Blimbing

Wit Blimbing asalé saka Indonésia, India, lan Sri Langka, sarta akèh ing laladan Asia Kidul-Wétan, Républik Dominika, Brasil, Peru, Ghana, Guyana, Tonga, lan Polinesia.

Blimbing
Blimbing
Woh blimbing
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Oxalidales
Famili: Oxalidaceae
Génus: Averrhoa
Spésies: A. carambola
Jeneng binomial
Averrhoa carambola
L.

Blimbing ditandur kanthi komersial ing Amérika Sarékat, yaiku ing Florida Kidul lan Hawaii.

Deskripsi

Blimbing duwé jeneng latin Averrhoa Carambola. Blimbing dhapuré bunder lonjong lan nduwé rusuk landhep lincip kang cacahé lima. Blimbing rasané legi lan nggawé seger. Ing kalangan internasional blimbing dikenal kanthi jeneng star fruit. Kang ndadékaké blimbing dijenengi star fruit amarga yèn dikethok kanthi horisontal woh iki katon kaya bintang.

Habitat

Woh kang asalé saka India utawa Srilangka iki ora mung dibudidayakaké ing wewengkon Asia Tenggara kaya ta Malaysia, Thailand lan Filipina, nanging uga dikenal ing nagara-nagara kang duwé iklim sub tropis liyané kaya ta Amérika lan Australia. Blimbing gampang thukul ing panggonan kang dhuwuré 0-500 m ing sandhuwuré lumah laut lan kanthi curah udan kang dhuwur. Saliyané iku blimbing kudu éntuk cukup cahya srengéngé. Ing Indonésia, blimbing kang rasané legi akèh tinemu ing laladan Demak, Jawa Tengah.

Wit blimbing bisa ngembang saben taun lan bisa dipanén ping telu saben setahun. Saliyané blimbing woh ana uga blimbing wuluh utawa blimbing keris. Blimbing iki uga diarani blimbing sayur kang jeneng latiné Averrhoa bilimbi. Nanging blimbing sayur rasané luwih kecut lan lumrahé kanggo nggawe sayur utawa masakan ancasé kanggo ménéhi rasa kecut ing masakan.

Khasiat

Woh blimbing duwé khasiat dadi antipiretik lan ekspektoran,saéngga bisa dimanfaataké kanggo obat watuk kanggo bocah cilik. Blimbing ngandhut akèh vitamin C lan duwé manfaat kanggo antiinflasi, analgesik, lan diuretik, saéngga apik kanggo nambani watuk, sariawan, lara gorokan, obat demam, obat kencing manis utawa diabétes, lan kolésterol. Vitamin C kang paling dhuwur uga apik kanggo tamba kanker. Oyot blimbing uga duwé khasiat kanggo nambani lara sirah lan nyeri sendi. Saliyané iku, godhong blimbing uga bisa kanggo tamba radang lambung, radang kulit kang ana nanahé, lan bisul. Blimbing uga duwé provitamin A. Khasiat liyané, blimbing bisa nglancaraké pencernaan lan kanggo obat hiperténsi utawa blegudreg.

Nanging tumrap wong kang duwé lelara ginjel kudu ati-ati, amarga blimbing ngandhut akèh asem oxalic kang mbebayani.

Blimbing uga duwé akèh khasiat liyané.

  • Serat kang ana ing blimbing bisa nglancaraké prosès pencernaan
  • Blimbing ngandhut pektin kang bisa ngurangi kolésterol saéngga bisa kanggo diét supaya bobot awaké mudhun
  • Ncegah hépatitis lan pengerasan ati lan asem empedu kang manggoné ing usus lan mbantu ngétokna
  • jus blimbing bisa nyegeraké awak yèn lagi kesel

Gizi

Saben 100 gram woh blimbing ngandhut warna-warna nutrisi kang migunani kanggo kaséhatan.

Asil olahan

Cathetan suku

Deleng Uga Woh-wohan

Tags:

Blimbing DeskripsiBlimbing HabitatBlimbing KhasiatBlimbing GiziBlimbing Asil olahanBlimbing Cathetan sukuBlimbingAmérika SarékatAsia Kidul-WétanBrasilFloridaGhanaGuyanaHawaiiIndiaIndonésiaPeruRépublik DominikaSri LangkaTonga

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MarokoWage Rudolf Soepratman1777ꦢꦺꦴꦩꦶꦤꦺꦴSurya InsomniaJawa WétanKalkulusOmah GadangJangka sorongAksara CarakanYamanKoes Plus2 AprilSèntimèterSunan MuriaPangantènan adat JawaMijilCiracas, Jakarta WétanCoroPawadonanElvis PresleyBungahMasjid Agung JatisoboKroasiaFritz HaberUmbulNikelAlfred HitchcockKurt CobainBale Sigala-galaAdobe PhotoshopSaus jamurNasionalismeGoogle ChromePlexus brachialisSaté BloraNikita KhrushchevWulu (aksara Jawa)GuritaMadrimPelécéhan sèksualDolanan bocahParto PatrioPerang Sovyet-AfganistanGudhegWisanggeniGrahana srengéngéBal-balanTinjuKethoprakRebabVitamin ASrabiKomètMétabolit sékundèrDolananRuud van NistelrooyJaran képangFadel MuhammadVina PanduwinataAutotrofBendiCumbanaMonumèn NasionalSaronꦭꦧꦶꦫꦶꦤ꧀Kutha PrabalinggaPatiCesc FàbregasSochiTemu kunciAndy LauKabupatèn Bengkayang🡆 More