Nangka

Nangka iku jinisé wit saha wohé.

Nangka
Nangka
Buah nangka
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Rosales
Famili: Moraceae
Génus: Artocarpus
Spésies: A. heterophyllus
Jeneng binomial
Artocarpus heterophyllus
Lamk.

Wit nangka kalebu suku Moraceae; jeneng ngèlmiahé yaiku Artocarpus heterophyllus. Sajeroning basa Inggris, nangka kondhang minangka jackfruit.

Katrangan

Wit nangka lumrahé duwé ukuran sedheng, nganti watara 20 m dhuwuré, sanadyan ana sing nganti 30 m. Wité bunder silindris, nganti watara 1 m garis tengahé. Tajuk wit nangka padhet lan ketel, bunder lan amba yèn uripé ing panggonan sing kabuka. Kabèh pérangan tuwuhan iki ngetokaké dhadhak putih kenthel yèn dikeret.

Godhong tunggal, nyebar, mawa gagang 1–4 cm, lembaré godhong rada kandel kaya kulit, kaku, pinggiré rata, lonjong kuwalik nganti jorong (dawa), 3,5-12 × 5–25 cm, kanthi pangkal nyiut mbaka sethithik, lan pucuké mèh lancip utawa rada lancip. Godhong mligi bunder endhog lancip, dawa nganti 8 cm, gampang rogol lan ninggal tilas kaya ali-ali.

Asal-usul lan sumebaré

Nangka dipitayani asalé saka India, yaiku wewengkon Ghats pérangan kulon, jinis-jinis liaré isih tuwuh ing alas udan (hutan hujan) ing tlatah iki. Saiki nangka wis nyebar ing laladan-laladan tropis, mligi ing Asia Kidul-wétan.

Deleng uga

Wacan

  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.

Pranala njaba

Deleng Uga Woh-wohan

Tags:

Nangka KatranganNangka Asal-usul lan sumebaréNangka Deleng ugaNangka WacanNangka Pranala njabaNangkaBasa InggrisFamiliaWitWoh

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

CenilNikelProfésorTembung YogyaswaraLuís FigoKarajan ManunggalLémAgama1981ErisOrtodoksTung Desem WaringinMartha Christina Tiahahu1917XXX (filem 2002)DurgaBatur tukonAntivirus komputerMasjid Menara KudusPagawéanYudas IskariotAlas tropisKarna14 OktoberSteve JobsFeni RoseDrama2021RengginangKuwé lapis25 MaretWikinewsKomputasiWukuKimiaTarakan TVSurat Al MuzzammilMünchenIan KaselaHeksanaSurat Ali ImranJawa Wétan1260RuslanBekicotSepur KertanegaraTanzaniaBasa BosniGedhang gorèngFanny Fabriana1708Apollo 11RomanisasiGisella Anastasia1894GuamDubaiDhènemarkenFosforBendiADO Den HaagYudhisthiraWiki FoundationKerata basaSamudra PasifikMarie AntoinetteAdeleRuwatanIridiumAlgoritmaAmérika Sarékat🡆 More