Dhokter

Dhokter iku pawongan kang amarga kaèlmuané ngupaya nambani wong-wong lara kang diarani pasiyen.

Dhokter (saka basa Latin kang tegesé "guru") iku pawongan kang amarga kaèlmuané ngupaya nambani wong-wong lara kang diarani pasiyen. Ora kabèh wong kang nambani lelara bisa karan dhokter. Amarga, supaya bisa dadi dhokter lumrahé kudu ngayahi sekolah ing pawiyatan luhur lan pelatihan mirunggan saéngga duwé gelar ing babagan kadhokteran.

Supaya dadi dhokter, wong kudu ngrampungaké pendhidhikan ing sekolah kedhokteran sajeroning sawatara taun gumantung sistem kang dianggo déning universitas papan sekolah kedhokteran mau.

Ing Indonésia Pendhidhikan Dhokter ngacu marang siji Kurikulum Inti Pendhidhikan Dhokter Indonésia (KIPDI). Wektu iki dipigunakaké KIPDI III kang migunakaké sistem Problem Based Learning

Pendhidhikan dhokter ing Indonésia mbutuhaké 10 semester supaya dadi dhokter, 7 semester kanggo ngéntukaké gelar sarjana (Sarjana Kedhokteran/S.Ked) ditambah 3 semester koskap (clerkship) ing Rumah Sakit.

Dhokter sawisé mèlu pendhidhikan lanjut (spesialisasi) lumrahé dibedakaké dadi:

  • dhokter kulawarga-mriksa lelara kanthi umum
  • dhokter spesialis-duwé keahlian sajeroning siji babagan (organ, golongan lll) medhis kanthi spesifik
  • dhokter untu-duwé keahlian mirunggan ing babagan untu

Uga delengen

  • Sekolah kadhokteran
  • Sumpah Dhokter Indonésia
  • Etika kadhokteran
  • Peradilan Dhokter
  • Resep dhokter
  • Dhoktor
  • Lelara
  • Ikatan Dhokter Indonésia
  • Pasiyèn

Pranala njaba

This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Dhokter, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wikimedia Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wikimedia Foundation.

In other languages:

/** SHOW / HIDE SECTION**/function mfTempOpenSection(getID) {var x = document.getElementById("mf-section-"+getID); if (x.style.display === "none") { x.style.display = ""; } else { x.style.display = "none"; }}