Gezer

Gezer inggih punika asma sebuah kutha Kanaan kuna, ingkang kapéngkér ugi punika sebuah karajan, ingkang dipunsébat ing Alkitab Ibrani utawi Perjanjian Lama ing Alkitab Kristen.

Gezer (Ibrani: גֶּזֶר) inggih punika asma sebuah kutha Kanaan kuna, ingkang kapéngkér ugi punika sebuah karajan, ingkang dipunsébat ing Alkitab Ibrani utawi Perjanjian Lama ing Alkitab Kristen. Tel Gezer (ugi dipunsébat Abu Shusha utawi Tell el-Jezer), sapunika mnéika panggénan arkelogi ingkang wigati manggèn ing tengah-tengah antawis kutha Yerusalem lan Tel Aviv lan dados salah satunggaling taman budaya nasional ing Israèl. Ing Alkitab, kutha Gezer mliginipun gégayutan kaliyan Yosua bin Nun lan raja Salomo. Ing sajarah Mesir kuna, kutha punika dipunsébat-sébat ing kumpulan Surat Amarna.[1]Penemuan-penemuan ingkang gégayutan kaliyan Alkitab antawisipun inggih punika:

  • walu monumen batu raksasa;
  • gua beruang ganda ing ngandap panggènan pemujaan, ingkang manawi dipuinginaaken ing panggènan ngibadah;
  • 13 batu-batu batas bertulisan asma "Gezer", dadosaken panggènan ingkang kawiwitan saged dipunidentikaken kaliyan catatan Alkitab;
  • gerbang beruang 6 sami kaliyan ingkang dipuntemukaken ing Hazor lan Megido, sedayanipun dipunyakini punika tilas Salomo.
  • sistem pengairan ageng ingkang kapérang saking terowongan ingkang mandap ing sumber toya, sami kaliyan ingkang kapanggih ing Yerusalem.
Platform di Gezer

Lokasi

Gezer manggèn ing kaki pengunungan Yudea (dulu: pagunungan Efraim) ing wates lor Sefela (Shephelah utawi Shfela), kinten-kinten 30 km sisih kidul Yerusalem. Punika panggènan strategis ingkang wigati amargi manggèn ing persimpangan jalan raya internasional Via Maris ("Jalan Laut" utawi "Way of the Sea") ingkang nyusuri pasisir Laut Tengah kaliyan jalan ing Yerusalem lan Yerikho nglampahi lembah Ayalon. Kalihipun punika jalur dagang utama.Verifikasi identitas kaliyan panggènan ingnsebat ing Alkitab punika pikoleh saki basa Ibrani ingkang dpuniukir ing watu-watu pinten-pinten atus mèter saking pusat kutha. Seratan punika saking abad kaping 1 SM punika berbunyi "batas kutha Gezer."

Sajarah

Zaman Perunggu

Barkas:PikiWiki Israèl 8692 water plant in tel gezer.jpg
Saluran air ing Tel Gezer

Penghuni wiwit ing Gezer ing pungkasan milenia kaping 4 SM manggèn ing gua-gua ingkang dikpuneruk ing watu karang. Ing wiwitan Zaman Perunggu, panggènan punika ingkang boten berbenteng njangkepi laladan punika, ingkang dipunhancuraken ing pertengahan milenia ke-3 SM lan dipuntinggal ngantos atusan taun. Ing pertengahan Zaman Perunggu (pertengahan pertama milenia ke-2 SM), Gezer dados kutha ageng berbenteng. Dipunkelilingi kaliyantembok-témbok perlindungan ageng lan menara-menara, sarta dipunlindungi gundukan tanah liat ingkang dipuntutupi plaster setinggi 5 mèter. Gerbang kutha saking kayu, dekat suduh barat daya témbok, dipunperkuat kaliyan kalih menara.[2] Penemuan panggènan ngibadah ing ngriku wujud deretan 10 monumen watu raksasa, berjajar ing garis utara-selatan, ingkang inggil gadhah ukuran 3 mèter, kaliyan struktur altar ing tengah, lan kubangan watu ageng wujud bujur sangkar ing tengah-tengah. Kegunaanipun taksih dipunperdebataken, nanging dipunduga punika panggènan ngibadah Kanaan saking Zaman Perunggu Tengah, sawatawis taun 1600 SM.[3] Kota Kanaan punika dipunhancuraken déning api, manawi ing wanci punika penyerangan firaun Mesir Thutmose III. Sedasa saking surat-surat Amarna saking abad kaping 14 SM dipunkintun denig raja-raja (pemimpin-pemimpin) Gezer ingkang gadhah sumpah setia dateng Pirngon Mesir.[2] Ing pungjasan Zaman Perunggu (pertengahan kalihipun milenia ke-2 SM) sebuah témbok pertahanan énggal, setebal 4 mèter, dipunyasa. Ing abad kaping 14 SM, sebuah pura dipunyasa ing dataran tinggi sisih barat pusat kutha. Ing pungkasan Zaman Perunggu punika, Gezer bertambah lemah lan pendudukipun menipis jumlahipun. Gezer ugi dipunsebat-sebat ing Prasasti Merneptah ingkang dipundamel ing pungkasan abad kaping 13 SM.Kota-karajan Gezer (dipunsebat Gazru ing catatan Babilonia; boten sami kaliyan kutha modern Gaza ingkang dipunsebat Hazzatu) dipunperintahaken déning 4 pemimpin ngantos periode 20 taun miturut surat-surat Amarna sawatawis taun 1350 SM.[2]

Cathetan suku

Ndelengen Uga

  • Arkéologi Israèl
  • Salomo

Pranala njaba

34°55′08″E / 31.859°N 34.919°E / 31.859; 34.919

This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Gezer, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.