Kaskus: Forum maya saka Indhonésiya

Kaskus yaiku situs forum komunitas maya gedhé dhéwé lan nomer siji ing Indonésia.

Panganggoné diarani Kaskuser. Kaskus lair ing tanggal 6 November 1999 déning telung cah nom yaiku Andrew Darwis, Ronald Stephanus, lan Budi Dharmawan kang lagi nerusaké sekolah ing Seattle, Amérikah Sarékat. Situs iki diatur déning PT Darta Media Indonésia. Kaskus nduwé pratélan panganggo punjul 4,5 yuta kang kadaftar. Panganggo Kaskus lumrahé rumaja nganti diwasa kang asalé saka Indonésia utawa njaba Indonésia.

Kaskus
Kaskus: Sajarah, Fitur, Sub-forum
Halaman utama Kaskus.co.id
Jinising situs
Forum internet
Portal web
Ana ing basaIndonésia
Kang duwéPT Darta Media Indonésia
Digawé déningAndrew Darwis
Ronald Stephanus
Budi Dharmawan
Situs jaringanwww.kaskus.co.id
DagangYa
Setatus saikiAktif

Kaskus iku singkatan saka Kasak Kusuk, biyèné mung hobi saka kumpulan cilik banjur bisa gedhé nganti saiki. Kang mbukak kaskus punjul 900 èwu wong, jumlah page view punjul 15.000.000 saben dinané. Nganti Juli 2012, Kaskus wis duwé punjul 600 yuta posting.

Miturut Alexa.com ing sasi September 2011 Kaskus manggon ing peringkat 264 lan peringkat 7 situs kang akèh dibukak ing Indonésia.

Tanggal 26 Mèi 2012, Kaskus kena gangguan ing DNS(Domain Name System)yaiku ing domain.us. saéngga, 27 Mèi 2012, Kaskus pindah domain kang asalé.us saiki dadi.co.id lan.com.

Sajarah

Kaskus digawé tanggal 6 November 1999 déning telung mahasiswa saka Indonésia yaiku Andrew Darwis, Ronald Stehanus, lan Budi Dharmawan, ing Seattle, Amérikah Sarékat. Kaskus biyené forum ora resmi kanggo mahasiswa Indonésia ing jaban rangkah. Jeneng "Kaskus" dhéwé dijupuk saka singkatan "Kasak-kusuk".

Sasi Agustus 2005, PC Magazine Indonésia ngewènèhi panghargaan marang situs kaskus mawa situs kang paling apik lan komunitas kang paling gédhé, banjur Kaskus kapilih manèh mawa website kang paling apik miturut pilihané wong kang maca PC Magazine ing taun 2006.

Tanggal 23 Mèi 2006 manajemen Kakus kepeksa ngganti domain .com dadi .us, amarga nyebaré virus brontok kang digawé supaya bisa nyerang situs-situs gédhé saka Indonésia lan Kaskus dadi sasaran kang utama.

Amerga saking akèhé wong kang mbukak situs iki, April 2007, manajemen Kaskus nambah rong server supaya bisa saya apik.

Tahun 2008, operator Kaskus mutusaké kanggo pengoperasian server Kaskus ing Indonésia. Kanggo kabutuhan mau Kaskus nuku wolung server Dell PowerEdge 2950 lan dijalakake mawa jaringan open IXP. Amerga iku akses Kaskus bisa luwih rikat lan akhire operator ngrencanakake nambah wolung server manèh nganti kang operasi ing sasi September dadi 16 server.

Awal taun 2011, Kaskus ngewenehi wara-wara babagan ekspansi bisnise mawa nggawe makarya sama karo Global Digital Prima kang dadi anak perusahaan saka PT Djarum. Saliyané iku, Kaskus uga bakal nambah servere nganti 250 iji sarta nganakake panambahan pegawe anyar nganti wolung puluh wong.

Tanggal 26 Mèi 2012 manajemen Kaskus ngganti manèh domain.us dadi.co.id amarga ana gangguan karo DNS.

Serangan DDOS

Tanggal 16-17 Mèi 2008, Kaskus nggunakaké tèhnik DDoS (Distributed Denial of Service) déning wong kang asalé saka komunitas YogyaFree. Serangan iku njalari database Kaskus corupt saéngga administrator kapeksa ngunci thread-thread kang wis ana.

