Karim Benzema

Karim Mostafa Benzema (pocaping cara Prancis: , Arab: كريم بنزمّة‎‎, lair ing Lyon, Prancis, 19 Dhésèmber 1987; umur 36 taun) ya iku pawongan juru main bal-balan profésional Perancis kang wektu iki main ing tim La Liga Spanyol, Real Madrid.

Dèwèké main minangka panyerang kang bisa difungsikaké uga minangka pemain sayap lan kaloka amarga kemampuan tèknik, gaya mainé, lan kemampuané sajeroning gawé gol. Dèwèké didèskripsikaké minangka pawongan "panyerang bertalenta hebat" kang "kuwat lan ngagumaké" lan "pawongan panuntas serangan ing kotak pénalti."

Karim Benzema
Karim Benzema
Informasi Pribadi
Jeneng pepak Karim Benzema
Tanggal lair (1987-12-19) 19 Dhésèmber 1987 (umur 36)
Papan lair Lyon, Prancis
Dhuwur 1.87 m (6 ft 1 12 in)
Posisi main Striker
Informasi klub
Klub saiki Real Madrid
Nomer 9
Karier junior
1995–1996 SC Bron Terraillon
1996–2004 Lyon
Karier senior*
Tahun Tim Tampil (Gol)
2004–2006 Lyon B 20 (15)
2004–2009 Lyon 112 (43)
2009– Real Madrid 424 (227)
Tim nasional
2004 Prancis U-17 2 (1)
2004–2005 Prancis U-18 16 (14)
2005–2006 Prancis U-19 8 (4)
2006–2007 Prancis U-21 5 (0)
2007–2014 Prancis 97 (37)
  • Penampilan dan gol di klub senior hanya dihitung dari liga domestik dan akurat per 18.30, 7 Januari 2023 (UTC).

    ‡ Penampilan dan gol di tim nasional akurat per 21 Januari 2023

Ing wulan Oktober 2021, ing sidhang Karim Benzema ing kasus sextape Mathieu Valbuena, kantor kejaksaan Versailles njaluk pengadilan pidana ngukum ukuman penjara sepuluh wulan lan denda 75.000 euro marang Karim. Benzema.

Sajarah awal

Benzema laér ing Lyon, Perancis saka wong tuwa kang kaloroné wujud keturunan Aljazair. Simbahé, Da Lakehal Benzema, manggon ing dsa Tighzert, utara kutha Beni Djellill ing Aljazair sadurungé ijrah marang Lyon ing taun 1950-an. Bapaké Benzema, Hafid, laér ing Tighzert, Kabylie anata yèn ibuné, Wahida Djebbara, laér lan gedhé ing Lyon. Benzema ya iku anak ketelu paling enom lan gedhé bebarengan wolung sadulur-duluré kang liya ing Bron, wewengkon wétan Lyon. Kaloro adi lanangé, Gressy lan Sabri uga pawongan juru main bal-balan.

Karièr klub

Karièr awal

Benzema wiwit karièr junioré bareng salah sijiné klub lokal, Bron Terraillon SC ing umur 8 taun. Ing klub iku, Dèwèké diceluk Coco déning kanca-kancané. Sawisé nyétak 2 gol ing salah sijiné tetandhingan kelompok umur sak ngisoré 10 taun nglawan akademi Olympique Lyonnais, klub iku wiwit tertarik karo dèwèké. Miturut Serge Santa Cruz, présidhèn Bron Terraillon wektu iku, punggawa Lyon wis nemoni perluné ngrékrut Benzema, lan ditolak Santa Cruz. Sawisé rembugan karo bapaké Benzema, klub iku mènèhi wektu Benzema kanggo masa percobaan ing Lyon. Sawisé masa mau, Benzema resmi dadi juru main Lyon lan lumebu ing akademi klub mau ing umur sanga taun.

Benzema kanti rikat anggoné adhaptasi ing klub mau. Dèwèké dadi anak gawang ing laga-laga tim senior Lyon lan tumuwuh kanti rikat banget ing sekolah, dadi siswa kang bijaksana banget. Ing lèvel sak ngisor 16 taun, Benzema nyétak 38 gol ing Championnat National des 16 ans, salah sijiné kompetisi domestik kanggo juru main bal-balan kang umuré sak ngisor 16 taun. Sak wisé mangsa 2004–05, dèwèké dipromosikaké marang tim cadangan kang main ing Championnat de France amateur, divisi papat ing sistem liga Perancis. Sanajan mung main kanti tim mau ing mangsa palastra, déwèké nyétak 10 gol lan tim mau dadi juara kapindho ing klasemèn grup.

