens (including LSD, Magic mushrooms and Dissociative drug)
    • Cannabis
    • MDMA
    • GHB
    • Heroin
    • Cocaine
    • Inhalant
  • Entheogenic kanggo nggawé rasa mistik utawa shamanistic
  • Obat peningkatan performa (kanggo ulah raga utawa perang).
    • Amphetamine
    • Ephedrine
    • Cocaine
    • Anabolic steroids
  • Obat gaya hidup kanggo ngundhakaké kualitas urip
    • Viagra
    • Rogaine
    • Antidepressant
  • obat Psychiatric
    • Antidepressants
      • Prozac
      • Paxil
    • Tranquilizers
      • Typical antipsychotic tranquilizers
        • Thorazine
      • Atypical antipsychotic tranquilizers
    • Sedative
      • Valium
  • Obat tradhisional

Cathetan suku

3. Obat Kuat Archived 2014-05-12 at the Wayback Machine.


Tags:

KimiaLelaraTradhisional

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Mahaka Media1998Dragon ballSandiaga UnoLesungRukun IslamGarang asemEgy Maulana VikriAlamKarbonꦱ꧀ꦮꦫOmah GadangDian SastrowardoyoWayang golèkEnergi PotensialAhmad DahlanMerkuriusBanaspatiCathetan padinanTembung aranWikiOmah LimasanFilippo InzaghiNagasariSesorahTsumugi AkariMa Dong-seokArané pérangan awakGambuhNike ArdillaAngklungEnceng gondhokWiki FoundationÉjaan Basa JawaAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)UrangutanPendhapaLitiyumPrancisCrash Landing on YouWangsalanKomètPrasejarahPencak silatFosforAksara CarakanKratonNathan Tjoe-A-OnTetanènLos AngelesPlanèt cilikRakunKodhokBasa kramaPersija JakartaGibran RakabumingMali1982GandarukemSemen Padang FCLemètUyon-uyonSurinameOrgasmeKolintangMaskumambangBaronganWikinewsShalahuddin al AyyubiRuwahanJaétunKendhang🡆 More