Dream High

Dream High (basa Koréa: 드림하이) iku sérial tivi Koréa Kidul kang dibabaraké déning Korean Broadcasting System.

Sérial iki dibabaraké wiwit tanggal 3 Januari nganti tekan 28 Fèbruari 2011. Sajeroning filem iki dimainaké déning Suzy, Taecyeon, Lee Ji Un, Jang Wooyoung, Ham Eun Jung lan Kim Soo-Hyun. Film iki kababar nganti tekan 16 épisode. Drama iki misuwur ing kalangané bocah nom. Épisode spésialé ya iku nalika ana kasting kanggo penampilan ing panggung Dream High Special Concert cedhak karo Seoul, Koréa Kidul lan dibabaraké déning Korean Broadcasting System tanggal 1 Maret 2011. Ora bakalan suwé manèh, Dream High kang dibabaraké déning Korean Broadcasting System tanggal 17 Maret 2011, bakalan diterusaké ing filem kapindhoné ing tanggal 3 Januari 2012.

Dream High
Dream High
GenreKomedi
Romantis
Musik
Ditulis déningPark Hye Ryun
ProduserLee Eung Bok
DiparagakakéKim Soo-Hyun
Taecyeon
Suzy Miss A
Eun Jung
IU
Wooyoung
Pangisi swaraTaecyeon, Wooyoung, Suzy, Kim Soo-Hyun, JOO
NaratorTaecyeon, Wooyoung, Suzy, Kim Soo-Hyun, JOO
Musik déningTaecyeon, Wooyoung, Suzy, Kim Soo-Hyun, JOO
Lagu pambukaDream High, Taecyeon, Wooyoung, Suzy, Kim Soo-Hyun, JOO
Lagu panutupDream High, Taecyeon, Wooyoung, Suzy, Kim Soo-Hyun, JOO
KomposerTaecyeon, Wooyoung, Suzy, Kim Soo-Hyun, JOO
Negara asalKoréa Kidul
Basa asliKoréa
Gunggung mangsa1
Prodhuksi kaloro
Gunggung episode16 (1 spésial)
Prodhuksi
ProdhuserBae Yong Joon
Park Jin Young
KapernahSeoul, Koréa Kidul
SinematografiKorean Broadcasting System
Panata kaméraKorean Broadcasting System
Suwéné acaraSenèn tekan Slasa jam (UTC+09:00) 21:55 KST
ProdhuksiKorean Broadcasting System
DistributorKorean Broadcasting System
Pambabaran
Saluran tiviKBS 1TV
Format gambar480i SDTV
Format swaraDolby Digital
DTS Digital Sound
Sony Dynamic Digital Sound
Dibabar kapisan ing3 Januari 2011
Lakuné acara3 Januari 2011 –
28 Fèbruari 2011
Kronologi
Acara sadurungéMary Stayed Out All Night
Acara sawiséCrime Squad
Pranala jaba
situs resmi (basa Koréa)

Film iki nyritakaké enem murid sekolah menengah seni Kirin Art High School kang kepéngin banget bisa ngawujudaké gegayuhané, ya iku dadi bintang ing babagan musik ing Koréa. Go Hye-mi (Suzy) iku murid kang duwé bakat kang gedhé ing babagan musik klasik, nanging kudu nglalèkaké gegayuhané iku kanthi lumebu ing sekolah Kirin amarga arep mbayar utangé bapaké.

Supaya bisa dadi murid Kirin Art High School, Hye-mi kudu bisa nggawa rong murid manèh kanggo lumebu menyang sekolah iku. Loro murid iku ya iku Song Sam-dong (Kim Soo-hyun) kang asalé saka désa lan Jin Guk (Taecyeon) kang minggat amarga dioyak rèntenir. Saliyané iku, Yoon Baeh-hee (Ham Eun-jung) kang dhisiké kanca cedhaké Hye-mi ing pungkasané dadi saingan sengit Hye-mi ing sekolah iku.