Real Madrid

Karim Benzema 
Benzema sadurungé laga taun 2012.

Sadurungé dimulainé mangsa 2011-12, Benzema, sawisé dikandani para kompatrioté kaya ta Blanc lan Zidane, luGna marang Merano ing Italia kanggo nglakoni pangobatan kanggo ngurangi bobot awake. Misi mau suksès sawisé sang panyerang teka ing latihan pra-mangsa kanti bobot awak 8 kilogram (18 lb) luwih ènthèng. Ing klinik mau, dèwèké uga nglakoni latihan fisik kanggo nambah massa ototne. Benzema tampil nengsemaké ing pramusim, nyétak wolung gol saka pitu laga. Performan ing pra-mangsa gawé Mourinho nunjuk minangka panyerang utama kanggo mangsa anyar. Wong Portugal iku banjur dipuji amarga owah-owahan performa Benzema, Nanging Mourinho nolak lan justru muji Benzema.

Benzema wiwit musimé ing lèg pertama Piala Super Spanyol 2011 nglawan Barcélona. Ing laga mau, déwèké dadi starter lan mènèhi umpan kanggo gol pambuka kang dilebokaké Mesut Özil. Ing lèg kapindho, kanti Madrid katinggal agrégat 4-3, Benzema nyétak gol madakaké kadudukan kanggo ndadèkaké skor 4-4. Najan, enem menit sabanjuré, gol Lionel Messi gawé Barcelona mastèkaké njuarai trofi. Benzema tampil kanggo pertama kali ing liga sajeroning kemenangan tandang 6-0 lawan Real Zaragoza. Sajeroning tetandhingan liga rong minggu sak banjuré, dèwèké nyétak dwigol marang gawang Getafe, mènèhi Madrid kemenangan 4-2. Sawisé gagal nyétak gol sajeroning telong tetandhingan liga katurut-turut, dèwèké banjur njebol gawang lawan ing Rayo Vallecano, lan Madrid menang 4-2. Nalika tetandhingan penentuan nglawan Ajax ing Liga Champions, Benzema nyétak gol katelu sajeroning kemenangan 3-0 ing kandang. Dèwèké uga mènèhi umpan untuk gol pambuka kang dilebokaké Ronaldo. Ing tetandhingan Liga Champions sabanjuré ngelawan Lyon, dèwèké nyetak gol pambuka, lan mènèhi umpan kanggo gol kapindho Sami Khedira, lan Madrid menang 4-0.

Karim Benzema 
Benzema latihan nalika laga Liga Champions mèh dimulai

Ing November 2011, Benzema nyétak lima gol: telu ing liga lan loro ing Éropah. Ing liga, dèwèké nyétak telu gol sajeroning kemenangan nglawan Osasuna lan Valencia, lan nyétak rong gol ing laga fase grup Liga Champions nglawan tim Kroasia, Dinamo Zagreb. Ing 10 Dhésèmber 2011, Benzema nyétak gol pambuka ing laga El Clasico nglawan Barcelona, kang hasil ahir kanti kalahé wadyabala kutha krajan 3-1. Gol mau, dicétak amung 21 detik sawisé wiwit, ya iku gol paling rikat kang kadadéan ing antarané rong raksasa Spanyol iku. Telung dina sawisé gol pamecah rekoré iku, kanggo mainé ing taun 2011, Benzema nampa penghargaan Pemain Terbaik Perancis vèrsi France Football, ngalahaké bèg Barcélona, Éric Abidal lan kiper Lyon, Hugo Lloris. Dèwèké dadi juru main Perancis kapindho kang bermain ing Spanyol lan menang, lan uga juru main Real Madrid kapido kang éntok penghargaan iki. Zidane ya iku wong pertama kang nampa rong penghargaan ing dhuwur. Benzema seneng banget karo kemenangané, dèwèké ngucapaké "Salah sijiné kehormatan kang gedhé kanggo memenangi salah sijiné anugerah individual. nalika aku ndeleng pemenang-pemenang sadurungé - Zidane, Henry lan pemain gedhé liyané - iku iku gawé aku seneng banget kanggo gabung karo wong-wong mau." Ing laga tim sabanjuré menangi penghargaan iku, dèwèké mènèhi umpan ing rong gol sajeroning kemenangan 6-2 nglawan Sevilla.

