Srikaya: Jinisé wit

Srikaya (basa Latin: Annona squamosa), iku tetuwuhan sing kagolong ing sajeroning génus Annona sing asalé saka laladan tropis.

Srikaya
Srikaya: Jinis, Srikaya Ganal, Khasiat
Woh srikaya
Srikaya: Jinis, Srikaya Ganal, Khasiat
Godhong srikaya
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Angiospermae
Unranked: Magnoliids
Ordho: Magnoliales
Famili: Annonaceae
Génus: Annona
Spésies: A. squamosa
Jeneng binomial
Annona squamosa
L.

Woh srikaya wanguné bunder, kulité matané akèh (kaya sirsat). Daging woh wernané putih.

Klebu semak semi-ijo langgeng utawa wit sing meranggas tekan 8 m dhuwuré. Godhongé selang-seling, prasaja, lembing mbujur, 7–12 cm dawané, lan ambané 3–4 cm. Kembangé tuwuh ing tandhan cacahé 3-4, saben kembang ambané 2–3 cm, kanthi enem godhong kembang/kelopak, kuning-ijo mawa bintil ungu ing dhasaré.

Wohé biasaé bunder utawa mèmper kerucut cemara, dhiameteré 6–10 cm, kanthi kulit benjol-benjol lan sisiken. Daging wohé putih, mèmper lan rasané kayapodeng.

Jinis

Srikaya ana sing rupané ijo. Srikaya kang rupané ijo duwé daging warna putih. Rasane legi. Nanging ana uga srikaya kang rupané abang rada wungu. Srikaya kang rupané abang rada ungu iki warna dagingé putih. Kang punjul srikaya wungu yaiku ambuné wangi lang rasané kang legi. Kajaba iku daging wohé empuk lan legit banget.

Srikaya Ganal

Srikaya ganal utawa srikaya malinau jeneng ngèlmiahé ''Rollinia deliciosa''. Srikaya kang ukurané gedhé iki tinemu ing Kalimantan Timur yaiku ing Kabupatén Malinau.

Asal

Srikaya malinau asalé saka Amérika tropis yaiku saka Mexiko nganti Peru lan Argentina. Ing laladan asalé srikaya malinau nduwé jeneng ''Biriba''. Srikaya iki bisa urip ing dhataran cendhèk tropis nganti sub tropis. Srikaya iki banjur nyebar ing kawasan Malesia yaiku ing nagara Malaysia, Filipina, Brunai, Papua Nugini.

Deskripsi

Srikaya ganal duwé wit kang dhuwuré kurang luwih 4-15 métér. Godhongé lonjong (élips), dawané 15-27,5 cm, ambané 7,5–10 cm, lan gagang godhongé 1 cm. Kembang srikaya iki suméléh telu-telu ing pang-pang. Wujud kembangé kaya lar mlengkung mendhuwur utawa kaya lampion lan ambuné wangi. Kembangé nduwé benangsari kang cacahé akèh,dhapuré dawa lan ana kantung sari ing pucuké. Bakal buah ana rambuté, tangkai putiké duwé wujud lonjong dawa.

Srikaya iki duwé kayu wernané kuning semu soklat. Kayuné rada atos lan bisa kanggo gawé perahu kano utawa perahu boat. Srikaya Malinau duwé ukuran woh kang gedhé. Bobote kurang luwih 1,5 kg. Wujud buahe rada lonjong lan dhiametere 7,5-12,5 cm. Kulit buah dihiasi tanduk kang jenengeareolus. Srikaya iki nalika isih nom wernane ijo lan malih kuning yèn wis mateng. Tandhane srikaya iki mateng yaiku yèn dipenyet krasa empuk. Daginge putih, alus tanpa serat lan ngandhut banyu. Rasané ora patiya legi lan ora patiya kecut. Srikaya malinau bisa dipangan langsung utawa dicampur es lan sirup.

Khasiat

Srikaya akèh banget paédahé tumrap kaséhatan. Woh kang uga diarani custard apel utawa sugar apple tumrap pelaut Inggris iki bisa kanggo ngalusaké kulit. Srikaya ngandhut antioksidan kaya ta vitamin C kang mbiyantu nglawan ''radikal'' bébas ing awak. Kalium kang dhuwur cacahé lan magnesium kang ana ing srikaya uga bisa njaga kaséhatan awak lan bisa ncegah lelara jantung.

