Pariwara

Pariwara/Iklan ya iku wujud sesambungan kang duwé maksud kanggo mènèhi greget wong tetuku, nawakaké sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemuné wong akèh, narik panyengkuyunging wong akèh amrih pikir lan tumindaké laras karo kekarepané sing masang pariwara.

Pariwara/Iklan ya iku wujud sesambungan kang duwé maksud kanggo mènèhi greget wong tetuku, nawakaké sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemuné wong akèh, narik panyengkuyunging wong akèh amrih pikir lan tumindaké laras karo kekarepané sing masang pariwara.Jinising iklan/ pariwara ya iku :

  1. Iklan komersial ,
  2. Iklan leladi jasa
  3. Iklan kulawarga
  4. Iklan keséhatan

Iklan komersial ya iku pariwara kang tujuané nawakaké barang (produk). Tuladhané : iklan sabun, iklan shampo, iklan sepatu, lsp. Iklan leladi jasa masarakat iku pariwara kang nawakaké babagan sosial, tujuané ngedol gagasan kanggo leladi marang masarakat. Lumrahé pariwara iki isi pangajak kanggo nindakaké utawa malah ngedohi pakarti. Masarakat diajak nindakaké pakarti kang becik lan ngedohi pakarti kang ora becik.

Iklan kulawarga racaké awujud ucapan wisuda, ucapan palakrama, ucapan bela sungkawa, lsp.Iklan keséhatan racaké ngelingkaké bebrayan ing babagan keséhatan, umpamané posyandu, 3 M, KB, lsp.

Uga delengen

  1. Wara-wara

This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Pariwara, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.