Urangutan (nama sanèsipun inggih wurangutan ing basa Jawi Kina utawi in basa Lumayu mawas) inggih punika sajinis munyuk ageng kanthi lengen dawa saha wulunipun semu abrit utawi coklat, ingkang taksih gesang ing alas tropika Indonesia saha Malaysia, mliginipun ing Pulo Kalimantan saha Sumatra.
Orangutan | |
---|---|
Status konservasi: Terancam | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mamalia |
Ordho: | Primata |
Famili: | Hominidae |
Subfamili: | Ponginae Elliot, 1912 |
Génus: | Pongo Lacépède, 1799 |
Spésies tipe | |
Simia pygmaeus Linnaeus, 1760 | |
Spesies | |
Pongo pygmaeus Pongo abelii Pongo tapanuliensis | |
Distribusi Orang utan |
Tembung "urangutan" dipunpendhet saking basa Lumayu, inggih punika ‘urang’ ingkang ateges tiyang lan ‘utan’ ingkang ngemu teges ‘wana’. Sanadyan mekaten tembung punika sampun wonten ing kasusastran Jawi Kina kaliyan Jawi Tengahan.
Ing Kakawin Ramayana ingkang bokmanawi kaserat ing abad kaping 9, ugi sampun wonten:
Lajeng ing Kidung Tantri Kedhiri uga wonten:
Ing basa Jawi Kina kaliyan Tengahan punika mboten patiya cetha punapa wurangutan utawi urangutan punika inggih leres ngrujuk marang urangutan.
Orang utan wonten kalih spésies, inggih punika orang utan sumatera (Pongo abelii) lan orang utan kalimantan (borneo) (Pongo pygmaeus). Ingkang unik inggih punika orang utan gadhah kekerabatan ingkang caket kaliyan manungsa ing tingkat kingdom animalia, ing pundi orang utan gahdhah tingkat DNA ingkang sami antawis 96.4%.
Salebetipun spésies urangutan Sumatra wiwit taun 2017 wonten spésies bènten malih ingkang diakeni, inggih punika urangutan Tapanuli (Pongo tapanuliensis).
Orang utan gadhah badan ingkang lemu saha ageng, gulunipun ageng, lengen ingkang dawa lan kiyat, suku ingkang cekak, saha boten gadhah buntut.
Orangutan gahdhah dhuwur antawis 1.25-1.5 mèter.
Badan orang utan kebak kaliyan rambut abrit semu coklat. Orang utan gadhah sirah ingkang ageng kanthi posisi lambe ingkang inggil.
Nalika dumugi tingkat kematangan sèksual, orang utan lanang gadhah pelipis ingkang lemu ing kekalih sisihipun, ubun-ubun ingkang ageng, rambut dados dawa saha janggut ing kiwa-tengené praupan. Orang utan gadhah indera ingkang sami kaliyan manungsa, inggih punika pangrungu, paningal, pangganda, pangecap, sarta paraba.
Bobot orang utan lanang antawis 50–90 kg, déné orang utan babon bobotipun antawis 30–50 kg. Telapak tanganipun gahdhah sekawan driji dawa katambah satunggal jempol. Telapak sukunipun ugi gadhah sungsunan driji ingkang mirib kaliyan manungsa.
Orang utan taksih kalebet ing spésies kera besar kados ta gorila lan simpanse. Golongan kera besar mlebet ing klasifikasi mammalia, gadhah ukuran polo ingkang ageng, mata ingkang tumuju ing ngajeng, saha tangan ingkang saged nggegem.
Orang utan kalebet kéwan vertebrata, ingkang ateges bilih orang utan gadhah balung belakang. Orang utan ugi kalebet kéwan mamalia lan primata.
1. wonten kalih jinis spésies orang utan, inggih punika Orangutan Kalimantan / Borneo (Pongo pygmaeus) lan Orangutan Sumatra (Pongo abelii).
2. Keturunan Orang utan Sumatra lan Kalimantan bènten wiwit 1.1 dumugi 2.3 yuta taun kapengker.
3. Subspecies
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Urangutan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.