(Basa Koréa: Gawanen kauntungan marang kabèh rakyat)
| |||||
Sesanti: 널리 인간세계을 이롭게 하라 (홍익인간) | |||||
Basa resmi | Koréa | ||||
Kutha krajan | Seoul 37°35′ LU 127°0′ BT[pranala mati permanèn] | ||||
Présidhèn | Moon Jae-in (문재인 ; 文在寅) | ||||
Nayakotama | Kim Boo-kyum (김부겸 ; 金富謙) | ||||
Wewengkon -Total -% Air | Urutan kaping 107 100.210 km² 0,3% | ||||
Padunung -Total (2016) -Kapadhetan | Urutan angka 25 51.708.500 516/km² | ||||
Kamardhikan -Dhéklarasi Républik -Pambébasan -Konstitusi | Perang Dunia II: 1 Maret 1919 15 Agustus 1945 17 Juli 1948 | ||||
PDB (PPP dhasar) -Total (2003) -PDB/orang | Urutan angka 11 $855,3 miliar US$17.700 | ||||
Mata uang | Won | ||||
Zona wektu | UTC +9 | ||||
Tembang kabangsan | Aegukga | ||||
TLD | .kr | ||||
Kodhe telepon | 82 | ||||
Républik Koréa (Aksara Jawa: ꦒꦤꦒꦫꦏꦺꦴꦫꦾ ) (basa Koréa: Daehan Minguk (Hangul: 대한민국; Hanja: 大韓民國); basa Inggris: Republic of Koréa/ROK) biyasa dikenal minangka Koréa Kidul (Aksara Jawa: ꦏꦺꦴꦫꦾꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ ), iku nagara ing Asia Wétan sing nyakup pérangan kidul Ujung Koréa. Ing sisih lor, Républik Koréa wewatesan karo Koréa Lor, lan kaloroné nyawiji dadi siji nagara nganti taun 1948. Jepang dumunung ana ing sabrang Sagara Jepang (karan "Sagara Wétan " déning wong-wong Koréa) lan Selat Koréa dumunung ing sisih kidul-wétan. Nagara iki dikenal kanthi jeneng Hanguk (한국; 韓國) déning sing ndunungi Koréa Kidul lan karan Namchosŏn (남조선; 南朝鮮; "Chosŏn Kidul") ing Koréa Lor. Kutha krajan Koréa Kidul ya iku Seoul (서울).
Minangka salah siji saka papat Macan Asia Wétan, Koréa Kidul wis nggayuh rèkor tuwuh sing ngédap-édapi, nggawé Koréa Kidul dadi nagara kanthi ékonomi gedhé dhéwé angka 12 ing donya. Sarampungé PDII, PDB per kapita kira-kira padha karo nagara miskin liyané ing Afrika lan Asia. Banjur Perang Koréa nggawé kondhisi tansaya parah. Saiki PDB per kapita kira-kira tikel ping 20 saka Koréa Lor lan padha karo ékonomi-ékonomi menengah ing Uni Éropah. Ing taun 2004, Koréa Kidul gabung karo "klub" donya ékonomi trilyun dolar.
Kasuksesan iki digayuh ing pungkasan taun 1980-an liwat sawijining sistem ikatan bisnis-pamaréntah sing cedhak, kalebu kredit langsung, pambatesan impor, sponso tumrap indhustri tinamtu, lan usaha kuwat saka tenaga kerja. Pamaréntah promosi impor bahan mentah lan tèknologi kanggo barang konsumsi lan nyurung tabungan lan investasi tinimbang konsumsi. Krisis Finansial Asia 1997 mbukak kakurangan model pangembangan Koréa Kidul, kalebu rasio utang/persamaan sing gedhé, utang njaba sing gedhé, lan sektor finansial sing ora disiplin.
Koréa Kidul dumadi saka 1 Kutha Khusus (Teukbyeolsi; 특별시; 特別市), 6 Kutha Metropolitan (Gwangyeoksi; 광역시; 廣域市), lan 9 Provinsi (do; 도; 道). Jeneng-jeneng ing ngisor iki sajeroning basa Inggris, Alihaksara sing disempurnakaké, Hangul, lan Hanja.
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani South Koréa. |
Mligi: | Seoul |
---|---|
Metropolitan: | Busan | Daegu | Daejeon | Gwangju | Incheon | Ulsan |
Provinsi: | Chungcheong Lor | Chungcheong Kidul | Gangwon | Gyeonggi | Gyeongsang Lor | Gyeongsang Kidul | Jeju | Jeolla Lor | Jeolla Kidul |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Koréa Kidul, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.