Sinospis paraga

    Go Hye Mi iku paraga baku ing drama iki. Dhèwèké saka kulawarga kang sugih, sawisé ibuné séda, bisnis bapaké bangkrut, banjur kulawargané utang menyang dhèbitur. Hye Mi dioyak-oyak dhèbitur kang jenengé Ma Doo Shik lan pungkasané dhèwèké dikon main drama. Hye Mi ketemu Jin Guk nalika iku Jin Guk nylametaké Hye Mi saka Ma Doo Shik. Ing awal carita, Hye Mi digambaraké minangka bocah wadon kang galak, menengan kang ngécé kanca cedhaké Yoon Baek Hee amarga Hye Mi gagal saka audhisi lumebu Sekolah Seni Kirin. Pungkasané, dhèwèké ditampa ing sekolah Kirin minangka salah siji siswa spésial déning dhirèktur mligi barengan karo Jin Guk lan Sam Dong. Sansaya suwé, Hye Mi bisa dadi bocah kang kuwat, pedhuli, lan bisa awèh sepura marang kanca cedhaké iku. Hye Mi disenengi Sam Dong lan Jin Guk, lan dhèwèké bingung milih saka kekaroné. Ing pungkasan carita, Hye Mi milih Sam Dong kang ninggal dhèwèké menyang Amérika kanggo dadi penyanyi.
    Song Sam Dong iku bocah lanang saka désa kang mèlu Hye Mi menyang kutha Seoul sawisé tresna marang Hye Mi. Dhèwèké duwé bakat musik kang luar biyasa, bisa main akord sanajan ora ngerti akord iku apa, nanging dhèwèké bocah kang naif lan duwé masalah karo pangrungu, kang bisa dadi masalah nalika arep ngoyak gegayuhané dadi artis kang misuwur. Sam Dong mbélani Hye Mi nalika kanca sekolahé padha jèngkèl karo Hye Mi, nutupi Hye Mi supaya ora kena endhog kang diuncalaké menyang Hye Mi. Saliyané iku, Sam Dong uga nylametaké Hye Mi supaya ora ketibanan pot kembang saka dhuwur, sanajan bar-barané pot iku malah nibani sirahé Sam Dong dhéwé. Hye Mi ndadèkaké Sam Dong dadi "keren" lan potongan rambuté digawé supaya mirib potongan rambuté Jin Guk, akiré Sam Dong motong rambuté luwih cekak lan nganggo anting-anting. Sam Dong gladhèn main piano supaya bisa tampil barengan Hye Mi nalika nyanyèkaké "Maybe". Ing pungkasan carita, Sam Dong dadi penyanyi kang misuwur kanthi jeneng panggung "K".
  • Taecyeon minangka Hyun Si Hyuk (Jin Guk)
    Jin Guk iku kancané Hye Mi nalika cilik lan mesthi ngréwangi Hye Mi nalika Hye Mi susah. Jin Guk kerep ngélingaké Hye Mi kenangan nalika isih cilik. Jin Guk unggul ing babagan nari lan nge-rap. Dhèwèké nyanyi tembang "My Valentine". Jin Guk lumebu ing tresna segitelu antarané Go Hye Mi lan Yoon Baek Hee. Sawisé tampil karo Baek Hee ing showcase, dhèwèké debut karo salah siji lembaga hiburan Koréa lan dadi anggota saka "Grup K". Sawisé debut, dhèwèké nembé ngerti yèn dhèwèké seneng karo Hye Mi lan dhèwèké kepéngin urip bareng karo Hye Mi. Nanging, Hye Mi mangkel karo Jin Guk amarga dhèwèké nglakoni debut minangka artis solo nalika dhèwèké janji bakalan debut barengan karo Hye Mi. Jin Guk nyoba nampa kasunyatan yèn Jin Guk jebulé ora bakalan ditampa dadi anaké bapaké, lan bapaké kepéngin Jin Guk supaya sekolah ing Amérikah Sarékat. Ing pungkasan carita Jin Guk ngerti yèn Hye Mi seneng karo Sam Dong lan Jin Guk bisa nglilakaké. Jin Guk ngomong marang Hye Mi yèn dhèwèké bakal dadi kanca apik.