Panyerangan mau dikira-kira ana gayutané karo kadadéan perusakan (deface) situs yogyaFree dina sadurungé. Wong kang nyerang ngaku yèn awake salah sijiné anggota Kaskus uga ngewenehi pisuhan ing salah siji pérangan forum YogyaFree. Iki nggawe anggota YogyaFree nesu, lan banjur balik nyerang Kaskus karo DDos. Amergane, adminitrator Kaskus kapeksa matèni server Kaskus.

Perang cyber antawisie komunitas kaloron iki akhire rampung rikala pengelola situs iki nandatangani memorandum online kanggo ngerampungi masalah antawis kaloron. Pesen mau di pamerake sasuwéné pirang-pirang minggu ing kaca situse dhéwé-dhéwé.

Sanajan karusaan kang diakibatake déning serangan iki rada abot, admdinistrator Kaskus njanjeni Kaskus bakal balik normal ing sasi Juli 2008, bareng di entokake server anyar Kaskus ing gedung Cyber, Jakarta. Nanging, dhèwèké uga ngomong manawa data-data kang bakal diketokake manèh yaiku data kang tau dimuat sadurungé taun 2008, lan data kang dimuat taun 2008 ora bisa diketokake manèh.

UU ITE

Sadurungé UU ITE diresmikake, Kaskus duwé rong forum kontroversial, BB17 lan Fight Club. BB17 singkatan saka buka-bukaan 17 taun, yaiku forum mirunggan kanggo diwasa panggonan kanggo panganggo bisa bagi-bagi gambar utawa carita diwasa. Fight Club yaiku forum kang dikhususake mawa panggonan padu kang bener-bener bébas ora bisa dikontrol. Kerep masalah kang digawé padu ngenani SARA.

Sawisé UU ITE diresmekake, Kaskus banjur nutup BB17 amarga nentang UU ITE ngenani penyebaran materi pornografi. Fight Club diganti jenenge dadi Debate Club. Fight Club lan Debate Club asliné duwé fungsi padha yaiku panggonan kanggo padu, nanging ora bisa bébas kaya biyèn amarga bener-bener dijaga. Yèn dianggep ora layak lan mbahas SARA, mula thread iku bakal dibusek.

Kanggo mbusek carita èlèk Kaskus mawa médhia undergroun lan situs porno, Kaskus nggenti tampilane ing tanggal 17 Agustus 2006. Tampilan anyar kaskus digawé cerah lan wernane akèh. Saliyané iku Kaskus uga nambah fitur-fitur anyar kaya blog lan Kaskus mobile/WAP.

Fitur

KasPay

Ana layanan anyar saka Kaskus kang nyediani sistim pambanyaran online kang diwastani Kaspay. Layanan iki wis diremekake Jemuah 6 November 2009, ing acara Ulang taun kaping 10 Kaskus Poste, The East Euilding, Kuningan, Jakarta. Layanan transaksi iki bisa dianggo ora mung ing Kaskus nanging uga bisa dianggo ing situs-situs liya kang kerjasama karo Kaspay.

Kaspay bakal dijalakake kaya E-wallet kang bakal didadèkaké piranti pambayaran dol tinuku ing kabèh transakai online, Kabèh prosès transaksi Kaspay dilakokake mawa transfer dhuwit, saéngga aman saka modus apus krama lan pemalsuan kertu kredit lan amane transaksi kudu dipastekake karo konfirmasi mawa e-mail lan cathetan transaksi.

E-Pulsa

e-pulsa yaiku layanan saka Kaskus kang nyediakake fasilitas pangisian pulsa lan yèn dhéwé pengen tuku pulsa, dhéwé kudu mbayar migunakaké Kaspay. Kabèh layanan operator disengkuyung ing Kaskus e-pulsa.

Kaskus Ads

Kaskus Ads utawa KAD yaiku situs yèn dhéwé arep nggawe iklan ing Kaskus, dhéwé bisa manggonake iklan mau, nanging kudu mbayar Kaskus. Layanan Kaskus Ads akèh wong utawa panganggo kaskus kang remen masang iklan ing Kaskus amarga murah lan amarga kaskus saiki duwé punjul telung yuta panganggo.

Kaskus Radio

Kaskus radio iku Radio Internet Indonésia ing ngisore naungan komunitas kaskus. Kaskus radio kang racaké disingkat KR duwé rongpuluh penyiar. Radio kang muterake lagu nganti 24 jam iki racaké nyetel lagu saka warna-warna basa kaya basa Inggris, Mandarin, Jepang, Koréa lan isih akèh liyané.

