Gong
Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran kang gedhé dhéwé.
Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran kang gedhé dhéwé. Piranti iki racaké papané ing mburi dhéwé, digantung ing palangan gayor kang umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog duwé telung sèt gong.[1] Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan
Wujud
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter,[2] lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
Swara
Gong nduwé swara kang gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané, yaiku kanthi nadha 3(telu)
Fungsi
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing pérangan tinentu (lumrahé akir) iringan musik gamelan utawa dadi pratandha pungkasé sawijining tembang lan gérong dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambuka acara.
Deleng uga
Cathetan sikil
- ↑ joglosemar.co.id(dipunundhuh tanggal 30 Mèi 2011)
- ↑ [Mertosedono, Amir.1986.Sajarah Wayang. Semarang:Dahara Prize] (halaman 45)
<references>
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Gong, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.