Apel

Apel iku wohe bunder-bunder, kélir kulité ana sing ijo enom, abang (enom karo tuwa), ana uga sing campuran.

Apel
Apel
Woh apel (Malus domestica)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Rosales
Famili: Rosaceae
Subfamili: Maloideae
Génus: Malus
Spésies: M. domestica
Jeneng binomial
Malus domestica
Borkh.
Apel
Apel

Rasané legi ning ana uga sing radha kecut. Yèn wis dioceki dagingé arubah wujud keliré dadi radha soklat, nanging tetep bisa dipangan. Apel bisa di temoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa. Woh iki bisa minangka gawé wédangan. Apel kalebu tuwuhan taunan. Apel asalé saka Asia Kulon. Apel akèh urip ing laladan kanthi iklim sub tropis. Ing Indonésia apel wis ditandur wiwit taun 1934 nganti saiki. Saiki ''variétas'' apel saya dibudidayaké.

Klasifikasi

  • Divisio: Spermatophyta
  • Subdivisio: Angiospermae
  • Klas: Dicotyledonae
  • Ordo: Rosales
  • Famili: Rosaceae
  • Genus: Malus
  • Spesies: Malus sylvestris Mill

Ana warna-warna variétas saka Malus sylvestris Mill iki. Saben variétas duwé ciri utawa titikan dhéwé-dhéwé. Tuladhané yaiku Rome Beauty, Manalagi, Anna, ''Princess Noble'' lan Wangli/Lali jiwo. Variétas iku kalebu variétas unggulan.

Apel sing kaloka ing Indonésia iku apel saking Malang, jenengé apel manalagi.

Kena ing guna

Apel ngandhut vitamin C lan B. Saliyané iku apel kerep dadi buah kanggo diét dadi buah substitusi sega. Apel bisa dimasak dadi puding. Saliyané iku apel uga bisa dirujak, digawé ''pay'', digawé jus lan dipangan kanggo buah.

  • Apel bisa kanggo nambah kekiyatan balung
  • Apel bisa kanggo nyegah sakit asma
  • Apel bisa kanggo nurunake kolesterol
  • Apel bisa kanggo ngontrol diabetes
  • Apel bisa kanggo nyegah sakit kanker
  • APel saged nurunake bobot awak

Habitat

Ing Indonésia apel bisa urip subur ing dhataran tinggi. Séntra produksi apel yaiku ing Malang (Batu lan Poncokusumo) lan Pasuruan (Nongkojajar), Jawa Timur. Laladan liyané kang akèh ditanduri apel yaiku Kayumas-Situbondo, Banyuwangi, Jawa Tengah (Tawangmangu), Bali (Buleleng dan Tabanan), Nusa Tenggara Barat, Nusa Tenggara Timur lan Sulawesi Selatan. Sentra penanaman apel ing donya yaiku ing Éropah, Amérika, dan Australia.

Tuwuhan apel mbutuhaké sinar srengéngé kang cukup kanggo urip subur yaiku anatarané 50-60% saben dinané, luwih-luwih yèn wayah ngembang.''Suhu'' kang pas kanggo uripé apel yaiku 16-27 drajat C. Déné kalembaban udara kang dibutuhaké apel kanggo urip subur yaiku75-85%.

Cathetan suku

Gladri

Pranala njaba

Deleng Uga Woh-wohan

Tags:

Apel KlasifikasiApel Kena ing gunaApel HabitatApel Cathetan sukuApel GladriApel Pranala njabaApel1934AbangAsia KulonIjoIklimIndonésiaJawaLegiPuloSoklatTaunTropisTuwuhanWédang

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Cristiano RonaldoKupatAutoklafBanyuPrisoners (filem 2013)ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮBandeja paisaKabupatèn PandéglangCitra KiranaSlowakiaFatimah az-ZahraSurat Al QadrAyushitaAyu DewiJatim ParkNgantru, TulungagungMuhammad Arifin IlhamYoon Bo-miWali BandFilippo InzaghiKemanggaEmprit kajiSurat Al Qiyaamahꦠꦺꦭ꧀ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦱꦺꦭ꧀Bing Slamet977InformasiMendhoanJefri NicholMarcus RashfordPerang Donya IIToni KroosBiologiYouTubeGuwa PindulBluesPitik cemaniSintaKerata basaꦏꦺꦴꦩꦺꦠ꧀Lucas VázquezKarbitKwik Kian GieGongꦌꦤꦏ꧀ISO 4217Amazing Grace (filem 2006)PétrukSèngRahwanaDeswita MaharaniGabe NewellKabupatèn JombangPamaréntahOscar's OasisQin Shi HuangTiara AndiniRaffi AhmadSistem operasi komputerTedhak sitènXXX (filem 2002)ElektronikaKaris Alika IslamadinaPitikPuputanTanakhLaos (bumbu)ꦄꦛꦺꦴꦏꦺAlat kelaminNagita SlavinaKuwé tela wunguTembang dolananKabiskopan Namibe🡆 More