Kendhang iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh.
Ing musik modhèren, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu kang wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang duwé jinis lan ukuran kang warna-warna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang dhapuré kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Pérangan kang luwih gedhé lumrahé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Ana 4 jinis kendhang kang umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka kang gedhé dhéwé ukurané)
Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama mligi yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.
Akèh jinis swara kang bisa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
Notasi swara kendhang kang umum dienggo yaiku:
Wiki Commons duwé médhia ngenani Indonésian drums. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kendhang, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.