basa Melayu-Polinesia basa Melayu-Polinesia Kulon basa Sundik Basa Jawa Kuna
Aksara Latin |
Bhāṣa Jawa, Bhāṣa Kawi | |
---|---|
Dipituturaké ing: | Jawa, Madura, Bali |
Kapunahan | Owah dadi basa Jawa Tengahan ing abad kaping-13 |
Rumpun Basa Klasifikasi: | basa Austronesia |
Status Resmi | |
basa mati | |
Kode Basa | |
ISO 639-1 | ... |
ISO 639-2 | ... |
SIL | ... |
Basa Jawa Kuna (krama Basa Jawi Kina) iku basa Jawa kang dipigunakaké wiwit kurang luwih abad kaping 9 nganti abad kaping 14. Basa Jawa Kuna kahanané isih bisa disinaoni jaman saiki amarga nalika iku basa iki wis ditulis. Basa Jawa Kuna akèh prabawa saka tembung Sansekerta. Akèh paninggalan prasasti lan karya sastra kang tinemu. Yèn prasasti-prasasti iki racaké ditulis ing watu utawa tembaga mawa aksara Jawa Kuna. Nanging yèn karya sastra racaké diawètaké ing Bali lan Lombok mawa naskah rontal, sanadyan uga ana naskah Jawa Kuna saka Jawa dhéwé, Tatar Sundha, lan Madura.
'*Déne caritané kang nggawa woh jambu, seduluré naga Taksaka, mèlu saka ing dhasaring bumi, si Taksaka dumunung ing sunguting jambu. Sang Brahmana ngasta jambu, ing sawisé jambuné kaatur, ngunèkaké pepujèn wéda, memuji slamet lan unggul mantra
Basa Kawi iku basa kasusastran. Basa iki bisa dhedhasar basa Jawa Kuna, nging durung temtu.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Basa Jawa Kuna, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.