Fotografi

Fotografi yaiku seni lan asiling gambar lan cahya (sunar) ing filem..

Fotografi
Kodhak iku salah sijiné sarana kang wigati banget ing fotografi

Prinsip fotografi iku nggawé fokuse cahya utawa sunar kanthi migunakaké piranti kanggo mbiyaske sunar kang bisa ngobong médhia plat. Media plat (filem) kang kobong kanthi ukuran luminitas cahya kang pas, bakal ndadèkaké bayangan kang padha karo cahya kang lumebu ing sajerone médhia pembiasan, kang diarani lensa.

Supaya ngasilaké ukuran sunar kang pas banjur dadi gambar kang apik, migunakaké piranti kanggo ngukur intensitas sunar kang diarani lightmeter. Sawisé éntuk ukuran intensitas sunar kang pas, fotografer bisa ngatur intensitas sunar kanthi ISO/ASA (ISO Speed), diafragma (Aperture), lan kecepatan rana (speed). Tetelune iku mau padha gegayutan. Gegayutane ISO, Diafragma & Speed diarani pajanan (exposure).

Fotografi kang gegayutan karo teknologi nembé dikenal kurang luwih 150 taun kapungkur, nanging yèn ngenani gambar rong dhimènsi kang diasilake saka anané sunar (cahya), fotografi wis ana nalika sadurungé Masehi. Tetembungan fotografi dianggo pisanan déning Sir John Herschel ing taun 1839. Fotografi dumadi saka tembung ing basa Yunani yaiku Phobos lan Graphoo. Phobos tegesé cahya utawa sunar lan graphoo tegesé nulis. Fotografi bisa ditegesi minangka pakaryan nggawé gambar kanthi srana lensa lan filem utawa pelat peka cahya. Lensa ngasilaké wewayangan nyata kang dijupuk déning filem (plastik bening kang dilapisi emulsi pérak halide). Pérangan filem kang kena sunar bakal ngumpulake partikel pérak halide. Yèn filem mau dicuci nganggo larutan hypo, pérangan kang kena sunar mau bakal luwih peteng tinimbang pérangan liyané. Gambar positif (fotograf) digawé ing sandhuwure kertas peka cahya.Film kang wis dicuci mau dipasang ing ndhuwure banjur dipadhangi. Pérangan négatif kang padhang bakal nerusaké sunar lan ndadèkaké ireng ing kertas miturut karo wewayangan wujudé.

Cathetan suku


Tags:

Seni

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

JangkrikAmateur Night (filem)TunisiaMohammad HattaAstra InternationalUmar bin Abdul AzizPageblug Covid-19Unggah-ungguh mertamuWhatsAppOséanografiPadmasoesastraSurat An NamlꦲꦂꦥGalileo GalileiDluwangMarokoJinising paragrafDrupadiHotman Paris HutapeaSarungRanah internet tingkat paling dhuwurSitrusSiramanRatu AgengRotiPalung MarianaCangkrimanWedaLaos (bumbu)Ryamizard RyacuduISBNTasyaKomputerDhialèk PacitanAnnisa TrihapsariKutha PalémbangAlamSurat At TalaqWesiTransistorGudhegGajahMartha TilaarBlangkonRukun ImanDhomain publikCristiano RonaldoKarnaOmah LimasanIShowSpeedWalang sangitPitulungBanjirWong BantenSepi ing Pamrih Ramé ing GawéSutradharaBrokohanCumbana silitPersija JakartaMidodareniWindows 95Ma'ruf AminBarabudhurTetedhan segantenWiki FoundationBauwarnaAK-47SufismeTembung sesulihBiografiBunga Citra LestariBaksoMuhallebi🡆 More