Ingkang maragani

Paraga Utama

Extended cast

  • Ahn Kil Kang minangka Ma Doo Shik
  • Ahn Sun Young minangka Kang Oh Sun (Mbakyuné Hyuk)
  • Ahn Seo Hyun minangka Go Hye Sung (Adhiné Hye Mi)
  • Park Eun Bin minangka 16 taun old Hye Sung (ep 16)
  • Lee Hye Sook minangka Song Nam Boon (Ibuné Sam Dong)
  • Choi Il Hwa minangka Hyun Moo Jin (Bapaké Jin Guk)
  • Park Hyuk Kwon (박혁권) minangka Go Byung Jik (Bapaké Hye Mi)
  • Park Hwi Soon minangka kanca sekamaré Jin Guk (ep 1, 2, 5)

Cameos

  • Jo Soo Mi (조수미) minangka herself (ep 1)
  • Kim Hyun Joong minangka himself (ep 1)
  • Nichkhun minangka Ri Ah's CF partner (ep 8)
  • Koo Jun Yup minangka himself (ep 9)
  • Hwang Chan Sung minangka Oh Sun's imaginary boy (ep 12)
  • Lee Teuk minangka himself (ep 13)
  • Eun Hyuk minangka himself (ep 13)
  • Miss A minangka flash mob dancers (ep 16)
  • 2AM minangka flash mob dancers (ep 16)
  • Dal Shabet minangka Baek Hee's Kirin students (ep 16)

Guru Sekolah Kirin

  • Uhm Ki Joon minangka Kang Oh Hyuk
  • Lee Yoon Ji minangka Shi Kyung Jin
  • Park Jin Young minangka Yang Jin Man
  • Lee Byung Joon minangka Kepala Sekolah Shi Bum Soo
  • Lee Yoon Mi minangka Maeng Seung Hee
  • Baek Won Kil minangka Gong Min Chul
  • Bae Yong Joon minangka President Jung Ha Myung (ep 1-4)
  • Joo Young Hoon minangka the composing teacher (ep 11)

Murid Sekolah Kirin

  • Jun Ah Min minangka Jo In Sung (kancané Jin Guk)
  • Jung Min Joo minangka Jung Ah Jung
  • Han Ji Hoo minangka Park Do Joon
  • Yoon Young Ah minangka Lee Ri Ah
  • Park Jin Sang (박진상) minangka Jun Tae San
  • Kim Bo Reum minangka Ha So Hyun

Soundtrack

Dream High
No. Irah-irahan Artis Suwené
01. Dream High Taecyeon, Wooyoung, Suzy, Kim Soo-Hyun, JOO 3:47
02. Someday IU 3:38
03. My Valentine Taecyeon & Jang Wooyoung 4:07
04. 가지마 (Don't Leave) Junsu & Lim Jeong Hee 4:20
05. 못 잊은 거죠 (If) Park Jin Young 3:55
06. Maybe SunYe 3:01
07. 사랑하면 안될까 (Can't I Love You?) Changmin & Jinwoon 3:35
08. 어떤이의 꿈 (A Part of This Dream) San E (Feat SoHyang Of POS) 3:16
09. 겨울아이 (Winter Child) Suzy 3:39
10. Dreaming Kim Soo-Hyun 3:42
11. 못 잊은 거죠 (If) (Inst.) Park Jin Young 3:55
12. Maybe (Inst.) Sunye 3:01

Cathetan sikil

Tags:

Dream High Sinospis paragaDream High Ingkang maraganiDream High SoundtrackDream High Cathetan sikilDream High1 Maret17 Maret2011201228 Fèbruari3 JanuariHam Eun JungJang WooyoungKim Soo-HyunKoréa KidulLee Ji UnSeoulSuzyTaecyeon

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Najelaa ShihabWayback MachineJefri NicholAnang HermansyahTobey MaguirePaculRadja NainggolanMia KhalifaRocket RockersPamenging gendul plastikReza ArtameviaKalkulusAnwar FuadyPlanitTembung YogyaswaraFedi NurilBrésaolaCangkrimanLemperGemblongKanoBumiXabi AlonsoOmah Joglo2020FacebookKi Hadjar DewantaraTeletubbiesTapéParto Patrio800Kendhang batanganBrexitSekatènWunguAllahCublak-cublak suwengGaruda Wisnu KencanaBonang barungNeptunusTrombositMaskumambangTembungBimasektiPrasasti YupaKabinèt Gotong RoyongDhandhanggulaSurat Al JinHypertext markup languageHidrogenLuna MayaDaftar Mentri Pertahanan Républik IndonésiaÈnsiklopédhiPariwaraMetanaAnies BaswedanVidéoNadiem MakarimNagita SlavinaTeguh OstenrikSundaeYouTubeHibiki ŌtsukiDinaMaulana Malik IbrahimTembung wodGamelanIbnu SinaMacapatSingaUlate bening leriWikipédia basa JawaBasa SangsekertaGong Yoo🡆 More