Orgasme

Orgasme (saka tembung basa Yunani ὀργασμός orgasmos sing tegesé kabagyan, abuh; uga klimaksing sèks) ya iku uculing kabagyan sèksual sing katumpuk sing ujug-ujug nalika siklus réspon sèksual, sing ngasilaké ing kontraksi otot sing ritmis ing panggul sing dadi ciri khas kanggo kepénaking sèks.

Iki dialami déning wong lanang lan wong wadhon, orgasme iku dikuwasani déning sistem saraf otonomis utawa sistem saraf paksa. Orgasme iku asringé dikaitaké karo tumindak-tumindak kepaksa, kalebu kejèling otot ing sawenèh area ing awak manungsa, sènsasi euforia sing umum lan, asringé, owahing awak lan vokalisasi. Période sawisé orgasmé (uga dimudhengi minangka période refractori) ya iku kerepé sawiji pengalaman sing nglegakaké uwong, digaètaké karo uculing neurohormones oxytosin lan prolaktin uga endorphins (utawa "morphine éndogén").

Orgasme
Lukisan Frenzy of Exultations (1894), déning Władysław Podkowiński

Orgasmé manungsa lumrahé diasilaké saka timulasi sèks fisik ing penis kanggo wong lanan (lumrahé mbarengi éjakulasi), lan ing clitoris kanggo wong wedhok. Stimulasi sèks bisa dilakukaké dhéwé-dhéwé (kanthi masturbasi) utawa kanthi karo partner sèks (penetratif sèks, non-penetratif sèks, utawa skagiyatan sèksual liyané).

Èfèk-èfèk kaséhatan sing ngepungi orgasmé manungsa iku warna-warna. Ana akèh réspon-réspon psikologis kagiyatan sèksual, kalebu sawiji kaanan lega sing kagawé déning prolaktin, uga owah-owah ing jero sistem saraf pusat kaya ta a temporary mudhing kagiyatan metabolik sing sedéla ing pérangan gedhéné cerebral cortex kamangka ora ana owahan utawa mundhaké kagiyatan metabolik ing area-area limbik (i.e., "ngewatesi") ing jero utek manungsa. Uga ana akèh dhisfungsi sèksual, kaya ta anorgasmia. Èfèk iku mau njalari panemu-panemu kultural marang orgasme, kaya ta kapitayan tmenawa orgasme lan kerep orané utawa konsistèn apa orané wigati utawa ora ana sangkut pauté kanggo maremé wong ing sawiji ubungan sèksualé, lan téyori-téyori bab fungsi-fungsi biologis lan evolutionèré orgasme.

Orgasme ing kéwan uwis disinaoni kanthi ora pati signifikan tinimbangé orgasmené manungsa, nanging panlitèn bab subyèk iki mau isih tetep ana.

Rujukan

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Rukun IslamKebayaPulmonologiWayang kulitManukSandy WalshNyadranCilincing, Jakarta LorPayudaraPaula VerhoevenWilliam ShakespeareMawar Eva de JonghKolaAlamat IPKaséhatanBaronganSugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorakéKrakatau SteelImam BonjolSemen Padang FCTata SuryaBani UmayahPsikopatAsuKolintangPawadonanOmah LimasanA. RafiqJaran KecakPapan Anggegana Internasional Hong KongNgupatWit èkKabupatèn LebakBèkelanꦥꦺꦠꦿꦺꦴꦩꦏ꧀ꦱ꧀Selena GomezPanakawanSepasaranIndonésiaBauwarnaMeteorSpanyolManganArab SaudiEyang SuburKendel ngringkel, dhadhag ora godhagSaronTvOneDarius SinathryaZhang ZuolinNagita SlavinaUnit 731Gunung KawiKerisAntonio RüdigerLaut MatiKethoprakLee Min JungOstraliTitilarasRinggo Agus RahmanISBNSosiologiUleg-ulegSutan Takdir AlisyahbanaKerata basaOmah adat JawaGriki KunaBathara SuryaAlam🡆 More