Tembung Nindita Lan Anindita

Tembung nindita lan anindita iku asalé saka basa Sangsekerta, kadhapuk saka tembung wod nid utawa nind.

Tembung wod nid utawa nind iku mengku teges baku (pokok) "cacad" lan "luput", déné tembung anindita mengku teges "tanpa cacad". Tetembungan anak anung anindita tegesé "anak (bocah) kang linuwih, kang tanpa cacad".

Owah gingsiring

Tembung Nindita Lan Anindita 
Tetembungan tirta marta ditegesi "banyu panguripan".

Sawatara, tembung kang asalé saka basa Sangsekerta utawa saka basa Jawa Kuna (basa Kawi) iku ing basa Jawa saiki sok ngalami owah gingsir. Owah gingsiring tembung iku ana kang magepokan karo pakecapané, upamané wwai (wway) dadi "banyu", wwalu dadi wolu, druhaka dadi duraka "duraka", dobya dadi darbé "darbe/duwe" lan ana uga kang magepokan karo teges utawa maknané. Tembung marta upamané, kadhapuk saka tembung wod mot kang tegesé "mati". Tembung marta ing jaman saiki ditegesi "urip", tetembungan tirta marta banjur ditegesi "banyu panguripan". Ing mangka, tembung kang satemené mengku teges urip utawa panguripan iku amarta "ora mati/urip". Saèmper karo owah gingsiring teges tembung marta iku, tembung nindita kang ing sakawit mengku teges "cacad", "luput", lan "ina" ing jaman saiki ana kang negesi "tanpa cacad", "linuwih", lan "pinunjul". Kanthi mangkono, anak (bocah) kang dijenengi Priya Nindita iku linambaran panggadhang (pangarep-arep) amrih dadi priya (bocah lanang) kang tanpa cacad (pinunjul utawa linuwih).

Uga delengen

Kapustakan

  • Harjawiyana, Haryana (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. kc. 67. ISBN 978-979-2100-51-8.
  • Harjawiyana, Haryana; Supriya, Theodorus (2001). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. kc. 3. ISBN 978-979-6729-91-3.
  • Padmosoekotjo, Sitam (1987). Gegaran Sinau Basa Jawa (Memetri Basa Jawi) (PDF). Surabaya: PT. Citra Jaya Murti. kc. 30–32.
  • Widati, Sri, dkk (2018). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 79–80. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba

Tags:

Tembung Nindita Lan Anindita Owah gingsiringTembung Nindita Lan Anindita Uga delengenTembung Nindita Lan Anindita KapustakanTembung Nindita Lan Anindita Pranala jabaTembung Nindita Lan AninditaBasa SangsekertaTembung wod

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Jonathan FrizzyOrbit2023Mie ayamJoko Susilo2002GCenilIgnatius LoyolaAustralopithecusSirimavo BandaranaikeManuel RoxasJakartaMerkuriusEuro1964Préfèktur GifuKuntibojaBurgundianPageblug Covid-19Jim MorrisonSirkon (Zirkon)JuliAkuariumBopomofoWayang kulit6Leche fritaBESusu untaPersiwa WamenaBlogMekanika lemah2024Pangidhèntifikasi Obyèk DigitalTogo1830Wuku Pahang1903PteranodonTandha kapangkatan TNI Angkatan DharatPersikSurat Al Anbiyaa’RamadanBaktèriWayangEzaki Glico1951Driji sikilWaring Wéra WanuaTokaido Shinkansen1986Angkah, Selemadeg Kulon, TabananSega kerabuRengginangPerangKarim Benzema3Chicago, IllinoisKim Hyun-joongNikahKalanjana1975FilemSurat Al JinTvOne1957TaunRanah internet tingkat paling dhuwurOksigènKacerdhasan gawéyanBuldakSerat Centhini🡆 More