Kaskus Mobile

Kaskus mobile yaiku situs Kaskus kang wis digenti tampilane dadi minimalis saéngga trep karo layar ponsel utawi sing lagi ngetrend saiki yaiku HP Android Archived 2014-06-25 at the Wayback Machine.. Alamat Kaskus mobile yaiku m.kaskus.co.id utawa kask.us. Fitur ing versi iku nduwé watesan.

Sub-forum

Loe-Ke-Loe

Panggonan forum para panganggo Kaskus bisa nemu lan ngrembag babagan topik mirunggan, kaya komunitas, hobi, lan apa war kang diseneni. Yèn ditegesi mawa barès, “Loe-Ke-Loe” tegesé “saka awakmu kanggo awakmu” utawa ing basa Indonésia “dari Anda, untuk Anda”.

Loe-Ke-Loe nduwé sub-forum kaya:

Cas-Cis-Cus

Panggonan kang ana forum kanggo panganggo Kaskus bisa ngomong bagagan prakawis apa waé kaya pulitik, berita umum utawa mung ngomongake masalah pribadi. Cas-Cis-Cus duwé sub-forum kaya iki:

Forum Jual-Beli

Panggonan kang bisa dianggo déning panganggo bisa nglakokaké dol tinuku barang utawa jasa yaiku Forum Jual Beli. Forum iki dadi salah sijiné forum utama ing Kaskus. barang utawa jasa kang didol ing forum iki akèh banget, saka kaos kang regane Rp.50.00 nganti hak kepemilikan tanah kang regane Rp260.000.000.000.

Forum jaul beli utawa disingkat dadi FJB duwé sub-forum kaya ing ngisor iki:

  • Antik,
  • Art & Design,
  • Baby & Kids Stuff,
  • Bisnis, Industry & Supplier,
  • Buku,
  • Camera & Aksesoris,
  • CD & DVD,
  • Collectibles,
  • Computer,
  • Elektronik,
  • Face & Body Care,
  • Fashion & Mode,
  • Flora & Fauna,
  • Food, Drink & Medicine,
  • Furniture,
  • Handphone & PDA,
  • Hardware & Tools,
  • Kerajinan Tangan,
  • Musical Instrument,
  • Otomotif,
  • Peralatan Kantor,
  • Peralatan Rumah Tangga,
  • Perhiasan & Jam Tangan,
  • Property,
  • Services,
  • Sports Equipment,
  • Ticket Events,
  • Tour & Travel,
  • Toys & Hobbies,
  • Web Hosting & Services,
  • Video Games,
  • Readme,
  • Review,
  • Others,
  • Feedback lan Testimonial.

Tags:

Kaskus SajarahKaskus FiturKaskus Sub-forumKaskus TerminologiKaskus Cathetan sukuKaskus1999Amérikah SarékatAndrew DarwisBudi DharmawanIndonésiaNovember

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Éjaan Basa JawaVladimir PutinJatinangor, SumedangNajelaa ShihabSurat Al JinKeshogunan TokugawaPallywoodNawawi al-BantaniGajah gajahCoto MakassarGunung PenanggunganUlil Abshar AbdallaAmateur Night (filem)Persib BandungSurat As SajdahTobey MaguireBonangBiografiSri Mulyani IndrawatiFirman UtinaWayang golèkSaridin (Syeh Jangkung)Kandangan TVWulan GuritnoLindhu2012Veve ZulfikarLaptopBasa ngokoBasa MaltaBabi Panggang KaroSlenthemSMK Negeri 2 BloraMikha TambayongFotografiWinona RyderWhatsAppRawonIndonesiaWayback MachinePerang Yom KippurPamenging gendul plastikBrésaolaMusisiWirangrongGita GutawaReza ArtameviaCut Nyak DhienMetanolWadya BayaranLelara koronavirus 2019Bima (paraga Mahabharata)MoskouSon Heung-minParto PatrioSepi ing Pamrih Ramé ing Gawé5 FèbruariSurat Al 'AlaqNathan Tjoe-A-OnPèmpèkRahwanaIbnu SinaMikèl ArtétaCristiano RonaldoTembung wodAura KasihKangen Band (Grup Musik)GendariCornelia AgathaSurat Al 'AnkabuutKendhang batanganYupiterPattimuraPizza HutCharmander🡆 More