Setu Suci

Setu Suci utawi Setu Sepi (Latin: Sabbatum Sanctum - Dinten Sabat Suci) punika dinten sasampunipun Jemuwah Agung lan sadèrèngipun Minggu Paskah.

Setu Suci wujud dinten pungkasan salebetipun Peken Suci ingkang dipunriyayaken déning tiyang Kristen minangka cecawisan riyadi Paskah. Dinten Setu Suci mèngeti nalika badan Yesus Kristus dipunsarèkaken ing kubur sasampunipun ing dinten Jemuwah Agung séda kakisas. Minggu énjing (Paskah) Yesus wungu saking séda.

Setu Suci
Patung Kristus sumaré ing kubur. (Biara San Joaquín y Santa Ana, Valladolid).

Salebetipun Alkitab

Prastawa puniki dipunrekam ing salebetipun Alkitab ing Yohanes 19:38-42, ugi ing salebetipun katiga Injil Sinoptik (Matius 27:57-61, Markus 15:42-47, lan Lukas 23:50-56).

Sawisé iku Yusuf saka kutha Arimatéa
Yusuf iku wong precaya, nanging olèhé ndhèrèk Gusti Yésus sesidheman, awit wedi karo penggedhéné wong Yahudi
nyuwun idin marang Gubernur Pilatus diparengna ngukup layoné Gusti Yésus. Gubernur Pilatus ngidini, mulané Yusuf banjur mangkat njupuk layoné Gusti Yésus. Nikodémus sing biyèn tau sowan ing ngarsané Gusti Yésus ing wayah bengi, uga mangkat bebarengan karo Yusuf. Nikodémus nggawa mur lan gaharu sing wis diadoni. Kabèh boboté kira-kira telung puluh kilogram. Wong loro mau nuli ngudhunaké layoné Gusti Yésus, banjur diulesi kain mori sarta nganggo adonan sing digawa mau, miturut carané wong Yahudi. Ing panggonan sing kanggo nyalib Gusti Yésus mau ana petamanan. Ing petamanan kono ana kuburan anyar, sing durung tau dienggo. Sarèhné kuburan iku cedhak, mangka ésuké wis dina Sabbat, mulané layoné Gusti Yésus nuli disarèkaké ana ing kono.

Réferènsi

  • Parry, Ken; David Melling (editors) (1999). The Blackwell Dictionary of Eastern Christianity. Malden, MA.: Blackwell Publishing. ISBN 0-631-23203-6. OCLC 156905118.

Pranala njawi

Tags:

Basa LatinJemuwah AgungMinggu PaskahPaskahPeken SuciYesus Kristus

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Swami VivekanandaKeslametan panganCartoon Network24Bale Sigala-gala2011GezerCakilInsinyurJuan MataRépublik Rakyat CinaFanny FabrianaGunawan SudradjatAmaraSimaKacerdhasan gawéyanKasaktènTandha kapangkatan TNI Angkatan DharatPlutoMoldhophaSadéwaIndonesia Raya1918Préfèktur GunmaJihadSpacetoonTèknologi informasiÉkonomètrikaPaus FransiskusAlsaceSusuRadius PrawiroJakaYamaha L2 SuperLintas platformYodium1964FC DžiugasSurat Al QadrJayaningrat (Patih Surakarta)Cacah sirahAksara CarakanSkleraMetro-Goldwyn-MayerDeng XiaopingPteranodonA.F.C. WimbledonEmpon-emponPratélan pawiyatan luhur swasta ing JakartaKemangga86Brandon Salim1Komando Daerah Militer III/SiliwangiKalanjanaNikah1957Pageblug Covid-191830Prastawa BudayaJakartaPersija JakartaWikiquoteMerkuriusAustralia TerbukaKode BatangSpongeBob SquarePantsTransistor sambungan dwikutubKumbakarnaWikisumberWiki FoundationKartini🡆 More