Yèn kepéngin kulit katon ayu lan alus kanthi alami, srikaya bisa dadi alternatif. Srikaya duwé vitamin A kang bisa njaga kulit, ngalusaké kulit lan ngrawat kulit, kaséhatan rambut lan kanggo kaséhatan mripat.

Ora mung iku, srikaya uga duwé khasiat ngontrol tekanan darah lan mbiyantu normalaké pencernaan. Srikaya bisa diolah dadi sele roti. Srikaya uga bisa kanggo tamba sembelit lan nambani diare lan kanggo woh anti disentri.

Saka katrangan iku, srikaya kalebu woh-wohan kang wigati kanggo diét harian. Woh iki ngandhut magnesium kang akèh lan bisa nyeimbangké kandhutan banyu ing awak, ngilangake asem saka sendi lan ngurangi tandha-tandha rématik lan radang sendi.

Yèn awak kerep krasa kesel, srikaya uga bisa dadi obat. Amarga srikaya nduwé kalium kang bisa nambani otot kang lemah. Srikaya uga bisa kanggo obat anémia, awit akèh kalori. Yèn kepéngin nambah bobot awak srikaya bisa dipangan rutin. Srikaya nduwé kandhutan gula alami, mulané srikaya apik kanggo camilan lan buah yèn bar mangan.

Sele Srikaya

Selé srikaya yaiku selé kang digawé saka srikaya kang diblénder santen, endhog lan gula kang dimasak kanthi panas geni kang ora patiya panas lan ing wektu kang suwé saéngga dadi kentel kaya selé. Ana uga kang diwénéhi godhong pandan lan godhongsuji. Godhong pandan lan godhong suji iki marakaké selai srikaya dadi wangi lan wernane ijo.

Sele srikaya lumrahé dianggo mangan roti tawar. Sele iki dipangan kanthi dioléské ing roti tawar. Lumrahé kanggo sarapan utawa cemilan.

Pangaji Gizi

Srikaya sugih kandhutan ènergi panganan lan wujud sumber zat wesi sing becik.

Panrapan Tradhisional

Dipigunakaké déning sapérangan masarakat ing India kanggo ngramu tonik rambut. Wijiné uga didheplok lan diolèsaké kanggo mbasmi tumo rambut.

Gladri

Cathetan suku

Pranala njaba

Deleng Uga Woh-wohan

Tags:

Srikaya JinisSrikaya GanalSrikaya KhasiatSrikaya Sele Srikaya Pangaji GiziSrikaya Panrapan TradhisionalSrikaya GladriSrikaya Cathetan sukuSrikaya Pranala njabaSrikayaBasa LatinTetuwuhanTropis

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Sunan AmpèlCarita Aji SakaWingko babatReza RahadianHirohitoꦒꦸꦭꦶꦁTembung krama inggilAgama Yahudiꦱꦸꦛꦶꦭ꧀Akhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)BlangkonBremWaring Wéra WanuaJenang sungsumKresnaAchmad SoebardjoKuwé lapisShalahuddin al AyyubiEmha Ainun NadjibBenazir BhuttoAbdulrahman SalehSohanMegawati PrabowoTahu campurMarie AntoinetteBabiJoko WidodoVia VallenSrikandhiPramoedya Ananta ToerWunguSaronTèknologiJustin BieberIndhonésiaÈsYupiterGenetikaDedi NatadiningratCumbana silitMasuk anginHanyu PinyinBismaJeff BezosGatot NurmantyoKuwé kepithingNakulaLètnan SatuKerisPétrukPanakawanPakubuwana XIIGongMarshmallow katutup soklatAnak Jalanan (sinetron)Erling HaalandKahitnaSjumandjajaJawaPalung MarianaKutha NgayogyakartaGambuhTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)MarokoSesorahGobag sodorBabad Tanah JawiB-2 SpiritYin lan YangAtambua, Beluꦕꦸꦏ꧀PendhapaMark ZuckerbergHasyim Asy'arie🡆 More