Kemis Putih

Kemis Putih iku Kemis sadurungé Paskah, ing Dina Riyaya Minggu Suci iki umat Kristen mèngeti Bujana wengi akir kang dibawahi Yesus.

Dina iki wujud salah siji dina paling wigati sajeroning kalèndher Gréja. Iki wujud dina pisanan saka dina riyaya Paskah, kang diwiwiti jam enem soré, lan suwéné pitung dina. Dina kemis putih iki uga diarani Kemis Suci (Inggris: Holy Thursday)

Kemis Putih
Kemis Putih
Bujana Mistik, Ikon karya Simon Ushakov (1685).
Uga ingaranKemis Suci
Covenant Thursday
Kemis Agung lan Suci
Thursday of Mysteries
DipèngetiKristen
JinisKristen / Sipil
Ancasmèngeti Bujana akir Yesus Kristus
PèngetanLayanan ngibadah / Misa; distribusi Maundy money
TanggalEaster − 3 daysCithakan:Infobox holiday/wd
Tanggal ing 2024date missing (please add)
GegayutanMinggu suci

Ritual Bujana Wengi sawisé iki ing saben misa utawa kebaktian dipèngeti minangka riyaya Ékaristi utawa bujana suci. Ing misa wengi iki, romo uga ngumbah sikil umat minangka pèngetan Yesus kang ngumbah sikil para muridé sajeroning bujana akir, leladiné Yesus ing donya sadurungé sédané.

Sebutan Kemis kang béda ing manéka nagara

Kemis Putih 
William Blake's Kemis Suci (1794).

Panggunaan jeneng-jeneng "Maundy Thursday", "Holy Thursday" lan kang liyané béda-béda ing papan-papan kang béda uga. Sing dadi tetimbangan lan mangaruhi 'jeneng-jeneng' iku yaiku budaya kono kagandhèng géografis lan kasepakatan waé. Ing Inggris cetha dipigunakaké "Maundy Thursday", nanging arang dipigunakaké ing kontèks Irlandia lan Sekotlan. Lumrahé umat uga ngétung dhedhasar tèknik kalèndher kono.

Gréja Anglikan migunakaké jeneng "Maundy Thursday" sajeroning buku tata ngibadahé, lan nganggep jeneng "Holy Thursday" iku jeneng alternatif kanggo Dina Mekrad. Nanging ing sanjabané tata ngibadah resminé, Jemaat Anglikan sok-sok migunakaké jeneng "Holy Thursday" kanggo dina sadurungé Jemuah Adi.

Gréja Katulik Roma, malah ing nagara-nagara kanthi "Maundy Thursday" dadi jeneng ing undhang-undhangé, migunakaké jeneng "Holy Thursday" sajeroning Buku Ibadah resmi basa Inggris ; nanging, kejaba sajeroning tèks-tèks iki, Umat Katulik Roma sok-sok migunakaké "Maundy Thursday", mligi ing Inggris.

Persekuthuan Gréja Metodis migunakaké jeneng "Holy Thursday!" sajeroning Ibadahé, nanging sajeroning sumber resmi, dipigunakaké "Maundy Thursday" lan "Holy Thursday".

Kaloro jeneng iku dipigunakaké déning denominasi Kristen kang padha, kalebu Gréja Luteran utawa porsi Gréja Reformasi.

Gréja Presbiterian migunakaké sebutan "Maundy Thursday" kanggo nuduhaké dina kang suci sajeroning sumber resminé.

Sajeroning Gréja Ortodoks Wétan, dina kanggo dina suci, sajeroning Ritus Bizantine, "Great and Holy Thursday" utawa "Holy Thursday", lan ing Ritus Gréja Kulon "Maundy Thursday", "Holy Thursday" utawa kaloroné.

Gréja Koptik Ortodoks migunakaké jeneng "Maundy Thursday" lan "Covenant Thursday" kanggo dina suci. Sajeroning Gréja Maronite lan Gréja Ortodoks Siria, "Thursday of Mysteries" utawa Kemis Misteri.

"Maundy Thursday" iku jeneng resmi sajeroning undhang-undhang saka Inggris lan Filipina.

Taun Liturgi
Gréja Ritus Kulon
Gréja Ritus Wétan

Réferènsi


Tags:

KemisKristenMinggu SuciPaskahTradhisiYesus

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Olimpiade Musim Panas 2012Wiki FoundationMekanika lemahDriji sikilPaus HyginusOlympus Mons1928MaduKuntibojaLawang SèwuParitas daya tukuFC DžiugasObahan Non-BlokKacerdhasan gawéyanAksara CarakanIrakSpesies jroning bebaya curesSekseOpor ayamAbad ping 3PanambangKalanjanaEmprit kajiWikisumberBlogJayaningrat (Patih Surakarta)Wikipédia2013SusuAustralia TerbukaSegara AbangSurat Al JinBernie SandersJéngkolSCTV2BDépartemèn ing PrancisKarbitA.F.C. WimbledonJonathan FrizzyInternational Standard Serial NumberSiramanWaring Wéra WanuaPaus FransiskusRadius PrawiroTransistor sambungan dwikutubBrandon SalimYoga wudaCakilSadéwa40SimaBrasilSetuSurat Al MujaadilahVivoDracula (novel)Mie ayamIgnatius LoyolaSMK Negeri 2 BloraKutha BandhungEmpon-empon1964Piknik wudaHanjaPengilon181951Pratélaning nagara bagéan Amérika Sarékat miturut cacah sirahMohammad Mahfud M.D.Hidrogen🡆 More