Anoa

Anoa iku isih kalebu sadulur cedhaké sapi lan wedhus.

Anoa
Anoa
Seekor anoa dataran cendhèk
Anoa
Kadrawasan  (IUCN 3.1)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Hewan
Filum: Chordata
Klas: Mamalia
Ordho: Artiodactyla
Famili: Bovidae
Subfamili: Bovinae
Génus: Bubalus
Spésies: B. quarlesi
B. depressicornis
Jeneng binomial
Bubalus quarlesi
(Ouwens, 1910)
Bubalus depressicornis
(H. Smith, 1827)

Anoa mung bisa tinemu ing Sulawesi, nanging uga ana anoa kang migran ing San Diego Zoological Garden.

Dawane anoa bisa nganti tekan 160–172 cm, buntute 18–31 cm. Ukuran awake kang cilik bisa dadi daya tarik anoa. Anoa gunung padatan ukurane luwih cilik. Rata-rata dhuwur awake anoa diwasa mung 75 cm. Ana kang mung 69 cm, nanging ana kang bisa nganti tekan 106 cm. Bobote anoa ya iku 150–300 kg. Anak anoa duwé wulu kandel awarna coklat kekuningan. Saya tuwa, anoa saya ora duwé wulu kanthi warna kulit coklat peteng nganti tekan ireng. Anoa jago wernane luwih peteng tinimbang anoa babon.

Anoa uripé nganti tekan umur 25 taun. Yèn meteng nganti tekan 300 dina lan padatan mung bisa nglairaké anak cacahé 1 sasuwéné 2 taun. Anak anoa ninggal mbok-mbokane wiwit umur 3 taun banjur lumebu ing masa puber. Anoa babon asring bebarengan 2-3 anaké kang umuré béda. Anoa jago luwih asring dhèwèkan lan luwih agresif marang anoa jago liyané. Anoa mangane tuwuhan tartamtu kaya déné suket, herba, perdu lan paku-pakuan. Anoa ngrewangi panybaran pirang-pirang jinis tuwuhan asli Sulawesi kang wijine ora kaadaptasi kanggo kasebar.

Anoa saiki sansaya langka. Langkane anoa disebabake déning rong prakara, ya iku diburu kanggo konsumsi lan perusakan habitat. Dhisike alas-alas ing Minahasa (wiwit saka Likupang nganti tekan Poigar) dienggoni anoa, saiki anoa ing kana wis ora ana. Sterilisasi anoa saka tanah kelairane saiki isih dilakoni padhahal anoa iku satwa kang dilindungi déning undang-undang Indonesia. Mula organisasi konservasi internasional IUCN, anoa diklasifikasikake endangered lan déning CITES anoa dilebokake ing sajeroning pratélan perlindungan tertinggi ing appendix 1. Sanajan mrihatenake, populasi anoa bisa tinemu ing Taman Nasional Bogani Nani Wartabone.

Cathetan sikil

Pranala njaba


Tags:

SapiSulawesiWedhus

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MetaforaAksara PégonChairul TanjungSalamiAnak Jalanan (sinetron)Pada pangkatCangkrimanꦒꦺꦴꦔꦤ꧀WikiWordPressCak LontongParto PatrioSiterAdolf HitlerYusril Ihza MahendraRebabBlangkonBrad PittTembung sesulihLuna MayaUla marani gebugSurat Al MuzzammilFranz Magnis-SusenoM-16 (bedhil)Joe BidenKim Tae-heeTumpengBasa kramaAnies BaswedanAmbal warsaSevilla FCGamelanJathilanLebak Bulus, Cilandhak, Jakarta KidulBasa Jawa MataramanTaling tarungEgy Maulana VikriLouis IX saka PerancisꦮꦭꦶꦏꦸꦛKairoSandy WalshCublak-cublak suwengKaskusGirona FCSepong292ꦒꦼꦫꦺꦴꦁZainuddin MZBrasilTan MalakaPrastawaLuhut Binsar PanjaitanWiki CommonsGeodesiAngkakSunan DrajatLeléwaning basaUnicodeOkan CorneliusPrabu MatswapatiJanet JacksonNella KharismaWayback MachineSaronTedhak sitènJihadMichelle ObamaKupatWiki FoundationPejuFederasi Bulu Tangkis DuniaꦥꦿꦶꦁLabuhan HandadéntaCha Eun-wooLangkap, Burneh, Bangkalanꦧꦫꦺꦴꦔꦤ꧀🡆 More