tvOne (sadèrèngipun ingkang nama Lativi) inggih punika sawijining stasiun televisi swasta Indonésia.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Stasiun televisi punika dipundhirikaken nalika tanggal 30 Juli 2002 déning pangusaha Abdul Latief. Nalika samanten, konsèp panyungsunan acaranipun inggih punika kathah nengenaken prakawis ingkang ngarah dhateng klenik, erotisme, pawartos kriminalitas lan sapérangan hiburan sanèsipun. Wiwit taun 2006, sapérangan sahamipun ugi kagunganipun Grup Bakrie ingkang ugi gadhah Stasiun Televisi antv.
tvOnePT Lativi Media Karya | |
---|---|
Jeneng sadurungé | Lativi (17 Januari 2002-14 Fèbruari 2008) |
Slogan | Minangka Lativi "Saluran Penuh Aji Lan Makna" (17 Januari 2002-7 Agustus 2004) "Pasti" (7 Agustus 2004-31 Dhésèmber 2006) "Berani Béda" (1 Januari 2007-31 Dhésèmber 2007) "Memang Béda" (1 Januari 2008-14 Fèbruari 2008) Minangka tvOne "Memang Béda" (14 Fèbruari 2008-12 Fèbruari 2010, 2 Maret 2012-saiki) "Terdepan Mengabarkan" (14 Fèbruari 2010-2 Maret 2012) "Menuju Satu Dunia" (24 Fèbruari 2011-2 Maret 2012) |
Negara | Indonésia |
Diluncuraké | 30 Juli 2002 (minangka Lativi) 14 Fèbruari 2008 (minangka tvOne) |
Sing duwé | PT Visi Media Asia Tbk |
Kantor pusat | Jakarta, Indonésia |
Saluran afiliasi | antv (30 April 2006-saiki) |
Situs web | http://www.tvonenews.tv |
Kasumadyan Nasional | |
Siaran terestrial | |
Bandung | 48 UHF |
Banjarmasin | 26 UHF |
Batam | 27 UHF |
Cirebon | 52 UHF |
Denpasar | 41 UHF |
Garut | 32 UHF |
Jakarta | 53 UHF |
Kediri | 47 UHF |
Makasar | 47 UHF |
Malang | 54 UHF |
Medan | 37 UHF |
Padang | 27 UHF |
Palembang | 40 UHF |
Purwokerto | 51 UHF |
Samarinda | 39 UHF |
Semarang | 39 UHF |
Surabaya | 52 UHF |
Surakarta | 38 UHF |
Tegal | 49 UHF |
Yogyakarta | 38 UHF |
Siaran satelit | |
Indovision | 93 |
TopTV | 93 |
OkeVision | 112 |
Aora | 916 |
Centrin TV | 817 |
Skynindo | 206 |
TelkomVision | 139 |
YesTV | 139 |
Siaran kabel | |
First Media | 3 |
TelkomVision | 139 |
Televisi internet | |
M2V Mobile TV | 908 |
Nexmedia | 908 |
Nalika tanggal 14 Fèbruari 2008, Lativi kanthi resmi gantos nama dados tvOne, kanthi komposisi 70 persèn pawartos, sisanipun gabungan program ulah raga lan hiburan. Abdul Latief boten malih wonten ing salebeting kapemilikan saham tvOne. Komposisi kepemilikan saham tvOne kasungsun saking PT Visi Media Asia Tbk kanthi saham 49%, PT Redal Semesta 31%, Good Response Ltd 10%, lan Promise Result Ltd 10%. Direktur Utama tvOne sapunika inggih Ardiansyah Bakrie.
Nalika wiwitan giyaran, tvOne rumiyin ingkang nama Lativi. Lativi piyambak jumeneng dhedhasar ijin saking Depkominfo Kanwil. Jakarta Timur kanthi No. 809/BH.09.05/III/1999 ingkang sapérangan ageng saham kagunganipun Abdul Latief. Nalika wulan Januari 1999, kawontenan Lativi dipunbiwarakaken wonten ing Berita Nagara No. 8687 minangka PT Lativi Media Karya.
Lativi piyambak wiwit dipunsiyaraken wiwitan taun 2001. déné nalika samanten nembé kaetang minangka giyaran pacoban, Lativi sampun mbiyangun stasiun relai televisi wonten ing Kota Jakarta.
Wiwit Kamis, 14 Fèbruari 2008 pukul 19:30 WIB, Lativi kanthi resmi gantos nama dados tvOne. Kapesthen peresmian panganggoan nama tvOne dipunsamektakaken Présidhèn Direktur Utama CEO saking tvOne, Erick Thohir, wonten ing papanggihan pers Rabu, 13 Fèbruari 2008. Ewahaning nama punika minangka upaya strategi manajemen saperlu maringi samubarang ingkang bènten ing indhustri pertelevisian Indonésia. Peresmian tvOne badhé dipunadani wonten ing Plenary Hall, Gedungan Jakarta Convention Center, lan dipuntayangaken kanthi giyaran langsung "Live" ing tvOne wiwit pukul 19:30 WIB. Peresmian tvOne ugi dipuntindakaken déning Présidhèn Républik Indonésia, Susilo Bambang Yudhoyono.
No. | Nama | Awal kalungguhan | Akhir kalungguhan |
---|---|---|---|
1 | Usman Ja'far | 2002 | 2003 |
2 | Hasyim Sumiana | 2003 | 2006 |
3 | Meidiana Latief | 2006 | 2007 |
4 | Erick Thohir | 2007 | 2010 |
5 | Ardiansyah Bakrie (Plt.) | 2010 | sapunika |
Cithakan:Penyiar Tvone Cithakan:Saluran berita internasional
Cithakan:Stasiun-tv-Indonésia-stub
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article TvOne, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.