Surat Ali Imran

Surat Ali Imran (Arab آل عمران ) iku surat kaping telu Kuran kanthi 200 ayat.

Ali 'Imran
Surat Ali Imran
Ayah 1 s.d. Ayah 5
Ayah 1 s.d. Ayah 5
Informasi
Makna Kulawarga 'Imran
Nami sanès az-Zahrawan
(Loro kang Gumilang)
Klasifikasi Madaniyah
Surat ka 3
Juz Juz 3 (ayat 1-91)
Juz 4 (ayat 92-200)
Statistik
Gunggung ayat 200 ayat

Surat iki kagolong surat Madaniyah utawa surat kang tumurun ing kutha Madinah. Surat iki dumadi saka 200 ayat. Dijenengaké Ali 'Imran amarga ngamot kisah kulawarga Imran kang sajeroning kisah iki disebutaké kelairan Nabi Isa, pepadhané karo kadadéan Nabi Adam, kenabian lan sawatara mukjizaté, sarta ingaran uga kelairan Maryam binti Imran, ibu Nabi Isa. Surat Al Baqarah lan Ali 'Imran iki dijenengaké Az-Zahrawan (Loro Sing Gumilang), amarga kaloro surat iki nyingkap bab-bab kang miturut apa kang dipratélaké Al-Qur'an didhelikaké déning para Ahli Kitab, kaya déné kadadéan lan kelairan Nabi Isa rawuhé Muhammad lan sapanunggalané.

Ringkesan isi

  • Kaimanan: Dalil-dalil lan alesan-alesan kang mbantah wong Nasrani kang nganggep Nabi Isa a.s. minangka Allah; katauhidan iku dhasar kang digawa déning kabèh Nabi.
  • Hukum-ukum: Musyawarah; mubahalah; larangan riba.
  • Kisah-kisah: Kisah kulawarga 'Imran; perang Badar lan Uhud lan tuladha saka prastawa mau.
  • Liya-liya: Golongan-golongan manungsa sajeroning mangertèni ayat-ayat mutasyaabihaat; sipat-sipat Allah; sipat wong-wong kang takwa; Islam siji-sijiné agama kang diridhai Allah; kamudharatan utawa karugian njupuk wong-wong kafir minangka kanca kapitayan; perjanjèn para Nabi déning Allah; perumpamaan-perumpamaan; pèngetan-pèngetan marang Ahli Kitab; Ka'bah iku omah ibadat kang tuwa dhéwé lan bukti-buktiné; mupangat ngélingi Allah lan ngrenungaké ciptaanNé.

Cthetan Sikil

Pranala njaba


Surat Sadurungė:
Surat Al Baqarah
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
Surat An Nisaa’
Surat 3


Tags:

AdamAhli KitabAl-Qur'anAyatBasa ArabIsaKuranMadaniyahMadinahMuhammadSurat Al Baqarah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Camp NouKolaKempyangAgus MustofaSelat SalaArjunaPatih SuwandaAmien RaisBagoes HadikoesoemoPayudaraSepasaranJawaFilemBertrand AntolinBasuki RahmatBangsa JepangPersija JakartaWirangrongPrastawa BudayaSrabiTimahPurwakanthiGethukNew JerseySurat Al FathKethukGunung RinjaniKumbangTerpentinNike ArdillaMohamed Ahmed NassarDragon ballLos AngelesVladimir LeninWektu Universal KakoordhinasiCathetan padinanMia KhalifaSrengéngéBeskapSurat Al JinCombroSurat Al An’amSatelit alamiMasjidil KaramRaline Shah1805GambuhRawonLee Jong-sukBathikSemikonduktorWong MandailingWidy Soediro NichlanyOrgasme2020-anWiwitIron MaidenSesorahAlang-alangDream HighPanganan tradisionalRahwanaElipsUpacara tingkebanRaditya DikaSinomShayne PattynamaLesungKangsadéwaAndi Sultan Daeng RadjaKatulistiwaMitoniPrasejarah🡆 More