Kluwih

Kluwih duwé jeneng elmiyah Artocarpus camansi, tuwuhan kang memper sukun nanging duwé isi lan kulit wuhe duwé rambut kang luwih dawa lan lemes.

Kluwih
Kluwih
Buah Kluwih
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Rosales
Famili: Moraceae
Génus: Artocarpus
Spésies: A. camansi
Jeneng binomial
Artocarpus camansi
(Parkinson) Fosberg

Ing Basa Inggris diarani seeded breadfruit amarga kaya déné sukun nanging duwé isi. Kembang kluwih diarani ontèl, pontèl, besol, olèr, pondèl, kolèr, besolé.

Tuwuhan iki asalé saka Papua Nugini lan sumebar ing pulo-pulo tropis ing pasifik.

Papan urip

Wit kluwih racaké tinemu ing laladan tropis ing laladan kang dhuwure 0-1550 mèter saka sagara kanthi suhu 15–40 °C lan lemah kang garing.

Pemerian

Wit kluwih duwé dhuwur nganti 35 mèter lan godhonge 40–60 cm dawane lan ambané 25–45 cm kanthi wujud kaya driji.

Kluwih 
Woh kluwih, duwé isi

Wohe wujud bunder, boboté watara 800 gr, dawane 16–20 cm lan lebare 8–15 cm, kanthi warna ijo semu kuning, lan wit kang diwasa bisa ngasilaké woh cacah 600-800 saben taun. Woh kluwih duwé isi watara 12-150 iji kang boboté 7-10gr/iji. Isiné biyasa kasebarake déning mamalia.

Kluwih 
Wit sukun

Tags:

Basa InggrisSukun

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Wiki FoundationLaura BasukiRengginangGita WirjawanSunan AmpèlYurike PrastikaAlamat IPEra Wulan Watu TanaLegoJawaBhutanBathara GuruPerang BadarPélogꦤꦒꦱꦫꦶNurwègen5 JuniAdolf HitlerSurat Al JinSurat Al LahabHamengkubuwana VIIYordaniaPCIYamDonald TrumpKaisarPanambang9 AprilSato kéwanBahrainZambiaDonitaSporozoaTembung wodBasaBasa RuslanWangsalanDenny CaknanSakuntalaGaya asuArané pérangan awakTelik sandhiDilraba DilmuratKomando Daerah Militer I/Bukit BarisanMuhammad Arsyad al-BanjariSop saudaraSurat At TalaqSan MarinoGunung SumbingBebrayanRiyal SaudiKopiDriveCumbanaBibit WaluyoParto PatrioRukun IslamKabupatèn SarolangunFerry MaryadiIrfan HakimBisbolBaskin-RobbinsFMarmutSurat Al HadiidSarireja, Tanjung, BrebesFacebookKevin Sanjaya Sukamuljo1922Kalideres, Jakarta KulonKulawarga basa Indo-ÉropaAlexander Agung🡆 More