Benzema mbukak taun 2012 kanti performa kang apik. Dèwèké nyétak gol ing Granada lan Malaga ing Copa del Rey, ing saben lèg ing babak 16 besar. Kemenangan 4-2 gawé Madrid maju mara perempat final ngadepi Barcelona. Sawisé gagal gawé gol ing leg pertama, ing ngendi klub Katalonia iku unggul 2-1, Benzema nyétak gol ing lèg kapindho ing 25 Januari 2012, nanging Madrid kalah agregat 4-3. Ing 12 Fèbruari, Benzema nyétak gol nglawan Levante. Seminggu sabanjuré, dèwèké nyétak dwigol ing laga kang akhiré kemenangan 4-0 nglawan Racing Santander. Ing 24 Maret, dèwèké nyétak rong gol nglawan Real Sociedad. Rong gol mau ndadèkaké pencétak gol paling akèh saka Perancis ing La Liga, ngungguli rekor Zidane. telung dina sabanjuré, dèwèké nyétak rong gol ing kemenangan 3-0 nglawan klub Siprus, APOEL Nicosia ing perempat final Liga Champions. Ing 29 April, Benzema main kanti apik banget, rong gol lan sak umpan berbuah gol liya marang gawang Sevilla. Dwigol mau kaping pitu ing La Liga lan gawé Madrid selot cepak karo gelar Primera pertama sawisé patang taun. Los Blancos mastèkaké dadi juara liga kaping-32 ing minggu sabanjuré, menang 3-0 karo Athletic Bilbao, Ingendi Benzema tampil minangka juru main pengganti ing laga mau.

Statistik

Klub

    Per 3 November 2012.
Klub Mangsa Liga Piala Éropah Total
Tampil Gol Umpan Tampil Gol Umpan Tampil Gol Umpan Tampil Gol Umpan
Lyon 2004–05 6 0 1 0 0 0 0 0 0 6 0 1
2005–06 13 1 1 2 2 1 1 1 0 16 4 2
2006–07 21 5 2 3 1 0 3 2 0 27 8 2
2007–08 36 20 7 9 7 1 7 4 2 52 31 10
2008–09 36 17 2 3 1 0 8 5 1 47 23 3
Total 112 43 13 17 11 2 19 12 3 148 66 18
Real Madrid 2009–10 27 8 3 1 0 0 5 1 1 33 9 4
2010–11 33 15 6 7 5 2 8 6 1 48 26 9
2011–12 34 21 7 7 4 3 11 7 5 52 32 15
2012–13 9 1 3 3 2 2 3 2 2 15 5 7
Total 103 45 19 18 11 7 27 16 9 148 72 35
Total karier 215 88 32 35 22 9 46 28 12 296 138 53
    Keterangan

Internasional

    Per 16 Oktober 2012..
Tim nasional Mangsa Tampil Goal Umpan
Prancis 2006–07 2 1 0
2007–08 11 2 1
2008–09 11 3 0
2009–10 3 2 0
2010–11 10 4 2
2011–12] 12 3 5
2012–13 5 0 2
Total 54 15 10

Cathetan sikil

Tags:

Karim Benzema Sajarah awalKarim Benzema Karièr klubKarim Benzema StatistikKarim Benzema Cathetan sikilKarim Benzema19 Dhésèmber1987Bal-balanBasa ArabLa LigaLyonPerancisPrancisSpanyolWikipédia:IPA for French

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Bale Sigala-galaKeslametan panganIranPerangTembung nimbali lan ngaturiTitilarasTajikistanFassbrause189813Joko SusiloGumunLabu airWuku MedangkunganPersija JakartaParitas daya tukuWaring Wéra Wanua1991ISBNVlad ŢepeşAIndonesia RayaKasaktèn1986Tembung ngoko jenengFrancesco RediBasa InggrisKim Hyun-joongPeru4Transistor sambungan dwikutubBBC NewsTahuGunawan SudradjatKluwungSpinosaurusB1934Cacah sirahAbad ping 18Wiki FoundationHanjaBlogGréja LutheranOlympus MonsYamaha V50Mohammad HattaLos AngelesMohammad Mahfud M.D.VivoSnoop DoggSpritusUdohRépublik Rakyat CinaSMP Negeri 3 KartasuraKabupatèn Karanganyar3GezerJazzAin (Departemen ing Prancis)Persijap JeparaDépartemèn ing PrancisObahan Non-Blok8Kabupatèn Konawé KidulPiknik wudaKupat1900Pandadihan🡆 More