Tembung Nimbali Lan Ngaturi

Tembung nimbali lan ngaturi iku tegesé padha karo tegesing tembung ngundang, ya iku akon mara, nyeluk; nyebut; lan ngulemi utawa nyuruhi.

Bédané, tembung nimbali lan ngaturi kalebu éwoné tembung krama ngoko.

Tembung Nimbali Lan Ngaturi
Bu Guru, kala wau punapa saèstu nimbali kula?

Panganggo

Mbok menawa amarga tatarané padha, ing jaman saiki panganggoné tembung nimbali lan ngaturi iku sok cawuh utawa klèra-klèru, luwih-luwih tumrap para nom-noman.

Contoné mangkéné:

(1a) Bu Guru, kala wau punapa saèstu ngaturi kula?

(1b) Bu Guru, kala wau punapa saèstu nimbali kula?

(2a) Pak Lurah punika menawa ngaturi kula ngagem tembung "Thole".

(2b) Pak Lurah punika menawi nimbali kula ngagem tembung "Thole".

(3a) Rikala kagungan kersa mantu Pak Nata inggih ngaturi kula sakanca.

(3b) Rikala kagungan kersa mantu Pak Nata inggih nimbali kula sakanca.

(4a) Aku arep nimbali Bu Guru supaya mriksani kadadéan iki.

(4b) Aku arep ngaturi Bu Guru supaya mriksani kadadéan iki.

Manut paugeran, sanajan teges lan tataran ing unggah-ungguhing basa padha, ananging panganggoné utawa trap-trapané tembung nimbali lan ngaturi iku béda utawa dibédakaké. Panganggoné tembung ngaturi iku ing antarané:

  • Tumrap wong enom marang wong tuwa utawa wong kang luwih tuwa.
  • Tumrap murid marang guru.
  • Tumrap andhahan (karèhrèhan lan abdi) marang pandhuwurané (bandarané).
  • Tumrap pawongan marang kanca utawa wong liya sababagané, luwih-luwih kang srawungé durung pati raket, kang kudu diajèni.

Déné panganggoné tembung nimbali iku minangka kosok baliné panganggoning tembung ngaturi, ya iku:

  • Tumrap wong tuwa marang wong kang luwih enom, kang wis kulina banget,
  • Tumrap wong tuwa marang anak, putu, buyut, prunan, lan sapituruté.
  • Tumrap pandhuwuran (panggedhé lan bandara) marang andhahan (karéhréhan, abdi, lan sapituruté).

Adhedasar paugeran iki, panganggoné tembung nimbali lan ngaturi kang bener ya iku ing ukara (1b), (2b), (3b), lan (4b).

Uga delengen

Rujukan

Kapustakan

Pranala jaba

Tags:

Tembung Nimbali Lan Ngaturi PanganggoTembung Nimbali Lan Ngaturi Uga delengenTembung Nimbali Lan Ngaturi RujukanTembung Nimbali Lan Ngaturi KapustakanTembung Nimbali Lan Ngaturi Pranala jabaTembung Nimbali Lan NgaturiTembung krama-ngoko

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

TogoLille4 Agustus27 MaretRobert H. Goddard990BatmanPutri PatriciaPananggalanAnomanIwak pitikISBNSèv puriBalkanDakota JohnsonIstanbulAksara JawaGalileo GalileiIftarFinlanFlorentino PérezCharles Greeley AbbotSurpanakaÉvolusiEncyclopædia BritannicaFédération Internationale de Football AssociationAsem lemakPratélaning kutha ing KanadhaBeskapSunan Gunung JatiBalap JaranAfrikaTransistor sambungan dwikutubSufismeAston Villa F.C.Dante Alighieri20th Century FoxÈnsiklopédhiWawancaraGambuhKemis PutihSurat Al FurqaanSurat Al QalamTembung garbaOdishaNATOIndonésiaAnak Jalanan (sinetron)Arab SaudiKapuloan CaymanKenongStéphane SessègnonBale Sigala-galaAugustusAloo mutterDéwi SukèsiKaskusSosis ItaliaWayback MachineLagosSahurWayang dongèngAnafilaksisFardhu KifayahSrikayaPucungSingaSelikuranOstraliLelara koronavirus 2019Bumi🡆 More